Pengumuman utawa wara-wara digawe bisa lumantar tulisan utawa sarana dipocapake. Pengumuman mujudake informasi sing dituju ora mung pribadhi, nanging sipate sapa-sapa kena. Tuladhane nalika kowe arep ngleboni SMA kene, kowe maca pengumuman “Penerimaan Siswa Baru”. Coba jenengmu mesthi ora ana. Sing ana mung sing nanggung jawab sing gawe pengumuman. Ana maneh ngrungokake pengumuman lumantar mesjid perkara sesuk sing arep nindakake shalat Idul Fitri. Terkadhang pengumuman kerja bakti apa kumpulan RT cukup nganggo loudspeaker masjid. Iki srana nekakake pengumuman sing paling prasaja, uga nganggo papan pengumuman sing amadya ing sekolah, RT, Kelurahan lan sapanunggalane (Fokus, kaca 68).
Wara-wara mujudake salah sawijining basa kang duweni tenger:
- Basane komunikatif, maksude basane cukup saperlune wae, nganggo tetembungan kang prasaja bae, supaya gampang ditampa dening kang maca utawa sing ngrungokake.
- Isine ringkes, maksude ngemot bab-bab kang wigati (penting) bae.
- Perangane jangkep, maksude sanajan ringkes, ananging kudu lengkap. Saka wara-wara mau bisa diwangsuli pitakon: apa, sapa, kapan, neng endi, kenapa, kepriye lan pitakonan liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar