MUNG SAUKARA
Udan dina iki ndadekke kahanan krasa adem,
tetekan banyu kang terus ndilat gendheng
halte saka langit kaya srengenge kang terus menehake padhang panerangane marang
kabeh makhluk kang mbutuhake penerangane, ngancani Bowo kang ngenteni padhange
langit. Wis arep sajam olehe Bowo ngenteni terange udan, nanging udane ora
malah leren, udane tambah deres lan kala kala kemrungu bantere suara bledek
kang pengin ngendelake kadigdayane.
Kahanan ana ing halte kang mulane adem
njekut, langsung ilang ora wani ngatonake wujude. rasa atis kang mulane
dirasakna Bowo langsung ilang sanalika dheweke ngerti ana bocah wadon kang melu
ngiyup ana ing jejere. Bocah iku jenenge Rini, dheweke kanca sa-sekolahan karo
Bowo. Deg-degan atine Bowo nalika Rini kang ngrasa ing halte kuwi ora mung
dheweke, noleh ning Bowo lan menehake eseme kang luwih manis tinimbang
paribasan “eseme pahit madu”. Amarga nganti gugupe, ngerti eseme Rini kang
manis kuwi, Bowo malah dadi salah tingkah, dheweke mung bisa meneng wae karo
tetep mandengi Rini. Bowo ngrasa yen udan dina iki ora mung nyeblokake banyu
kang semana akehe ana jagad iki, nanging ya melu medhunake widadari kang
manggong ana langit,
“Subhanallah, ora bakal ana kang bisa
ngalahi kadigdayane Gusti Kang Kuasa.” Guneme Bowo ana jero ati.
Ananginng
durung suwe anggone Bowo ngenteni terange udan, moro moro dheweke kaget nalika
ana mobil merek Jazz kang mandeg ing
ngarep halte. Rini kang mangerteni yen bapake wis teka nalika mapak, langsung
nyangking tas karo gage gage mlebu mobil. Mobil kang ditumpaki Rini
mlaku banter, nerak derese udan kang durung leren leren. Ndeleng kedadeyan mau,
bowo mung mlongo mandengi mobile Rini kang tambah suwe tambah mlaku adoh.
Bayangan widadari widadari kang mubeng mubeng ana pikirane Bowo, langsung bubar
karepe dhewe. Ora let suwe, udan kang ora ana mandeg-mandege olehe nggebyur
jagad iki, sitik saya sitik terang. Ora nganggo pikir pikir meneh, Bowo
langsung marani sepedhahe kang di sendekake ana mburi halte. Dalan aspal kang
katan ireng, isih lunyu amarga udan kang
rada suwe mau, semana uga atine Bowo, kang isih krasa lunyu amarga ketibaan
widadari kang tiba karo tetekang banyu udan mau lan wektu iku, ana ing atine
Bowo nyimpen rasa tresna marang Rini, kanca sekolah kang pisanan ketemu nalika
ngenteni terange udan.
Angkasa katan resik, padhang
jingglang ora ana mendung senajan mung sak suwir. Maruta kang gawe gegodhongan
ana pinggir dalan katon kaya lagi ngawe-ngawe pengin nyeritakake cerita cerita
kang wis suwe diempet dhewe, rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa pilih
kasih, menehi katentreman marang sakabehing makhluk kang isih ngrasa kaget
krungu swara bledeg sawise udan mau, nyenggol tanduran suket suketan ana
pinggir dalan, sumrambah ana sakabehing panggonan kanthi warata, lan pelangi
kang semampir ana langit nambahi endahing kahanan sewise udan. Kahanan
kang endah kuwi ora bisa ngalahi senenge atine Bowo. Apa wae kang kepikiran
karo Bowo, langsung dadi katan becik. Dalan aspal kang ora bisa dikandakake
lurus, dilewati Bowo karo sumringah. Sawise ban sepeda nglewati pager ngarep
kos kosan, Bowo langsung nglakoni apa kang angger dina dilakoni sawise mulih
sekolah. Ora lali Bowo jupuk banyu wudhu, sholat nyembah marang Gusti Kang
Agung. Edi kanca sakost-kostane Bowo, bingung nalika nyawang kancane kang kawit
markirke sepedha nganti bubar mangan tetep masang ekspresi mesem, karo rasa
penasaran Edi nyedaki Bowo kang katan sumringah banget.
“ Wo, kowe iki sabenere kesambet setan
saka endi ta? ” takone Edi.
“ Ora setan, Di, widadari, widadari saka
halte,” semaure Bowo karo tetep mesam mesem dhewe.
“Pancen kok kowe iki, ing endi-endi cerita
widadari iku medun saka kahyangan, lah iki kok lucu, medhun kok teka halte iku
nak ora widadari salah gaul ya ora ana.” Edi
jawab karo nggodha Bowo.
“Ora kok, pokoke ana mau, tapi sayange wis
lunga, Di, ya wis lah mengko maneh tak kandani.” Bowo kang isih tetep mesem, ninggal Edi kang
isih penasaran karo Bowo.
Wengine,
Bowo kang isih penasaran karo Rini, njajal takon takon karo kanca sakelase Rini
kang dikenal dheweke. Wengi iku Bowo nge-sms-i kabeh nomer kang diduweni. Senajan wis mubeng-mubeng olehe
Bowo njaluk nomer, nanging Bowo ora ngrasa kesel. Ndilalah ana kancane Bowo
kang usil, nomer kang diwenehke Bowo ora nomere Rini, nanging nomere sedot WC
kang ditempel ana wit ngarep omah. Bowo bungah banget nalika wis bisa entuk
nomere Rini, karo rada rada gugup Bowo nelpon nomer kuwi. Supaya Edi kang lagi
delok TV krungu yen Bowo kasil nelpon Rini, hpne Bowo di loadspeaker.
“
hhhhh…hhhhaa..lo?” omonge Bowo karo gugup.
“iya,
sedot WC Sumber Barokah, ada yang bisa
saya bantu?” jawabe customer service
sedot WC.
Edi
kang critane arep diiming-imingi Bowo malah guyu kekelen, nganti njungkel saka
kursi kang dinggo lungguh. Bowo kang maune masang ekspresi malu-malu kucing, saiki dadi masang ekspresi kucing salah gaul. Rupane Bowo kang mulane putih resik saiki dadi
abang kaya godhong katirah. Ngrasa isin, Bowo langsung mateni telepone.
“Aduh,
Wo, Bowo, yen dadi jomblo iku ojo
kebangeten, aku ngerti yen malem minggu iku ora ana ning tanggalane jomblo, tapi ya aja nganti nggodha sedot
WC ngunu ta… hahahahahahah.” Kandhane Edi karo ngguyu kekelen.
“Sapa
kang nggodha, ngawur kowe iku, Di, aku iki arep jaluk nomere Rini, lha ana kang
menehi kan ya seneng ta, ndilalah ora Rini kang jawab, malah sedot WC. Ora beja tenan iki.” Semaure Bowo karo
isih ngempet isin.
Edi kang ngrasa saake karo Bowo njajal menehi
solusi, Edi kang kebeneran duwe nomere Rini, langsung mlebu kamar karo jupuk
hp.
“Wo, kang mbok maksud iku Rini bocah kelas
X.3? yen bener iku ya aku duwe nomere, lha wong Rini kanca ekstrakulikulerku kok.” Takone Edi.
“ Halah, bray, bray, ora gelem
kandha aku kawit mau, ngana kan ora usah nyasar ta..”
“Lha kowe ya ora takon aku, ya wis iki
nomere, yen bener kowe wani, ajaken ngomong. TAK ENTENI..”
Bowo cepet cepet
ngetik nomer kang diwenehi Edi. Ngrasa yen mau wis salah sambung, Bowo malah
dadi gugup, keringet kang metu, netes deres saka raine Bowo.
Tuuuutt…..tuuutttt………ttuuuuuuuuuuttt……, Bowo isih benget gugupe kanggo jawab
balesane Rini.
“Hhhhhhaaaaalllloooooo……..Riiiiinnnniiiiiii” gemeter anggone Bowo nyapa Rini.
“He-em, halo, iki sapa ya?” jawabe Rini.
“Hhh..aaaa….lll…ooo?”
“Iiyyyyaaaa, iki nomere sapa ya?”
Bowo krungu suarane Rini kang alus lan
enak dirungokake, kudu semaput, nanging ana Edi kang nampani Bowo teka mburi. Bowo
tetep jajal ngomong senajan ora jelas.
“H….a…l…o..”
“Iya,ana opo ta sebenere…?”
Tut..tut..tut..tut..tut..tut..tut..,
ngrasa yen kang nelpon Rini rada rada ora jelas, telepone Rini langsung
ditutup.
Bowo
lega nalika telepone Rini ditutup, senajan Bowo jawab ora jelas, nanging
dheweke tetep seneng. Edi ngandani Bowo kang isih guya guyu karo nyekel hp.
“Wo, kabeh kuwi ana wektune dhewe dhewe.
Ora apik yen kowe nindakake penggawean kang ura pas wektune. Kayata kowe karo
Rini, kenal wae durung, ya ngana kuwi ta, kowe ngomong karo Rini wae durung
siap”
“Iya, Di, ana benere kandhamu kuwi” jawabe Bowo.
“Yen kowe tenan anggonmu tresna karo Rini,
lan kowe gelem serius karo Rini, disiapke dhisik teka saiki mateng-mateng,
dienggo motivasi Wo, sinaune ditekuni, mengko endinge ya mesti happy.”
Bowo ngrasa yen kandhane Edi kuwi bisa
dienggo tuladha lan dheweke mikir, apa wae yen pas dilakoni ing wektune mesti
menthi akeh senenge.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar