Translate

Kamis, 04 April 2024

Mendiknas: Pendhidhikan Kudu Tetep Dadi Lokomotif

 Dening Imam As

Mendiknas Prof. Dr. Bambang Sudibyo, MBA., ngajak kita kabeh ndadekake pengetan Hardiknas taun 2006 minangka motor pembangunan peradaban bangsa Indonesia, saengga dadi bangsa kang anduweni budaya, cerdas, lan bisa lelumban ing donya internasional. Mendiknas uga nandesake apa wae kang dadi persoalan lan tantangan bangsa kita, pendhidhikan kudu tetep dadi lokomotif kanggo owah-owahan lan modernisasi bangsa kita.

      Miturut Mendiknas, kanggo njawab maneka tantangan kanggo nggayuh tujuwan pendhidhikan kita tembe, ing Renstra Pendhidhikan taun 2005-2006 wis ditetepake telung sasaran pembangunan pendhidhikan nasional, yaiku njembarake pendhidhikan, ningkatake mutu lan relevansi pendhidhikan, lan ningkatake tata pamrentahan, akuntabilitas, sarta pencitraan publik. Seliyane kuwi, kita uga kudu ngantisipasi arah pembangunan merga nyadari manawa bangsa Indonesia isih ngadhepi maneka persoalan “kehidupan berbangsa dan bernegara”, kalebu jrone bidang pendhidhikan.

      Mendiknas uga mratelakake, minangka landhesan hukum jrone nyelenggarakake reformasi pembangunan pendhidhikan, kita wis nduweni UU nomer 2 taun 2003 ngenani Sistem Pendidikan Nasional lan maneka kebijakan operasional kang diperlokake, kalebu PP nomer 19 taun 2005 ngenani Standar Nasional Pendidikan.

      Dielingake dening Mendiknas, pendhidhikan nasional nduweni peran kang srategis kanggo wujude masyarakat, bangsa, lan Negara kang berjiwa nasional. Kanthi mengkono tugas utama kita yaiku terus mbudidaya mekarake pendhidhikan nasional saperlu njawab maneka tantangan lan owah-owahan nuju sakabehe aspek penguripan ing Negara kita. Merga iku, peserta dhidhik perlu disangoni pengetahuan kang cundhuk karo tuntutan jamane yaiku amrih dadi generasi pengarep-arep bangsa.

(Panyebar Semangat Nomer 21, tanggal 27 Mei 2006 kaca 9).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...