Tembung ringkesen mono saemper tegese karo tembung ikhtisar. Tembung loro
iku mujudake andharan cekak saka wacana kang asli. Diarani andharan cekak,
amarga ing ringkesan ora ngowahi bakune isi wacana. Bedane kang baku, ringkesan
isih tetep njaga urut-urutan isine wacana asli, dene ing ikhtisar ora njaga
urut-urutan mau.
Ngringkes iku njupuk
pokok-pokok isine wacana kang dianggep penting utawa wigati. Kanthi ringkes,
wacana kang dawa lan ngambra-ngambra bisa digawe luwih cendhak, nanging bab-bab
kang penting ing wacana iku isih bisa ditemokake.
Cara kang gampang supaya
bisa nemokake pokok isine wacana yaiku kanthi nemokake gagasan kang pokok saka
wacana kang diringkes. Bab-bab kang ora utawa kurang penting kang dudu pokoke
isi, kayata cacahe ( kuantitas ) barang, bobote ( kualitas ) dhata, lan
jeneng-jenenge panggonan dilebokake ing ringkesan mung menawa bab kasebut
dianggep penting banget.
Sawise nemokake pokoke
gagasan utawa pokok pikiran, banjur digoleki apa isine kang baku. Bakune isine
iku banjur diandharake nganggo basane dhewe nanging urutane ajeg, ora owah.
Sajrone nggawe ringkesan, becike ora maca wacana mau, cukup
nggathuk-nggathukake pokoke gagasan utawa pikiran kang wis dicathet.
Sing diarani wacana narasi yaiku wacana kang mbudidaya
nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe
utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku
wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning
prastawa, kang winates ing sawijining wektu (wektune tartamtu). Wacana naratif
ana werna loro, yaiku:
- Narasi ekspositoris (narasi nonfiksi), yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu utawa apa anane. Upama jeksa nyritakake kedadeyan
rajapati ing pengadilan.
Kadakwan Irfan teka
menyang Pengadilan Agama Sidoarjo tanggal 21 September 2005. Sidhang perkara
dhum-dhuman barang gono gini dibukak dening majelis hakim kang ditetuwani
dening Basuni SH, Moh Toha SAg (hakim anggota) lan Drs. A Taufik (hakim
anggota). Inti putusan hakim agama nyebutake donya brana antarane kadakwa lan
Ny Eka Suhartini arupa bangunan omah, Honda Accord pengaji Rp 240 yuta,
tabungan bank Rp 18 yuta kudu didum loro. Jalaran ora narimakake marang putusane hakim iki, sakala kadakwa nyuduk
wetenge korban (Ny Eka Suhartini). Korban mbudidaya mlayu nuju lawang mburine
meja hakim, kadakwa nguber korban karo ngethung-thungake ladinge. Jalaran
dianggep ngalangi tumindake, kadakwa ngalihake kanepsone marang A
Taufik…jras…jres..jras..jres. Lading kang ditamakake marang hakim anggota iki
akhire gawe oncate nyawa loro.
- Narasi sugestif (narasi fiksi), yaiku wacana kang ngracik kanthi
runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca
terus bisa njupuk makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing wacana
mau. Tuladhane: dongeng lan
novel.
Tuladha:
………………………………………………………………………………………..
Rada cingak ajag,
padha sakala lamune buyar. Makhluk sing jarene kancil menungsa iku jebul mung
wujud wong lanang sing mlaku gleyang-gleyong kekeselen saka arah alas. Babar
pisan ora duwe cakar lan suing sing pating crengingih. Mung pundhake sing
manggul kayu kelet karo wesi sing ana bolongane ing pucuke. Mbuh apa jenenge.
“Wah nek mung kaya ngono wujude menungsa lha mbok sewidak
rolas bae aku ora bakal wedi cil,” sumbare ajag sombong.
“Ya wis nek ngono adhepana”.
Mak semperat! Ajag
mencolot metu saka papan pandelikane. Weruh ana kewan sing sajake arep
nyerang menungsa sing satemene pemburu iku enggal ngarahake bedhile menyang
ajag.
“Dhor!!”
Swara jumedhor iku metu saka kayu lan wesi sing tumempel ing pipine menungsa
kasebut. Sakala saka endhase ajag muncrat getih seger. Gembunge ngglimbung lan
ora obah selawase. Sajrone trenyuh, kancil mesem. Dheweke slamet.
Amanat
kang bisa kajupuk yaiku: uwong kuwi ora kena sombong sanajan duweni
kaluwihan amarga sombong gawe lali marang kakurangane.
Tuladha
liya narasi yaiku:
v Roman,
novel, dongeng
v Biografi,
otobiografi
v Anekdot,
insiden
v Sketsa,
profil.
Struktur
wacana narasi:
- Biyasane
narasi diwiwiti gambaran crita kang arep ditulis. Ing tahap iki penulis
nepungke paraga crita, wektu lan panggonan kedadeyan utawa crita. Ing
tahap iki biyasane digawe “atmosfir” supaya sing maca kepingin terus
anggone maca dalan crita sateruse.
Tuladha:
Jenenge Wiro. Bocahe sedhengan endhek dhuwure. Wiwit cilik
wis ora duwe bapa biyung. Bocah lola kasebut banjur dirumat dipek anak dening
Ki Sentika. Ki Sentika iki kalebu wong sing sugih. Sawahe amba tur ingon-ingone
uga ora sethithik. Putrane uga akeh, mula pangrengkuhe marang si Wiro uga
kacek, beda yen kabandhing tresnane marang anake dhewe. Sanajan mangkono, si Wiro ora duwe rasa meri utawa
lara ati. Suwalike, dheweke rumangsa beja dene Ki Sentika isih gelem ngrumat
dheweke nganti saiki.
Saben dina dheweke kajibah angon wedhus sing puluhan cacahe.
Si Wiro, kejaba kendel uga misuwur sugih akal kanggo ngayomi kewan
ingon-ingone.
………………………………………………………………………………………...
- Ing tengahing crita, biyasane ana
sing jenenge masalah. Masalah iki gawe crita dadi nyenengke utawa narik
kawigaten amarga paraga oleh alangan anggone nggayuh ancas (tujuane).
Tuladha:
………………………………………………………………………………………...
“Mbuh
ra ruh, duwekmu apa dudu. Nanging,…ya
wis, saiki aku ora sida njaluk wedhusmu, nanging ana sarate. Yen kowe ora bisa
minangkani ya kepeksa wedhusmu tak pangan siji. Sarate, kowe lan wedhusmu kabeh
kudu ngalih saka kene. Mlaku liwat ngarepku kanthi sarat, buntute wedhusmu aja
nganti ana sing ketok. Anggonmu ndhelikake ora oleh dibuntel nganggo barang apa
wae. Yen nganti ana sing ketok, ya iku sing bakal tak caplok.”
………………………………………………………………………………………...
- Sateruse, ana sing diarani resolusi utawa “penyelesaian
masalah”. Nanging, trekadhang ana penulis kang ndadekake sing maca ana
pitakonan “Crita iki akhire piye?”. Gawe masalah nggantung bisa wae,
amarga dalan urip ing donya iki pancen mlaku terus, ora bisa dikira-kira
kaya ngapa pungkasane.
Tuladha:
………………………………………………………………………………………..
Nganti rada sawetara, Si Wiro nggeget
lambe. Bareng nemu akal, si Wiro sakala bingar cahyane. Gegancangan
dheweke nyedhaki wedhus-wedhuse. Kabeh wedhuse dikandhani dikongkon mlaku urut
kacang karo nyokot buntute kancane sing ana ing ngarep. Dene buntute wedhus
sing mburi kepeksa si Wiro dhewe sing
nyakot. Sawise ngono nuli mlaku liwat ngarepe si Gembong. Nyipati sesawangan
iku, si Gembong ngguyu kepingkel-pingkel. Si Gembong lagi percaya, kejaba
kendel, si Wiro pancen sugih akal temenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar