Nulis wacana kuwi ora gampang, mesthine kudu eling wacana kang kepriye
kang dikarepake. Mula iku miturut
jenikang wacana iku ana narasi, deskrepsi, eksposisi, argumentasi lan persuasi.
Wacana eksposisi tegese
wacana kanggo mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Miturut KBBI
(2009:290) eksposisi tegese uraian/ paparan kang nduweni ancas mbeberake maksud
lan tujuan. Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang mbudidaya
ngandharake pokok pikiran kang bisa njembarake wawasan utawa pangertene kang
maca. Supaya luwih cetha biasane digenepi nganggo grafik, utawa gambar. Wujud
tulisan uga kangkat, akurat, lan padat.
Wacana eksposisi adate
digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan
sawijining kegiyatan, methode, cara lan proses dumadi sawijining kedadeyan
utawa bab, tuladhane wacana eksposisi yaiku pawarta kang ana ing koran lan cara-cara nggawe barang tertemtu kayata ng
gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane nggawe tahu, lan sapanunggalale. Ana
sajroning nulis wacana eksposisi penulis kudu nduweni kawruh bab pola
pengembangan paragraf.
Pola pengembangan paragraf kang bisa dienggo ing wacana eksposisi:
§
Proses
Pengembangan
proses arep padha karo pengembangan kranalogis. Bedhane pengembangan kranalogis
mentingke bab urutaning wektu, dene pengembangan proses mentinorae oeah-owahan
kang dumadi saka owah-owahan siji tumuju owah-owahan candhake.
Tuladha:
Mendhem Ari-Ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan kang umum diadani
malah uga ana ing dhaerah-dhaerah (suku-suku liya). Ari-ari iku bagian
penghubung antaraning ibu lan bayi nalika bayi isih ana ing njero gua garba
(kandungan). Istilah liya kanggo ari-ari yaiku aruman utawa embing-embing
(mbimbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari sejatine salah sijine sedulur papat
utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga. Saupama
anggone mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (senthir) kanggo penerangan. Sentrir
kuwi mujudake simbol ”pepadhang” kanggo bayi. Senthir diurubake nganti 35 dina
(selapan). Sadurunge dipendhem, ari-ari dikumbah nganti resik banjur dilebokake
ana ing kendhi utawa bathok klapa. Sadurunge ari-ari dilebokake alas kendhi
diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper kang isih anyar
lan dibungkus nganggo kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa
mara ing papan penguburan. Panggonan ngubur kendhi kudu ana ing sisih tengen
lawang utawa omah. Kang mendhem kendhi kudu bapak kandhung bayi.
§
Contah /Tuladha
Yaiku gagasan
kang nduweni sipat umum kadangkala merlokake bukti-bukti utawa conta konkrit,
conta kang nyata, amrih bisa dimangerteni dening pamaos.
Tuladha:
Dhele kang arep digawe tempe kudu dikumbah nganti resik, jalaran yen
ora resik bisa babar/ora bisa dadi tempe. Kedhele kang isih reged/ora bersih
ora bisa gawe matenge tempe amarga tempe ora bisa ”bereaksi” kanthi sempurna.
Dadi kedhele mau wurung dadi tempa. Saliyane kuwi, kedhele kang isih reged,
bisa njalari tempe dadi ireng.
§
Sebab akibat
Pengembangan
paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab akibat. Urutane bisa kawiwitan
saka sebab tumuju akibat utawa sewalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab
utawa akibat.
Tuladha:
Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake akeh warga Surabaya kang
mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntani saluran
banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Tuladhane kaya kang
dumadi ing pungkasan wulan iki.
§
Mbandinorae/ perbandingan
Ana sajroning
iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan
pokok.
Tuladha:
Tuku pitik jaman saiki kudu ngati-ngati, amarga akeh pitik utawa sata
iwen kang kena flu burung. Antaraning
pitik sehat lan pitik kang nandang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi
pitik kang trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane seger
abang ora alum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek tur rupane ora
ireng/ pucet ning abang seger. Dene pitik kang nandang lelarakuwi pitik kang
lemes, ora nduwe daya. Saka pucuk lan brutune metu iler/banyu, lan rupane alum.
§
Analogi
Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih.
Tuladha:
Anak kuwi kembang ing kauripan. Anak kuwi wewangian ana sajroning
bebrayan/ rumah tangga. Anak kuwi kang bisa nyegah bubrahe balesomah. Anak uga
tambaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak
antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isish suci, bisa dadi lereming
ati kang panas. Anak pancen kembange balesomah.
Carane nulis wacana eksposisi yaiku :
§
Nemtakake
underane perkara uatawa tema
§
Nemtakake
tujuwan
§
Ngumpulake data saka maneka sumber
§
Nyusun
cengkorongan utawa kerangka kang cocog karo tema kang dipilih
§
Ngrembakake cengkorongan utawa kerangka dadi
wacana eksposisi.
Tuladha wacana eksposisi.
Tibane
pesawat kang duweni kapasitas 266 penumpang airbus A300-600 minangka prastawa
kang kaping pindho tumrap American Airlines, sawetara pirang detik anggone
lepas landas saka bandara udara internasional O’Hare Chicago. Dumadakan mesin
sisih kiwa uwal saka panggonan. Pilot kang ora bisa ngendalekake pesawat
jalaran ”keseimbangan” pesawat dumadakan owah kanthi pratandha tibane mesin
abote 5 tan. Pesawat tiba ing papan
parkiran kendaraan udakara 31 detik sawise tibane mesin. Ana 271 penumpang lan
awak tewas sanalika. Kacilakan liyane ngenani tibane mesin uga kadadeyan dening
pesawat kargo El-Al duweke flag carier Israel, 4 Oktaber 1992. Mesun
nomer papat utawa kang paling buri elare pesawat sisih tengen, jalaran fuse-pin
(baut mesin) cacah loro uwal. Mesin nomer telu uga dumadakan ilang lan pilot
kang ora bisa ngendalekake mesin, nabrak gedung bertingkat ing Amsterdam,
Belanda. Awak pesawat cacahe papat lan 47 kang manggon ana ing gedhung tiwas
sanalika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar