Translate

Selasa, 02 April 2024

TRADHISI PITONAN

Dening Sri Astutik

Wiwit jaman kawuri, saben ana bocah dipitoni mesthi dirubung bocah akeh. Ing era global, tata cara kasebut wiwit diowahi. Carane kabesut kajumbuhake karo swasana, adat ing saben panggonan. Nanging kang baku, tumparp wong Jawa yen duwe putra umur pitung lapan mesthi dipitoni.

Upacara adat pitonan uga kinaran tedhak siti. Mungguh maknane, surasane ora ilya, manungsa kuwi pancen isih ana hubungane, isih cedhak karo siti utawa lemah. Istilah Jawa mudhun menyang lemah. Dene yen ing agama islam wis diebutake yen manungsa mono asalahe saka lemah bakal bali menyang lemah (yen titi wancine puput yuswa).

Tradhisi pitonan saiki wis jarang banget. Wong pipih golek praktise lan irite. Bubar dipetri langsung diadusi ana sumur, tanpa dianakake upacara adat pitonan. Banjur dhenge dipitoni, uga akeh banget owah-owahane yen dibandhing jaman saiki. Ubarampe kanggo mitoni uga ora komplit. Apa maneh sing jenenge ayam panggang, endhog pitik kampung, cabuk katul, pelas, iwel-iwel, nagasari lan pipis wis arang ana. Sing kalumrah saiki yen ana bocah dipitoni jajane roti sing diwadhahi kardhus, kaya jajan ulang taun. Dene mangane mung sega lawuh kentaki.

Ing adicara pitonan, sajen kang baku kudu ana ing upacara adat pitonan yaiku bak isi banyu, topi janur, kurungan, jait sidomukti utawa sidaluhur, jadah werna pitu, andha saka tebu ireng lan payung. wondene prosesine yaiku upacara adat pitonan bisa kawiwitan yen kabeh piranti wis cumawis ing papan upacara. Kejaba iku, kajibah uga samekta, lengggah ing papan upacara.

Upacara adat pitonan kawiwitan sawise bocah didusi. Banyune diwadhahi bak, diwenehi kembang setaman, kembang werna lima. Iki ngemu karep amrih si bocah bisa suci atine, duweni budi kang luhur. Dene kembang setaman ngemu teges amrih si bocah bisa tansah manembah marang Gusti Allah. Bekti asih marang wong tuwa, ngurmati marang kabeh pihak kaluwarga. Sarta sumrambah, rumaket, nyumadulur marang sapa wae kang ana ing masyarakat.

Yen wis didusi, disalinin penganggo anyar. Rampung kuwi banjur dicekeli cakar lan buku, sarta ditopeni nganggo topi janur. Cakar lan buku ngemu karep amrih si bocah ing tembe mburi kajaba pinter anggone sekolah uga bisa ceker, pinter golek dhuwit. Topi janur ngemu teges nur, cahya kareben sorote cahya srengenge nyehatke bocah.

Yen wis disalini, banjur dikurungi, dilungguhake sedhela ing kurungan. Nalika bocah ana kurungan, dening dhukune direngeng-rengengi nganggo donga, amrih selamet sateruse. Ana jero kurungan sibocah dicekeli pitik lan pithi isi dhuwit receh. Pitik nemu karep, mbesuke menawa wis dhewasa, si bocah tansah  bisa urip lan krasan ana ngendi ngendi papan.

Bubar kuwi, si bocah diwetokake saka kurungan, banjur diemban dening ibune nganggo jarit sidomukti utawa sidoluhur. Kang maknane si bocah mbesuke bisa urip mukti, duwe drajat luhur utawa kadunungan wahyu, uripe ayem tentrem bagya mulya.

Bapake kang mayungi ana mburine si ibu, kang kirab ngubengi kurungan kaping pitu. Kang maknane pancen menawa isih bocah during dhewasa, si bocah ana gendhongane ibu, pinanyungan, diayomi dening bapa. Kang kabeh mau linambaran tresna asih kang tulus, njalari si bocah rumangsa ayem atine, rumangsa entuk katresnan kang sejati saka wong tuwa.

Wondene maknanae nguubengi  kurungan kaping pitu, mbesuke menawa wis dhiwasa si bocah mecaki panguripan kanggo nggayuh pepinginan, kudu wani rekasa. Paribasan ngubengi jagad, turut pinggire segara, liwat alas, munggah mudhun jurang paribasane, kudu gelem nampa kanthi ikhlas.

Sarampunge ngubengi kurungan kaping pitu, diterusake adicara ngedum dhuwit receh marang bocah-bocah cilik kang melu ngestreni undangan upacara tedhak siti. Iki ngandhut makna, amrih si bocah mbesuke duwe watak seneng sedekah, loman, seneng tetulung marang sapadha padhaning tumitah.

Bubar kuwi bocah diuculi saka gendhongane ibune banjur dening mbah dhukun si bocah dituntun, dikongkong ngidak jadah werna pitu, abang, ijo, ireng, putih, kuning bunder-bunder di tata tharik-tharik nuju menyang andha saka tebu ireng kang ana pitung tludhakan, disenderake ana kursi. Menawa wis ngidaki jadah, bocah mau banjur diunggahake menyang andha mbaka sa tlundhang, nganti tekan pucuk terus digendhong ibune. Mungguh maknane ora liya, kanggo nggayuh pepenginan nganti klakon duweni kalungguhan kang dhuwur, ketekan sedyane, kudu wani nguwot ogal-agil, wani rekasa, gelem ngedhepi sandhungan apa wae, menawa si bocah mbesuke wis dhiwasa. Mula andhane dipilih tebu ireng. Tebu ateges manteb ing kalbu. Tebu ireng ngemu teges si bocah bisa duweni jiwa kang Tangguh, kuwat ngadhepi tantangan apa wae, tahan banting. Apamaneh yen si bocah mau lanang. Dene ubarampe kaya liyane, ana jajan pasar werna pitu, jenang abang, sengkala, tumpeng, minangka pangajab amrih si bocah sateruse bisa slamet nir sambikala, tansah pinayungan dening Gusti Allah.

Purnane adicara, sawise bocah digendhong ibune tumuju omah, kairing bocah-bocah. Tekan  ngarep omah dipapag lan digendhong dening bapake. Sabanjure dening bapake ditakoni, “Oleh-olehmu sekolah apa Le?” merga si bocah during bisa omong, banjur diwangsuli dening ibune, “Oleh-olehku sekolah kapinteran Pak!.”

Kapetehik saka panjebar Semangat No. 15, 14 April 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...