Translate

Kamis, 04 April 2024

CRITA RAKYAT

Cerita rakyat yaiku sawijining prosa lawas sing urip ing masyarakat lan anggone nyebarake turun-temurun nganggo bahasa lisan. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahaanaan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita paamancing impen llan sapiturute. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti amarga ana ing sajroning critaa kasebut akeh pesen-pesen moral kang bisa dadi lantaran nandurake budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.

Déné crita rakyat kuwi wujudé kapérang dadi 2 (loro), kayata :

1.    Crita Fiksi / Dongèng :

a.       Mite, dongèng sing ana sambung rapeté karo alam gaib.

Tuladhané : Nyi Rara Kidul, Thuyul, Buta Ijo, Genderwo, Lsp.

b.      Fabel, dongèng sina ana sambung rapeté karo sato kéwan.

Tuladhané : Kancil Nyolong Timun, Manuk Platuk Bawang, Kancil Karo Asu. Lsp.

c.       Legenda, dongèng sing ana sambung rapeté karo mula bukané (asal – usul) dumadining salah sawijining papan utawa panggonan.

Tuladhané : dumadiné Candi Prambanan, Rawa Pening, Lsp.

 

2.    Crita Non – fiksi :

a.       Hikayat, crita bab lelakoné paragané.

Tuladhané : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bayan Budiman, Hikayat Panji, Hikayat Rama. Lsp.

b.      Babad, crita bab lelakon kadadéyan lan paragané.

Tuladhané : Babad Tanah Jawi, Babad Mataram, Babad Dipanegara, Babad Giyanti. Lsp.

c.       Sejarah, crita sing ana bukti lan naté kedadén.

Tuladhané : sejarah Mataram, sejarah Sriwijaya, sejarah Majapahit. Lsp.

d.      Roman, crita rékan sing nyritakaké lelakoné wong wiwit air nganti tumekaning pati.

Tuladhané : Roman Salah Asuhan, Siti Nurbaya. Lsp.

Titikane cerita rakyat  yaiku

§  pangebarane kanthi lisan,

§  dhuweni sifat tradisional,

§  sugih cakrek lan variasi, jenenge pangripta ora konangan,

§   wangune tiron (klise) ana ing susunan/ cara pangungkapane.

Cerita rakyat duweni unsur-unsur intrinsik kayata : tema, latar, paraga, alur lan pesen

Mapungat cerita rakyat yaiku

§  Mapungat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan

§  Mapungat didaktif yaiku ndidik paraa kaang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan keapikan kang aanaa ing sajroning crita

§  Mapungat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendaahan

§  Mapungat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek

§  Mapungat religius yaiku ngandhut ajaraaning agamaa kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca


                                            Dumadiné Kutha Wanasaba (Wonosobo)

Jaman biyèn ana pawongan muridé Sunan Bonang sing asmané Kyai Karim, Kyai Walik lan Kyai Kaladité. Kateluné diutus babad alas lan nyebaraké agama Islam ing sakiwa tengené gunung Dièng, awit rikala semana tlatah Dièng kuwi minangka tlatah pamarsudining ngélmu kapanditan tumraping para calon brahmana Hindu. Satekané tlatah Ledhok para kyai tetelu banjur pisah laku njujug papan sing wis disarujuki bebarengan, kyai Kaladité tindak ngalor munggah gunung Dièng, kyai Karim tindak ngalor ngulon nang tlatah Kalibeber saiki lan kyai Walik ngétan ngidul.

Kacarita wong – wong sakkiwa tengené Dièng wis padha mebu Islam déning kyai Kaladité, manut dongèngé kyai kaladité iki kagungan rikma gimbal (gèmbèl), lan naté prasapa sok sapa wongé sing duwé anak gimbal (gèmbèl) kuwi ateges isih tedhak turuné mula ora mokal yèn kahanan bocah gimbal isih akèh tinemu ing tlatah Dièng saiki.

Béda manèh karo kyai Karim, sakwisé mondok nang tlatah anyar sing banjur dijenengi Kalibeber kyai Karim yasa papan ngaji kanggo para santri banjur saya maju lan sepréné kyai Karim dianggep cikal bakalé pondok Kalibeber.

Jaman semana wong Jawa isih padha seneng ura – ura nganggo piranti gamelan, mula kyai Walik ora kurang akal, piyambaké banjur yasa tari lènggèr sing jané minangka kerata basa èlinga nggèr, wujud tarian sing nganti sepréné isih akèh digandrungi wong Wanasaba iki biyèn – biyèné minangka sarana dakwah Islam ing tlatah Wanasaba.

Déné jeneng Wanasaba dhéwé asliné saka tetembungan kawi wanua sabha, sing tegesé papan kanggo saban, utawa papan sing ditekani, awit jaman kunané Dièng dianggep kayangan déning wong Hindu mula dipadakké papan sing dadi saban tembung kawiné wanua sabha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...