Sumber: wayang wordpress.com
Sawise Pandawa lan Kurawa
meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru marang Begawan Durna, ipenipun
Krepa. Caritane mangkene.Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja.Sawijining
wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju menyang nagara Pancala
bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata ing
Pancala.Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana
nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal
nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan
Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo
dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna,
bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa
padha kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma.
Miring atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang
linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa
supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.
Durna saguh paring piwucal,
nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena nulak kabeh pamundhute Sang
Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna dhewe kang nyaguhi.
Bareng wis sawetara wektu,
kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab kang
sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana prigel ngginakaken
gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang kanthi
numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel
jemparing.Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo Duryudana,
semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.
Sawijining dina Durna kepengin
males lara atine marang Drupada kang rikala semana gawe serik atine. Kabeh
satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka tandha bektine marang
Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake.Genti para Pandawa
kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna, kang sabanjure
dipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala separo sisih
lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Bareng perang wis paripurna,
Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura. Prabu Drestharastra seneng banget
marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula bakal dijumenengake nata
nggantekake Pandu.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar