Pasinaon nyemak cerkak yaiku kang nyemak
kudu waspada lan ngerti marang tembung lan isi crita. kenal marang lakon lan
paraga crita, kahanan, sarta setting lan liya-liyane. Cerkak yaiku wacan kang kalebu crita narasi lan isine nyritakake prastawa
kang dialami paraga kanthi urutan wektu tinamtu.
Titikane
cerkak yaiku isine nyritakake, ana kedadeyan, ana paraga, lan ana wektu
kedadeyan.
Unsur-unsur intrinsik
cerkak :
a.
Tema yaiku saripatine kang diandharake utawa kang
dicritakake. Tema uga bisa diarani underan utawa punjeraning crita. Tema kuwi
wujude saka satembung utawa rong tembung. Tema-tema kang asring ana ing cerkak,
kayata: pribadi, sosial, kesehatan, sosial budaya, lan sapiturute.
b.
Paraga utawa takoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga kuwi
kang ndadekake alur rinipta. Amarga kanthi paraga, alur bisa kadadeyan. Tingkah
polahe paraga bisa ndadekake konflik. Miturut sesambungane alur lan paraga, ana
paraga sentral, paraga latar, lan paraga bawahan. Paraga sentral kuwi ndadekake
alur dumadi, paraga latar kuwi nguripake latar, dene paraga bawahan kuwi mung
saderma njangkepi.
Miturut sipate, paraga ana telu
werna yaiku :
§ Paraga utama uatawa protagonist
§ Paraga mungsuh utawa antagonis
§ Paraga tambahan uatawa tritagonis
Paraga
utama utawa tritagonis, digambarake sawijining pawongan kang jujur, menthi
benere, lan apikan. Paraga antagonis kuwi sawijining paraga kang musuhi paraga
protagonis, dene takoh tritagonis, arupa takoh kang nduweni sipat nengahi utawa
kang nggawe rukune paraga protagonis lan antagonis.
c.
Watak kuwi nggambarake sipat kang dinduweni paraga
siji lan sijine ing sajroning crita. Ing crita, paraga ora mung nduweni sipat
kang apik nanging uga ana kang nduweni sipat ala. Watak lan paraga ora bisa
dipisahke, amarga pawongan kang jenenge paraga mesti anduweni sipat kang
kenenge watak saengga bisa kanggo nguripake paraga. Tuladha watak ing paraga
cerkak, kayata: apikan, seneng tetulung, seneng ngresula, pasrah bongkokan,
manutan, lan liya-liyane.
d.
Alur utawa lakune crita yaiku lakune cerita utawa
urut-urutane cerita. Runtutane alur ing cerkak yaiku:
1.
Jejer
(Pengenalan)
2.
Paseban
(Penanjakan)
3.
Prang gagal
(Puncak)
4.
Dhodhogan
(Peleraian)
5.
Paripurna (Penyelesaian)
Dene alur
uga kagolonorae dadi 3 :
§ Maju utawa
progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti sateruse
§ Mundur
utawa flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus ngandharake kaanan
kang kepungkur
§ Campuran,
ing alur diandharake bab ngenalake para paraga, konflik/ prekarane para paraga
lan kepriye para paraga ngrampunorae prakarane.
e.
Latar utawa setting yaiku perangan kang neranorae
papan, wektu, lan swasana/ kahanan kelakone kedadeyan ing crita iku. Latar papan
nggambarake ana ngendi crita kasebut. Latar wektu ngandarake kapan kadadeyane
crita kasebut, dene yen latar swasana utawa kahanan nggambarake swasana utawa
kahanan kang dumadi ing sajroning crita.
f.
Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta ing
sajroning crita. Ana telu sudut pandang kang biasane dienggo pangripta kanggo
mbeberake paraga ing ceritane.
§ Pawongan kapisan minangka paraga utama,
lumrahe nganggo tembung punjeraning dhiri pribadhi aku.
§ Pawongan kapisan dadi paraga sampingan,
lumrahe nganggo tembung aku, ananging kang diceritakake kanthi njelimet kuwi
wong kang cedhak karo aku, kayata: bapake, ibune, sedulure, utawa mitrane.
§ Pawongan katelu sarwa weruh, lumrahe nganggo
tembung dheweke utawa nyebutake jenenge paraga. Ing kene, pangripta kayadene
dhalang kang nglakokake para paraga.
g.
Gaya bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa kang
digunakake pangripta ing sajroning cerita
h. Pitutur utawa pesan (amanat) yaiku pesen kang arep di aturake dening pangripta marang pamaos, utawa pesen apa kang sinandhi utawa kapetik ing crita iku.
Unsur-unsur ekstrinsik cerkak:
Unsur
ekstrinsik kuwi samubarang kang ana ing sanjabane crita kang duweni sambung
rapete klawan cerita kang diandharake. Lumrahe unsur ekstrinsik kuwi ora bisa
kapisahake klawan dhiri pribadhine pangripta, amarga samubarang kang ana angane
pangripta melu nduweni urun marang dumadine crita. Wujud unsur ekstrinsik
kabagi dadi rong jinis.
a.
Saka Pangripta:
ü Kapitayan
(agama) pangripta
ü Adat-istiadat
kang ana ing papan dununge pangripta
ü Papan
dununge pangripta
ü Pawiyatan
Pangripta
b.
Saka Nilai Kang Ana ing Masyarakat
ü Nilai
Sosial/ Budaya
ü Nilai
Ekanami
ü Nilai
Religius
ü Nilai
Histaris
ü Nilai
Kriminal
ü Lsp
Titikane cerkak yaiku isine nyritakake, ana kedadeyan, ana paraga, lan
ana wektu kedadeyan. Cerita cerkak utawa cerkak (basa Indonesia: Cerpen)
klebu gancaran utawa prosa sastra. Cerkak bisa di rembug mawa dhiskusi.
Diskhusi uga bisa diarani wawan rebug/ musyawarah kanthi tujuan lan arah kang
cetha. Sajroning diskusi para anggota utawa panyarta diskusi kudu aktif kabeh.
Nalika arep nindakake wawan rembug
kang kudu ditindakake:
1.
Nemtakake bergada (kelompok)
2.
Saben bergada nemtakake ketua kelompok lan juru
tulis (sekretaris)
3.
Jejibahan kang kudu ditindakake ketua kelompok yaiku
minangka moderatar kang mbagi wektu lan giliran omong anggota bergada
4.
Tugas juru tulis yaiku nulis panemu (pamanggih),
panyaruwe (pitakonan) lan jawaban ing sajroning wawan rembug
5.
Nulis dudutan (simpulan) sawise wawan rembug lan
ngaturake laporan marang guru.
Miturut
wong kang ora kangelan mangerteni tembung-tembung ing basa Jawa, maca cerkak
kalebu kagiyatan kang nyenengake. Maca kanthi seru (membaca nyaring) kudu
cetha, nengenake ing kaendahan lan paugeraning tembung. Jiwa sajroning maca
cerkak uga kudu digatekake. Sabanjure kang wigati liyane yaiku intanasi,
cendhak dhuwure pangucapan. Kabeh mau kanggo nggambarake kaya kahanan sanyatane
paraga utawa takoh lan setting.
Wacana narasi
yaiku karangan kang nyritakake saweneh
prastawa kanthi runtut, jlentreh, ceritane kranalogis, cetha paraga lan latare
darta alure.
Ancase
karangan narasi yaiku nritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu
utawa bisa uga karangan kang minangka asiling rekadaya pikirane pangripta. Mula
supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu an paraga,
papan, swasana, urutan kedadeyan lan sapanunggalane.
Ciri-ciri
wacana narasi yaiku
§ Ceritane
runtut
§ Ana alure
§ Ana
paragane
§ Ana tumindak ing sajroning crita
§ Crita mau ditindakake ing sajroning wektu
Wacana
narasi ana 2 werna :
1. Narasi
ekspositaris yaiku narasi kang duwe ancas
menehi ngerti para pamaos supaya tambah pangertene.
2. Narasi sugestif yaiku narasi kang nyritakake surasa utawa makna lumantar pangangen-angen
utawa imajinasi.
Wacana
narasi uga bisa digunakake kanggo sinopsis cerkak. Sinopsis utawa tanggapan
ngenani cerita minangka slah sijining kagiyatan kang lumrah dilakoni sarampunge
maca cerkak, novel, utawa roman.
Sinopsis bisa kaujud minangka pawongan kang maca mau nliti unsur-unsur
kang dadekake karya sastra
kang lumrahe sinebut unsur instrinsik lan ekstrinsik.
Sinopsis
mujudake ringkesan sawijining karya sastra (nganggo basane dhewe) kang wis
diwaca dening pawongan tartamtu, kanggo dimangerteni pawongan liya. Babagan
kang kudu ana ing sajroning sinopsis yaiku identitas utawa ciri-ciri karya
sastra lan unsur-unsur karya sastra kasebut.sadurunge nulis sinopsis, identitas
buku kudu diandarake kanthi komplit, kayata: Judul Buku, Pangripta, Taun
Terbit, Gunggunge Kca, Penerbit, Rega (yen ana), unsur-unsur instrinsik lan
ekstrinsik, sawise kuwi nembe ringkesaning cerita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar