Jejer
Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang
bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus.
Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune
arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas
Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi
kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning
Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu
Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang
sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus
ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.
Ing
Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus
Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya
peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang
bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
Salajengipun,
Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat
dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan
daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon
marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong,
perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing
Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira
kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun
senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala
Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna.
Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih
punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar