Kawiwitan
saka pamarintahan R. Kembangjoyo, sing bisa nggatukake telung pamarintahan
wektu kuwi. Yaiku pamarintahan Paranggaruda, Carangsoka, lan Mojosemi.
Kadipaten Paranggaruda wilayahe ana ing kidul kali Juwana. Penguasa kadipaten
Paranggaruda gelare Adipati Yudapati. Wilayah kekuasaan kadipaten Paranggaruda
yaiku daerah sing saiki dadi kecamatan Batangan, Jaken, Jakenan, Pucakwangi,
Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan separone wilayah Rembang.
Petilasan pusat pamarintahan Paranggaruda ana ing desa Goda kecamatan Winong.
Kadipaten Carangsoka lan Mojosemi wilayahe ana ing daerah lor kali Juwana.
Panguasa kadipaten Carangsoka duweni gelar Adipati Puspahandungjaya, duweni
putra tunggal jenenge Dewi Rayungwulan. Wilayah kadipaten Carangsoka ngliputi
daerah sing saiki kecamatan Trangkil, Juwana, Pati Margorejo, Tlogowungu, Gembong,
Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak lan separo
ngliputi wilayah Jepara wetan. Petilasan pusat pamarintahan Carangsoka ana ing
desa Sukoharjo kecamatan Wedarijaksa. Wektu iku telung kadipaten iku kapisahake
karo segara / selat sing saiki dadi kali Juwana utawa jaman kae dijenengi kali
Silugonggo. Yen warga Pati saiki ngarani kali Ngantru.
Adipati
Yudapati, penguasa kadipaten Paranggaruda iku direwangi karo Patih, yaiku
Yuyurumpung sing duweni prajurit kang diandalake yaiku Sondong Majeruk lan
direwangi para bekel lan demang Gendolo, demang Semut, demang Gunungpati,
demang Tlogomoyo, demang Jembangan. Adipati Yudapati duwe putra tunggal jenenge
R. Bagus Menakjosari. Nanging rupane elek lan cacat ing tanganlan
driji-drijine. Adipati Yudopati duweni angen-angen arep ngentukake R. Josari
karo Dewi Rayungwulan putra tunggal R. Puspohandungjoyo. Nanging amarga duweni
rupa elek, cacat lan dheweke krungu yen R. Josari iku duweni watek sombong,
congkak, seneng foya-foya ngentekake dhuwit Negara, mula iku dheweke arep nolak
lamaran saka R. Josari kanthi cara kang alus, dheweke gelem nikah yen R. Josari
nyanggupi syarat sing dijaluk, yaiku Dewi Rayungwulan njaluk pinangan
seperangkat gamelan kang bisa muni dhewe. Krungu kaya ngono R. Josari raine
abang, dheweke nganduk amarga syarat iku ora bakal bisa diwenehake, iku awujud
penolakan alus.
Nanging
sapa nyana singapati saka kadipaten Paranggaruda nemokake dalang kang saben
pagelaran wayang ora tau nggawa gamelan nanging ana suara gamelan. Ki Dalang
iku jenenge Ki Dalang Sapanyana. Ki Dalang langsung ditemokake karo Adipati
Yudapati karo 2 sindene, yaiku Ambarwati lan Ambarsari.
Wektu
Ki Dalang Sapanyana lan kaloro sindene nganakake pagelaran wayang ing kadipaten
Carangsoka, Adipati Puspahandungjaya lan Prameswari wis ora bisa ngomong
apa-apa maneh. Dewi Rayungwulan sanalika iku banjur mlayu ana ing praduan Ki
Dalang Sapanyana. R. Josari ngamuk banjur njabut kerise lan nyerang Ki Dalang
Sapanyana nanging Ki Dalang bisa ngindar lan keris mau malah kena R. Josari
dhewe. Adipati Yudapati ngamuk lan njaluk Adipati Puspahandungjaya supaya
nyerahake Ki Dalang Sapanyana. Nanging Adipati Puspahandungjaya mendel wae,
mula iku Adipati Yudapati murka lan duwe niat arep nggempur Carangsoka.
Adipati
Puspahandungjaya krungu kabar iku. Dheweke banjur ningkatake kewaspadaane lan
nyusun strategi kanggo ngadepi pasukan Paranggaruda. Adipati Puspahandungjaya
ngundang Senopati Kembangjaya kanggo ngrembug taktik kanggo ngadepi gempuran
iku.R. Kembangjaya iku pemuda kang gagah lan ganteng. Senajan umure isih enom
nanging dijuluki ahli pertapa amarga duweni kesaktian kang sekti mandraguna. Senopati
Kembangjaya menehi usul supaya nyusul R. Sukmayana ing pertapan Telamaya ing
kawasan Gunung Muria. Adipati nrima usul iku banjur ngongkon utusan marani R.
Sukmayana.
R. Sukmayana yaiku mas ipare Senopati Kembangjaya. Dheweke uga pendekar sekti, duwe pusaka kang ampuh yaiku kuluk kanigara lan keris rambut pinutung. Adipati Yudapati mimpin langsung para prajurit banjur marentahken penggempuran. Nalika perang, Adipati Yudapati kena tombak lan pedang. Dheweke mati banjur prajurit sing isih padha nyerah. Sanalika iku prajurit Carangsoka lunjak-lunjak saking senenge. Banjur R. Kembangjaya diwenehi gelar Adipati Carangsoka lan didadekake bojone Dewi Rayungwulan. Ki Dalang Sapanyana didadekake patihe R. Kembangjaya. Ambarwati lan Ambarsari disunting karo R. Sukmoyono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar