Translate

Selasa, 02 April 2024

UNESCO Netepake Basa Indonesia Dadi Basa Resmi Konferensi

 

UNESCO, bebadan Donya kang mayungi pawiyatan, elmu, lan kabudayan, netepake Basa Indonesia minangka basa resmi kanggo Konferensi Umum. Putusan iku kapacak ing Resolusi 42 C/28 nalika Pleno Konferensi Umum ka-42 UNESCO, Senen (20/11) ing markas UNESCO, Paris, Prancis.

Kementrian Luar Negeri RI ngepyakake wara-wara resmi kang njlentrehake yen basa Indonesia dadi basa resmi ka-10 ing UNESCO. ”Basa Indonesia kabukten dadi srana nyawijikake bangsa wiwit jaman sadurunge mardika. Mligine liwat Sumpah Pemuda dhek 1928,” ujare Delegasi Tetap RI kanggo UNESCO, Duta Besar Mohamad Oemar.

Kanthi putusan iki, nalika ana sidhang, pirembugan bisa migunakake basa Indonesia. Kajaba saka iku, dokumen-dokumen Konferensi Umum uga bisa dialihbahasake menyang basa Indonesia.

Manut cathetane Kemenlu, sing nuturake basa Indonesia ana 275 yuta wong, sumebar ing sakehing negara. Dene warga njaban rangkah sing melu migunakake, ana 150 ewu. Kejaba saka iku, basa sing ndhisike sinebut cara Mlayu iku uga kadhapuk ing kurikulume pawiyatan ing 52 negara.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 48, 2 Desember 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...