Translate

Selasa, 02 April 2024

Pagelaran Kethoprak Cilik ing TMII Akeh Sutresnane

 

Mapan ana ing Anjungan Jawa Tengah Taman Mini Indonesia Indah (TMII) Jakarta, dina minggu kapungkur digelar pementasan Seni Budaya Kabupaten Pati. Ing kalodhangan kasebut kajaba dirawuhi Wakil Bupati Pati Saiful Arifin, uga dirawuhi Plt. Kepala Badan Penghubung Propinsi Jawa Tengah, Dewan Pembina Ikatan Keluarga Kabupaten Pati (IKKP) Mayjen TNI Agung Rsidhianto, Anggota Komisi E DPRD Propinsi Jateng, Komisi D DPRD Propinsi Pati lan warga Pati kang manggon ana ing Jakarta.

Pagelaran Seni Budaya Kabupaten Pati sing tampil ing Anjungan Jawa Tengah TMII, nampilake pementasan kethoprak cilik saka SMP N 2 Kayen lan seni drama tari saka paguuyuban tari Parengga Jati Laras kanthi judhul “Sumilak Pedhut Pati Ki Gedhe Sontho Galeng” Pimpinan Budiono.

Kesenian Kethoprak kalebu kethoprak cilik pranyata isih kuwagang urip, buktine nalika nyekseni lan krungu swarane kenya ayu-ayu umuran 14 taunan, maragake kewasisane ana ing panggung katon ngesemake bisa menehi panglipur marang penonton sarta ngandhut tuntunan uga budaya sing adi luhung.

Ing jrone sambutane Wakil Bupati Pati Saiful Arifin, mratelakake pegelaran seni budaya Kabupaten Pati sing salah sijine yaiku kethoprak cilik lan seni drama tari supaya bisa dikenal ing kancah nasional. “Aku ngajab marang anak anak mudha lan kaum milenial bisa melu nglestarekake kabudayan dhaerah saengga, budaya kang adiluhung iki tetep ora ilang sanajan kena ombake kemajuan jaman sarta teknologi sing sarwa cepet iki,” pratelane.

Ing kalodhangan kasebut Saiful Arifin uga ngajab Masyarakat Kabupaten Pati sing ana ing Jakarta aja nganti nglalekake karo dhaerah asale. ”Ayo kita bebarengan mbangun kanthi nuduhake citra kang positif marang donya,” pangajabe.

Kapethi Saka Panjebar Semangat No. 24, 15 Juni 2019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...