Meron
yaiku tradhisi mengeti kelahiran Muhammad ing di kacamatan Sukolilo, Pati, 27
km arah kidul saka kutha Pati. Tradhisi
iki ngandhut patang acara yaiku ulan-ulan, tirakatan, karnval budaya dan
arak-arakan gunungan Meron. Tradhisi meron dilaksanakake saben tanggal 12
Maulud taun Caka ing penanggalan Aboge, utawa sedina sawise tanggal 12 Rabiul
Awal taun Hijriah.
Mula bukane tradhisi Meron ing desa Sukolilo yaiku nalika
Kadipaten Pati lan Kerajaan Mataram duwé sesambungan paseduluran kang raket.
Kekarone sepakat ngrembakakake Islam lan ora gelem narima kekuasaan kang asing.
Akèh pandhékar sekti saka Mataram ditekakake ing Pati kanggo nglatih
kaprajuritan. Pandhékar-pandhékar iku kudu urip sawatara ing tlatah Pati.
Kacarita ana Demang Sukolilo asma Ki Suta Kerta. Panjenengane gadhah sadulur
asma Sura Kadam. Ki Sura Kadam gadhah pepinginan ngabdi marang Mataram, mula
enggala tindak menyang Mataram. Ing sawijining wektu
nalika tindak menyang Mataram, ing dalan panjenengané nemoni gegeran. Ana gajah
ngamuk saéngga bisa matèni wong. Banjur Ki sura Kadam ngusadani supaya gajah
iku bisa anteng. Ki Sura Kadam bisa numpaki gajah iku. Mula Ki Sura Kadam
diangkat dadi punggawa kraton Mataram kang ngurusi babagan gajah. Ing
sawijining dina Ki Sura Kadam kadhawuhan mimpin wadyabala mataram naklukake
Kadipaten Pati. Sawisé perang, Ki Sura Kadam sowan ing Sukolilo, ing daleme Ki
Suta Kerta. Nalika iku Ki Suta Kerta bingung lan wedi, wedi yèn panjenengané
uga mèlu dicekel lan digawa ing Mataram. Jebul iku mau kabèh kliru, Ki Sura
Kadam njlentrehake kang sabenere yèn péngin sowan kanggo nyambung tali
silaturahmi. Ki Sura Kadam nyuwun palilah marang Ki Suta Kerta supaya
panjenengané sarombongan bisa nginep sawatara ing Sukolilo nganti wektune bali
menyang Mataram. Sura Kadam mènèhi usul, nalika Muludan (ya iku Maulud Nabi)
ing Sukolilo dianakake acara kang kaya Sekatenan, gawé rame-rame lan niru-niru
(tiron) acara Sekatèn. Acara iku banjur kajenengake Meron, saka tembung rame
lan tiron.
Kirab
arak-arakan diwiwiti dening kirab gunungan saka Yayasan Sultan Agung Sukolilo
marang Mesjid Sukolilo minangka sarana njangkepi upacara selametan. Gunungan
kuwi isine maneka warna panganan ing digawa dening petinggi lan perangkat desa.
Saliyane kuwi, uga ana sega tumpeng sing melu di arak, sega tumpengan kuwi sing
diarani Meron. Ing arak-arakan Meron, gunungan-gunungan kuwi mau duweni ciri
khas, amarga gunungan iku dibagi dadi telung pérangan, ya iku:
1. Bageyan
paling dhuwur ya iku mustaka kang dhapuré lingkaran kembang manéka warna kang
isinéné pitik jago utawa masjid. Pitik jago duwé teges minangka semangat
keprajuritan, masjid duwé teges minangka semangat keislaman, lan kembang simbul
paseduluran.
2. Bageyan
kapindho gunungan digawé saka roncean ampyang utawa krupuk manéka warna kang
digawé saka tepung lan cucur. Ampyang ngemu teges minangka tameng utawa perisai
prajurit lan cucur lambang tekad manunggal.
3. Bageyan
katelu ingaran ancak. Ngemu teges minangka simbole iman (ancak ndhuwur), ancak
tengah simbole Islam, lan ancak ngisor simbul ikhsan.
Nalika
gunungan wis tekan Mesjid Sukolilo, para warga banjur nganakake upacara
slametan. Meron sing diarak cacahe ana 13 meron sing duweni pralambang cacahe
perangkat desa. Prosesi Meron iku uga
dibarengi manéka warna jinis kesenian tradhisional laladan iku. Sawisé upacara
selametan, Sega Meron diwènèhake marang warga kang mèlu nonton.
.jpeg)
.jpeg)
.jpeg)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar