Translate

Kamis, 04 April 2024

MACA SERU

Maca seru utawa maca nyaring nduweni ancas supaya bisa mangerteni tembung-tembung kanthi bener. Maca pawarta kaya kang dilakokake panggiyar (penyiar), kagolong jenikang maca kanggo wong liya. Mula pamacane pawarta kudu cetha, supaya isine pawarta katampa wutuh kanggone kang ngrungokake lan ora dadi kleru ing panampa. Mula saka kuwi, ana babagan kang kudu dinggatekake pamaca pawarta yaiku :

1.    Pamaca pawarta kudu nguwasani isine pawarata kanga rep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu wis maca naskah luwih dhisik lan naliti menawa ana kang kleru.

2.    Pelafalan utawa kedale fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung kang arep padha pangucapane

3.    Unjal ambegan utawa jeda kudu pener.Semana uga karo dawa lan cendhake jeda.Biasane pamaca pawarata migunakake tandha ( / ) kanggo mandheg sedela,tandha ( // ) kanggo mandheg suwe,  tandha ( - ) kanggo pungkasan baris kang ora kena mandheg.

4.    Wirama utawa dhuwur cendhek swara selang-seling supaya gampang dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting

5.    Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike menawa rendhet banget bakal mbosenake kang ngrungokake.

6.    Bantere swara cukup, saengga cetha ditampa.

7.    Menawa maca pawarta, sikep /solah bawa pamaca kudu katan wajar, ora kaku, utawa ora sakarepe dhewe. Pandeleng ora kena mung katuju marang naskah. Iku sabenere pamaca pawarata ing TV migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip TV kang isine teks pawarata. Alat iki diselehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera lan katan apal teks pawarta.

 

Kaprigelan kang kudu dilatih nalika maos pawarta!

1.    Gladhen swara/vokal

Teknik vokal/ pelafalan/ pengucapan kang pas, nemtakake kualitas swara kang diasilake sajroning maca teks. Vokal kang pas bisa nggawe pamireng/pamiyarsa bisa paham apa kang diwaosake.

Gegayutan karo bab vokal, yakuwi artikulasi (owah-owahan rongga/saluran lan ruang/panggonan ana saluran swara kanggo ngasilake swara), lan artikulatar (perangan saka piranti kanggo nywara). Kanggo bisa ngudalake aksara kanthi trep kudu bisa nggatekake artikulasi lan artikulatar kanthi trep.

Tuladha:

/a/   : wujude tutuk bunder, perangan mburi ilat diangkat lan ilat diundurake saadoh-adohe karo lengkung sikil untu.

/i/    : wujud tutuk rata, pucuk lan mburi ilat diunggahake, posisi ilat cedhak karo lengkung sikil untu

/u/   :  wujud tutuk bunder lan rada mengarep maju, perangan mburi ilat diangkat

/o/   : wujud tutuk bunder lan rada mengarep, perangan buri ilat diangkat, posisi ilat cedhak lengkung sikil untu.

2.    Gladhen ngatur intanasi

Saben pamaos kudu bisa ngatur intanasi supaya swara enak dirungokake lan gampang dimangerteni. Apik lan orane swara kang gegayutan karo intanasi yakuwi banter lan aluse swara, dhuwur lan endheke swara, cepet lan orane anggone maca.

3.    Gladhen ngatur dawa cendhake ambegan

Pamaos nalika maos pawarta kudu nganggo swara saka wetwng, ora saka dhadha. Swara kang metu saka dhadha biasane ora sampurna lan kurang ana purbawane, ora mantep.Swara kang metu saka wetengmujudake kesan ana purbawane lan mantep.

Tuladha teks pawarta kang wis diwenehi pratandha supaya bisa kawaos kanthi bener.

Tempat Pembuangan Sampah Akhir/ Ngablak/ Sitimulya Piyungan Bantul/ dipunbikak wiwit 1996// Papan kang reged lan ngganda kasebat/ tumraping tetiyang ing sakiwatengenipun TPA/ pranyata boten ndadosaken perkawis punapa-punapa// Kepara mujudake papan ingkang ngrejekeni/ ing wekdal sakawit saderengipun TPA dipunbikak/ kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat/ mrihatinaken// Nanging sasampunipun TPA dipunbikak/ panggesanganing warga/ mbaka sakedhik saya mindhak sae/ awit ndayakaken uwuh ing papan punika//

Salah satunggaling warga Ngablak/ Ahyar/ ugi nelakaken/ bilih sasampunipun TPA ngablak dipunbikak/ kios ban lan tambal banipun tansaya rame// Kajawi punika/ warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan/ uwuh punapa dene ngingah lembu/ saengga panggesanganipun saya mindhak//

Para warga ing sakiwatengening TPA/ sewaunipun boten mangertas/ menawi uwuh punika wonten pengaosipun// Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat/ para warga nembe gumregah/ tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya sae/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...