Susuh Manuk
Ana susuh manuk ing sandhuwure wit Sana. Wis
sawetara dina iki katan babone manuk nggawa pakan kanggo anak-anake. Satemene
Parta, Wanta, lan Trimakno lagi bae mangerteni anane susuh mau. Nanging
bocah-bocah mau padha ngarang crita yen meruhi paling dhisik anggone manuk
Thilang mau nusuh ing Sana.
“Wis suwe aku
ngerti nalika lagi gawe susuh,” kandhane Wanta.
“Aku ya wis suwe,” imbale Parta.
“Aku ya wis suwe,” Trimakno ora gelem kalah.
“Kang paling dhisik mesthi aku!”
“Ora mungkin
aku kang dhisik dhewe!”
“Pokoke aku…!”
“Aku ngerti
nalika manuk mau golek susuh saka kebone Kang Mardi,” Wanta nyakinake
kanca-kancane.
“Bener, aku
ngerti sesasi ndhisik,” ujare Parta luwih nyakinake.
“Aku wiwit rong sasi kepungkur.”
“Yen kowe wis telung sasi kepungkur, ateges anake wis
padha gedhe lan bisa mabur adoh. Ateges susuh mau wis ditinggal,” clathune
Wanta sajak menang.
“Pokoke aku kang paling nduweni hak marang anak-anak
manuk mau,” ujare Parta.
“Ora bisa,
kudune kang duweni aku!” Wanta ora gelem kalah.
“Aku!”
“Aku!”
“Aku!”
Bocah telu ora
ana kang gelem ngalah. Kabeh
rumangsa paling nduweni hak anak-anak manuk Thilang iku. Meh bae dadi tukaran.
Tujune Wanta bisa nyegah kanca-kancane amrih ora ana kang mara tangan.
“Wis, wis, aja regejegan terus. Mbok digawe bedhamen
bae!” Wanta ngajak kanca-kancane.
“Maksude?”
“Ngene, biasane manuk Thilang kuwi anake telu. Mbok
dibagi siji-siji bae.”
“Wah, ide kang
apik. Aku setuju. Ning
piye yen anake mung loro utawa siji?” Trimakno miterang.
“Yen ngana sapa kang gelem menek, ya kuwi kang ngehaki
manawa anake mung siji” usule Parta.
“Bener, aku setuju usulmu,” ujare Trimakno.
“Yen anake loro?” Wanta takon maneh.
….
Bocah-bocah mau wis gawe pasetujon. Parta
wiwit menek wit sana kang dhuwure watara rolasan meter kuwi. Sawetara iku Wanta
lan Trimakno rumangsa menang. Awit dheweke wis mesthekake yen anak Thilang kuwi
cacahe ana telu. Dadine
ora susah kangelan nanging wis entuk bagen. Nanging rasa seneng mau owah dadi
sumelang. Awit bocah loro mau ngerti manawa Parta arep tekan dhuwur.
Nalika iku
Parta wis meh bisa ngranggeh susuhing manuk. Katan pating bleber babone manuk aweh tandha manawa
ana bebaya tumrap anak-anake. Sanalika anak-anak Thilang mabur pating bleber
menyang wit Trembesi kang luwih dhuwur. Parta mung bisa mlongo. Kanthi rasa
cuwa dheweke bakal mudhun. Sikile rasane kaya-kaya dilolosi balunge. Sakujur
awak krasa gemeteren. Kanthi ngrangkul wit sana Parta nangis gero-gero.
Mangerteni kancane ora bisa mudhun, Wanta lan Trimakno bingung. Arep nulungi
nanging kepriye carane? Bocah loro mau mung bisa nangis kaya Parta. Krungu ana
bocah pating jlerit, Kang Mardi mara. Kang Mardi lagi nggarap tegale kang ora
adoh saka kana.
“Ana apa kok pada nangis?”
“Ka,,,ka,,,kae Kang, Par, Par, Par, Par,,,ta,,,”
jawabe Wanta karo nuding wit sana papane Parta ngrangkul kenceng kanthi banget
kaweden.
“Wis kana njiliha andha Pak Wangsa!” prentahe Kang
Mardi menyang Wanta lan Trimakno. Kang dikongkon enggal-enggal ngleksanakake.
Ora let suwe Parta kasi ditulungi kanthi slamet. Ora lali ngaturake panuwun
marang Kang Mardi.
“Mangkane bocah-bocah,, aja padha gawe apa kang wis
ana ing alam iki dadi owah. Kaya manuk
iku wis duwe susuh ing kana ya ben aja di otak-atik. Ben padha urip tentrem.
Aja dijupuk aja dirusak! Malah kudu dijaga ben tetep asri alam iki,” pituture
Kang Mardi.
“Nggeh Kang nyuwun ngapura, ra maning-maning rebutan
susuh manuk malah gawe manuke mabur lunga saka susuhe,” wangsulane bocah telu
iku.
Parta, Trimakno lan Wanta banjur
balik omah lan ora pan maneh-maneh noraali susuh manuk maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar