Translate

Selasa, 02 April 2024

Protes Dalan Rusak, Para Warga Ngadhang Truk Tambang

Para warga saka Dhusun Kembang, Kecamatan Dukuhseti, Kabupaten Pati ngadhang dump truk sing lagi momot watu tambang ing dina senen (25/3). Para warga rumangsa keganggu amarga bledug saka aktiivitas nambal dalan nganggo beskos.

Tuntutan para warga yaiku : 1) Nuntut supaya ruas dalan sing rusak age-age didandani lan diaspal maneh nganggo aspal hotmix, 2) Njaluk supaya tambang-tambang sing padha operasi nduduhake Hardcopy IUP, 3) Nuntut supaya proses penambangan dilereni yen durung nganthongi IUP, 4) Njaluk RKAB taun 2024 marah kabeh Perusahaan tambang sing wis operasi, 5) Njaluk supaya transportasi tambang sing nglewati dalan Tayu-Puncel manut kelas tonnase sing wis ana.

Rasa sabar para warga Dhusun Kembang wis rumangsa entek amarga bledug saka kendharaan truk sing momot watu tambang wis ngluwihi aturan tonnase dalan. Aksi para warga kuwi dilakoni kanthi cara nyegat truk sing momot watu tambang cacah welasan sing ngliwati dalan Tayu-Puncel.

“Wis seminggu iki bledug-e ngganggu banget. Nganti omah-omah ing sakiwa tengene dalan Dhusun Kembang iki kudu nutup lawan lan jendhela Amarga bleduge padha mlebu. Para warga uga akeh sing kena lara watuk lan sesek napas,” kandhane Marji, warga Kembang sing melu aksi kuwi.

Apamaneh, para sopir anggone nyupir truk padha ugal-ugalan sing njalari bleduge padha mubal lan njalari jarak pandhang mung udakara 30 meter. Amarga kuwi, Marji lan para warga liyane nuntut supaya dalan Tayu-Puncel bisa age-age didandani kanthi cara diaspal maneh utawa hotmix.

“Saliyane kuwi, para warga uga njaluk supaya truk-truk sing ngliwati dalan Tayu-Puncel iki anggone momot watu ora ngluwihi wates tonnase dalen. Dalan tayu-puncel iki kagolong kelas IIIC sing maksimal mung 8 ton. Truk-truk tambang sing liwat muatane bisa nganti 15 ton punjul.” Ujare Marji.

Pungkasane, petugas kepoisian saka Polsek Dukuhseti sing teka ing lokasi njaluk supaya para warga ngrampungake aksi kuwi. Kapolsek Dukuhseti, AKP. Ali Mashuri uga njaluk supaya para sopir muatan watu tambang sing liwat dalan Tayu-Puncel aja padha ugal-ugalan.

“Aja nganti aksi iki malah ngganggu pengguna dalan liyane sing liwat. Yen para warga arep ngetugake aspirasine, mangga bisa liwat prosedur sing wis ana. Kita uga njaluk marang para sopir supaya ora sapenake dhewe nalika ing dalan,” penjaluke.

Para warga ngancam bakal nggelar aksi sing luwih gedhe yen panjaluke ora digubris. Amarga anane aksi iki, dalan Tayu-Puncel sempet macet nganti udakara sejam suwene.


Kapethik saka ariwarti Lingkar Jateng, 26 Maret 2024 kanthi ewah-ewahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...