Awal
wulan Ramadhan iki, klenteng Hok Tik Bio Pati duwe kawigaten marang para warga
muslim kanthi nganakake kegiyatan mbagi-mbagi takjil kang digelar ana ing dalan
Setyabudi, dalan Pemuda persise ana ing sekitare Prapata Jago sebelah wrtan alun-alun.
Acara iki nglibatake saka Polres Pati, Kodim 0718/Pati, tokoh Agama, GP Ansor,
IKKP lan SMP Negeri ing Pati.
Kagiyatan
mbagi takjil kang diwiwiti udakara jam 4 sore nganti jam 5 sore. Dene takjil
sing dibagi ana 5000 luwih cacahe, sing isine maneka warna jinis panganan arupa
arem-arem, kolak, inuman, lan jajanan liyane. Acara kasebut entuk kawigaten
saka warga masyarakat sing padha ngliwati ing sakiwa tengene Klenteng Hok Tik
Bio dalan Setyabudi lan dalan Pemuda.
Ketua
Klenteng Hok Tik Bio Pati, Edy Siswanto ngandharake kegiyatan mbagi takjil iki
minangka bageyan rasa syukur lan ngurmati pemeluk agama liya, khususe umat
islam ing wewengkon pati sing lagi nglakoni ibadah pasa Ramadhan. “Acara iki
wis lumaku saben taun ngepasi sasi pasa, kanthu tujuwan kanggo ngraketake
paseduluran antarane sesama umat, kajab ing kutha pati, pembageyan takjil uga
asring digelar ing kecamatan Juwana.” Kandhane.
Panjebar Semangat No. 24, 16 Juni 2018

Tidak ada komentar:
Posting Komentar