Translate

Kamis, 04 April 2024

Truk Ngguling ing Gunung Tunggangan Wonogiri

 

Truk momot jagung ngguling ing tlatah Gunung Tunggangan, Kecamatan Jatiroto, Kabupaten Wonogiri, Slasa (2/4­). Truk kanthi nomor polisi G 1429 TF dinuga ora kuat munggah banjur mundu anjor nganti ngguling ing dalan. Camat Jatiroto Miran njlentrehake, prastawa iku kedadeyan udakara jam 11 awan. “Wewengkon kuwi diarani tlatah Watu Dukun. Kepeneran ing Dusun Dawe RT 02 RW 04 Desa Ngelo, Kecamatan Jatiroto,” kandhane.

Truk sing disopiri dening Gunawan (48) kuwi mlaku saka arah Duren (Kecamatan Jatiroto) tumuju marang Kecamatan Tirtomoyo. Truk ngliwati dalan tanjakan ing Gunung Tunggangan. Truk kesebut dibuga ora kuwat nanjak, “Tru kora kuat munggah Amarga dalane nanjak. Truk mandheg, banjur mundur. Sisih mburine ditabrakke marang perengan  banjur ngguling,” kandhane. Sopire slamet, nanging jagung cacah limang ton tumplek ing dalan. “Udakara ana limang ton jagung sing digawa saka Duren Jatiroto marang Tirtomoyo.” Ujare.

Kapethik Saka Ariwarti Suara Medeka, 3 April 2024

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...