Menteri
Koordinator Bidang Politik, Hukum dan Keamanan (Menkopolhukam) Hadi Tjahjanto
njlentrehake yen akeh mahasiswa saka Indonesia sing diduga dadi kurban Tindak
Pidana Perdagangan Orang (TPPO) ing Jerman, cacahe nganti 1900 mahasiswa.
Menkopolhukam di temoni
nalika ngecek pengamanan ing Greja Katedral Jakarta, kamis (28/3).
Piyambake mbabar yen Kemenpolhukam isih mbudidaya ngidhentifikasi mbok menawa
para mahasiswa dadi kurban TPPO kanthi kedhok program magang ing Jerman. Saiki,
Hadi arep koordinasi karo instansi-instansi sing ana gandheng cenenge karo
prekara TPPO iki.
”Kanggro ngrampungake prekara iki, Kemenkopolhukam bakal
koordinasi. Sing sepisanan koordinasi karo Dikti (Kementrian Pendidikan
Kebudayaan dan Pendidikan Tinggi), sing kaloro arep koordinasi karo Polri,
katelune arep koordinasi karo Kementrian Luar Negeri kanggo ngidhentifikasi
kepriye carane anggone ngirim para mahasiswa kasebut saengga mengko bisa di
pilah-pilah cara sing paling apik kanggo nylametake para mahasiswa kuwi.
Udakara ana mahasiswa cacah 1900 sing wis diidhentifikasi,” Kandhane.
Hadi Tjahjanto nalika ditemoni ing Jogjakarta
njlentrehake yen Kemenkopolhukam bakal nggawe tim khusus kanggo nylidhiki anane
TPPO sing kurbane para mahasiswa saka Indonesia. Banjur, nalika ditemoni ing
Katedral, Hadi negesake yen pihake bakal mandhegani langsung tim khusus kasebut.
Tim kuwi bakal diisi wakil saka kementrian sing ngurusi Pendidikan Tinggi,
Bareskrim Polri lan Kemlu.
Kasus dugaan TPPO ing kurbane para mahasiswa saka
Indonesia ing Jerman iki wiwit keendus nalika pertengahan sasi Maret 2024
kepungkur. Bareskrim Polri wiwit nylidhiki kasus kuwi sawise nampa laporan saka
KBRI ing Jerman.
”Para mahasiswa ing kana dipeksa nyambut gawe kanthi cara
nonprosedural, nganti ngakibatke para mahasiswa dieksploitasi,” ujare Direktur
Tindak Pidana Umum Bareskrim Polri, Brigjen. Pol. Djuhandani Rahardjo Puro ing
Jakarta. Nganti saiki Polri wis netepake tersangka cacah lima yaiku ER alias EW
(39 taun), A alias AE (37 taun), AJ (52 taun), AS (65 taun) lan MZ (60 taun).
.jpeg)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar