Translate

Kamis, 04 April 2024

Mbalekake Kencana Rukmine Seni Bathik Indonesia

Dening Moch. Nursyahid P

Mundure seni bathik Indonesia ora mung amarga kalah saingan karo pangrabasane bathik cap kang diproduksi klawan gedhen-gedhenan lan regane luwih murah, nanging uga saka regenerasi sing mumpuni olah seni bathik durung kober kepikir. Apa maneh bareng generasi mudha samengko kari siji loro kang ketarik sinau mbathik. Mbathik kang pawitane kudu tliti, sabar lan tlaten kuwi dianggep mung mbuwang wektu wae, pegaweyane priyayi kuna sinambi kalaning nganggur, kang rekasane ora sumbut karo asile. Sesebutane Sala minangka kutha bathik, samengko kaya-kaya mung kari jeneng bae, bareng Kampung Laweyan Sala lan sakiwa tengene kang nalika semana kondhang minangka kampung bathik sing bisa nguripi buruh pirang-pirang lan kulawargane, saiki sepi nyenyet kaya kuburan. Sisa-sisane jaman kencana rukmine bathik Laweyan, saiki kaya monument mati, arupa omah gedhong magrong-magrong kang dipageri tembok dhuwur kaya beteng kraton sing saya suwe saya kropos kepangan jaman, mujudake seksi bisu kombak kombuling seni bathik Sala.

      Solo International Batik Exhibition (Sibex) 2004 kang digelar ing pendhapa agung Mangkunegaran dhek tanggal 29 September nganti 3 Oktober ora mung ngadani pameran produk industri bathik/ kain tradhisional kang paling pepak lan paling gedhe ing Indonesia kanggo nyengkuyung Sala minangka kutha Budaya lan Pariwisata Internasional bae, nanging uga minangka forum kanggo tukar pikiran lan wawasan amrih bathik utawa kain tradhisional Indonesia bisa kuncara maneh sarta dadi industri kang mandhiri.

      Sibex 2004 sing kepengin ngangkat harkat, martabat  lan mbangkitake seni bathik Indonesia, uga nggelar simposium kanthi ngundang pakar-pakar kanggo njaring gagasan kepriye amrih produk seni bathik / kain tradhisional Indonesia bisa maju. Kejaba iku uga dianakake workshop kerajinan, demonstrasi mbathik saka pirang-pirang generasi, fashion show, lomba busana nasional, lan lomba model cilik kang nganggo busana kain tradhisional, minangka upaya kanggo ngrengsengake apresiasine masyarakat marang seni bathik/ kain tradhisional.

(Panyebar Semangat, Nomer 46, tanggal 13 Nopember 2004 kaca 17).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...