I. Parikan
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata
kramane utawa unggah-ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa
wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa
miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa. Babagan unggah-ungguh basa
di butuhake banget ing jaman moderen iki. Emane, basa krama kurang kaajarake
marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal di ajari kepriye
tuladhane pacelathon arang wong kang luwih tuwa.
Unda-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko
lan basa krama. Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis
kulina utawa satataran. Dene basa krama kagunakake kanggo sesambungan karo wong
kang durung kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa.
Parikan
yaiku unen-unen
kang kedadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo purwakanthi swara utawa
purwakanthi sastra. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra, saben sagatrane
isine 4 wanda utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara kapindho iku
wose utawa isi bakune. Ing basa Indonesia parikan diarani pantun.
Tuladha:
1.
Manuk emprit, nucuk pari
dadi
murid, sing taberi
2.
Wajik klethik, gula jawa
luwih
becik, sing prasaja
3.
Gudheg manggar bumbune mrica ketumbar
lamun sabar, bisa lejar serta binger
II.
Wangsalan
Wangsalan
yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban)
srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan lan
tembang.
Tuladha wangsalan padinan
1. Janur
gunung esuk-sesuk dolan mrene
janur gunung : aren (kadingaren)
2. Sekar
aren, sampun dangu-dangu
(sekar/kembang aren : dangu)
3. Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
roning
mlinjo: so
Wangsalan
kang kanggo ing tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak.
Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi
Kinanthi subakastawa.
Tuladha.
1. Petis
manis, sarining kaca benggala (4+8)
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2. Jenangsela
wader kalen sasonderan (4+8)
Apuranto yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3. Balung
geni, kalong lit kang aneng wiSMK (4+8)
Dhuh pra siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)
4.
Jirak
pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta
Sinambi kalaning nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Kinarya langen pribadi
Batangane:
- Jirak pindha
munggwing wana = wit kesambi.
- Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk
(kala).
- We rekta kang muroni = iket.
- Baon sabin = karya.
Jenisé Wangsalan
·
Wangsalan
lamba yaiku wangsalan kang
mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang
kadadean saka rong gatra.Gatra kang ngarep isi wangsalan, gtra sing isi
batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo
kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
·
Wangsalan
rangkep (camboran) yaiku
wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep
kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara
kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu,
sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula.
·
Wangsalan
memet yaiku wangsalan sing
carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping
pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
·
Wangsalan
padinan yaiku ana sing
nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga
wong-wong sing padha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis
krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan
gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api
ora krungu.
·
Wangsalan
mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek).
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24
wanda Kang mawa paungeran
(4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih
saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara
kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane.
Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4
wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda +
8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
·
Wangsalan
edi-peni yaiku wangsalan
sing mawa paungeran .
1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan
rangkep)
2.
Saben
saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan)
mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
·
Wangsalan
kang sinawung ing tembang
yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu,
sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan
guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah
manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane
wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati
muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta
si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
·
Wangsalan
kang sinawung ing tembang
yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo
wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha
manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih
janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = durung tetep, isih kudu janji
maneh, sendhe, bisa uga wurung.
·
Carané
ngarang wangsalan sing
dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang
perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep
(ukara kang isi wangsalan) tiba keri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar