Translate

Kamis, 04 April 2024

Pangertene Crita Pengalaman Pribadi

A.    Pangertene Crita Pengalaman Pribadi

Crita pengalaman pribadhi dumadi saka 3 (telung) tembung, yaiku crita, pengalaman, lan pribadi. ‘Crita’ yaiku lelakon sing diandharake lumantar lisan utawa tulisan. ‘Pengalaman’ yaiku kedadeyan sing wis kliwat utawa wis tau dilakoni menungsa wiwit biyen nganti saiki, dene ‘pribadi’ yaiku dhiri utawa awak. Miturut pangerten ing dhuwur, crita pengalaman pribadi yaiku crita pribadi sing wis dilakoni dening pawongan.

B.     Unsur Intrinsik Crita Pengalaman Pribadi

Kaya dene unsur intrinsik crita, unsur intrinsik crita pengalaman pribadi dibagi dadi loro (miturut wujude), yaiku unsur lair lan unsur batin. Rong unsur mau dijalaske ing ngisor iki.

a.       Unsur lair ana 5 (lima), yaiku 1) underan (tema): 2) paraga lan sifat paraga (tokoh lan penolohan): 3) lelakon (alur): 4) Plot: 5) pamilihing tembung (pemilihan diksi).

1)      Tema yaiku titikan crita sing sifate umum. Meh kaya judhul, nanging dudu judhul. Cara pamikiran bodhone, tema digambarake kaya dene ‘bab’, dene judhul mono kaya dene ‘subbabe’

2)      Paraga lan sifat paraga. Tuladhane, ‘Didik’ (minangka paraga). Dene ‘galak’ minangka sifate.

3)      Lelakon, yaiku lakuning crita wiwit penengalan, penanjakan, klimaks, antiklimaks, penyelesaian.

4)      Plot wujude ana telu, yaiku 1) papan: 2) wektu: lan 3) kahanan.

5)      Pamilihing tembung, basa sing dipilih yaiku basa rinengga utawa basa indah.

b.      Unsur batin ana 3 (telu), yaiku 1) amanat: 2) nilai: 3) makna.

C.    Sipat Pengalaman Pribadhi

Miturut isining crita, sipat sajroning pengalaman pribadi bisa arupa sipat seneng, sedhih, sereng, jengkel, gecul (lucu), greget (semangat), lsp.. Sipat-sipat iki ora ditulis sajroning crita. Titikan anggone nemtokake sipat-sipat crita bisa ditonton saka isi crita. Saliyane bab kuwi, kanggo nemtokake sipat bisa uga dirasakake lumantar trap-trapane artikulasi, ekspresi, lan intonasi.

Pengalaman ateges apa-apa kang wis nate dialami. Pangerten wis dialami ora banjur kudu awake dhewe kang ngalami, nanging uga bisa dening wong liya, lumantar dicritani utawa maca pengalamane wong liya. Saben wong duwe crita pengalaman kang maneka warna. Pengalaman kuwi ana kang ndadekake senenging ati, gawe ati lara, gawe susahe ati, gawe guyu lsp.

            Manawa crita pangalaman kuwi nyenengake, lucu lan gawe regenging swasana, biasane kepengin dicritakake marang kanca, kaluwarga lan sakpanunggalane. Crita kang lucu bisa gawe panglipur ati lan nambahi awet enom. Lucu mau amarga saking bodhone, ketula-tula utawa kapinterane ndadekake geguyon kanggone wong liya. Tuladha pengalaman lucu bisa diwaca ing rubrik Apa Tumon kalawarti minggon Panyebar Semangat utawa rubrik Ana-ana Bae ing minggon Jaya Baya. Kanggone panganggit, nulis crita lucu bisa kanggo gladhen nulis kanthi runtut pengalamane, tumrap sing maca bisa kanggo gladhen maca lan mangerteni isine.

Crita ing ngisor iki gatekna:

  1. Tekan sekolahan D krasa ana sing aneh. Sikile krasa piye ngono yen dianggo mlaku. Bareng ndelok ngisor…ealaah jabang bayik! Sepatu sing kudune kiwa tengen, jebule kok sing dianggo D sepatu sing sisih kiwa kabeh. Dadi sikil kiwa lan tengen nganggo sepatu sisih kiwa. Coba panjenengan bayangna piye gaya mlakune D. Akhire kepeksa D mara menyang kelase mase saperlu ijol sepatu, lha wong mase ya kepeksa nganggo sepatu sisih tengen kabeh. Masiya karo mecucu! Lha iya apa tumon, ndahneya olehe mlaku rak pada miringe…he…he…
  2. Wedhuse Kandhi kena penyakit, sikile pincang. Saking sayange karo wedhuse, lha kok mara ing omahe pak Ketua RT, njaluk layang keluarga miskin arep kanggo pengantar nambakake wedhuse. Dhasar sing njaluk layang wong gebleg, ketua RT melu nggeblegi pisan: “Kowe dakgawekake layang, Ndi. Wedhusmu iku mbok menawa kaserang penyakit polio, kudu cepet diobati. Becike gawa ing Posyandu sesuk, ben disuntik lan diparingi vitamin. Amarga wedhusmu iku kurang gizi”.

“Inggih nek ngaten Pak, enjing-enjing kula bekta ting Posyandu, ing daleme Pak Modin. Mangke kersane ngiras ditimbang.”

Sesuke wedhuse digawa neng Posyandu. Dipondhong dicedhakake pegawai Puskesmas.

“Mendha kula sakit polio Bu, kirang gizi. Nyuwun dipuntimbang, kaliyan diparingi vitamin.”

“Nuwun sewu Pak, ngriki mung mligi mriksa balita!” keterangane Bu Bidan karo ngguyu.

“Lho menda kula mboten saged dipun obati ting ngriki?”

“Mboten saged, mboten dhateng ngriki pengobatane!”

“Lha dhateng pundi Bu pengobatane?”

“Dhateng bakul sate!” jawabe Bu Bidan karo ngempet ngguyu.

Wong-wong sing ana kono padha ngguyu kabeh. Apa tumon?

  1. Ana sawenehe wedhus wadon sing ngalang-ngalangi dalan, mula aku nyoba nyingkirake kanthi njorogake bokonge ben nyimpang, nanging wedhus mau kaya ora seneng lan nyoba bertahan, mula aku lan si wedhus kaya surung-surungan. Dumadakan ora ngerti saka sangkaning bilahi ngerti-ngerti bokongku krasa disuduk saka buri mak gabrus…nganti aku meh krungkeb. Bareng tak toleh ana wedhus bandhot sing sikile ngarep loro pisan diangkat sajake wis siap nyruduk maneh. Tanpa mikir dawa aku mlayu sipat kuping. Sing nggegirisi maneh jebul bandhot kuwi mburu aku, oyak-oyakan nganti pirang-pirang menit. Wong-wong sing ndeleng padha ngguyu kabeh. Gandheng aku wis kesel, mula aku mandheg pasrah arep dikapakake karo si bandhot. Eh jebul bandhot kuwi uga mandheg lan kluntrang-kluntrung ninggalke aku. Apa tumon, ana bandhot kok cemburu amarga kekasihe diganggu wong lanang?
  2. Lagi ibut mangan, dumadakan anakku ragil nylemong seru banget, “Pak, mengko balunge nggo aku yaa!!” Dheg! Kagetku kaya disamber bledheg, ora ngira anakku arep nylemong kaya ngono. Daksawang para tamu padha nyawang menyang mejaku karo mesam-mesem. Aku mung bisa tumungkul, njejak sikile anakku karo ngeses, “Sttt!!” Isinku jian ora ketulungan. Apa tumon, kadhung kulina yen bar oleh brekat kendhuren anakku ragil mesthi njaluk perangan sing ana balunge. Lha kok iki neng restoran internasional mbengok, “Pak, balunge nggo aku yaa!”.

Bab kang narik kawigaten ing crita kuwi:

  1. Saking kesusune olehe mangkat sekolah, sepatu kang dienggo jebul sisihan karo sepatune kangmase, iku kedadeyan kang ngguyokake.
  2. Saking bodhone si Kandhi dadi gampang dibodhoni, mosok ana wedhus ditambakake neng posyandu kang sabenere kanggo mriksa balita. Iku kedadeyan kang ngguyokake.
  3. Merga oyak-oyakan karo bandhot kang nesu ngerti kekasihe diganggu, crita iki wujud kedadeyan kang ngguyokake.
  4. Saking kulinane njaluk perangan iwak pitik sing ana balunge yen mangan neng omah, jebul digawa nalika mangan ing restoran internasional. Ndahneya gawe isine bapake. Kedadeyan iki uga crita kang ngguyokake.

Ing dhuwur kuwi tuladha crita pengalaman lucu. Perkara kang gawe crita kuwi lucu, kayata saking kesusune, saking bodhone, saking kulinane lan amarga salah paham.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...