Translate

Kamis, 04 April 2024

CONTOH PAWARTA TV

 

Adhedhasar asil panaliten lan  pemeriksaan sawetara wektu Waduk Gembong Pati isih bisa dinyatakna normal. Senajan mengkana sedulur jajaran pemerintahan desa lan kecamatan dijaluk kudu tetep waspada lan ati-ati yen saupama ana kadadeyan apa-apa.

Waduk Gembong pancen umure wis ana 105 taun. Nanging saka asil panaliten lan  pemeriksaan kondisine isih dinyatakna aman. Pernyataan iki disampekna nalika  acara sosialisasi ”Rencana Tindak Darurat  Waduk Gembong”  kang dilaksanakna  ora sawetara suwe sasi Desember kepungkur dening Kementrian Pekerjaan Umum Direktarat Jendral Sumber Daya Air  Satuan Kerja  Direktarat Sungai dan Pantai. Dhek wingi esuk ning ruang  pertemuan Joyakusuma Sekda Pati. Kegiatan sosialisasi kang ditekani Bupati Pati Haryanta uga turut teka camat  lan instansi-instansi kang wilayahe diileni Waduk Gembong. Sajroning sambutane Bupati Pati Haryanta nanggepi apik laporan iki. Nanging pihake tetep wanti-wanti supaya  pemerintahan desa nganti kecamatan kudu aweh sosialisasi supaya masyarakat luwih paham lan tanggap yen saupama sawayah-wayah ana masalah.  

Ngenani sosialisasi kang dilaksanakna iki dikarepake dadi tindak lanjut saka kegiyatan sosialisasi serupa kang dilaksanakna ing sasi Juli kae.

Saka Pati, Sandi Asmaradana, Simpang Lima TV

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...