Translate

Selasa, 02 April 2024

Alokasi Beras Ngawekani Bencana Keluwen ing NTT

Dinas Ketahanan Pangan Kabupaten Sikka, Nusa Tenggara Timur nyadhangake beras 6.850 kilogram kanggo ngawekani bencana keluwen ing patang desa wilayah kasebut. Patang desa sing digolongake kategori rawan kekurangan pangan mau yaiku Natarmage lan Matumoning, Kecamatan Waibiama, sarta Desa Wairpaar lan Watuomok, Kecamatan Talibura.

Kepala Bidang Ketersediaan dan Kerawanan Pangan Dinas Ketahanan  Pangan Kabupaten Sikka Fransiskus Frederikus ngandharake cadhangan beras kasebut salaras karo alokasi kang disediyakake pamarentah. Dheweke ngakoni jumlah kasebut kepetung sethithik kanggo ukuran pasadiyan pangan warga patang desa.

”Alokasi beras iki dicocogake karo analisa sistem kewaspadaan pangan dan gizi marang desa kanthi tataran kerawanan pangan dhuwur,” ujare Fransiskus, Kemis (14/9/2023).

Fransiskus ngajab warga masyarakat uga ngawekani dhewe kerawanan pangan mau kanthi yasa lumbung pangan. Carane kanthi nyisihake saperangan asil saka panen kanggo jaga-jaga timbule paceklik. Sebab sasuwene mangsa katiga iki, Kabupaten Sikka klebu daerah kang ngalami kekurangan bahan pangan. Senadyan mangsa rendhengan pisan, curah udan ing Sikka pancen kegolong endhek.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 38, 23 September 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...