Translate

Kamis, 04 April 2024

PANATACARA

 

A.  Pangerten

Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Anggenipun dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkan dipunwastani 4W, kang isinupun : Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.

Pranata cara kabagi pirang-pirang penganggone yaiku :

1.      Pranata cara pahargyan manten

2.      Pranata cara acara supitan

3.      Pranata cara acara qeqahan

4.      Pranata cara kesripahan

 

B.  Sarat Pranatacara

Jejibahaning pranatacara limrahipun inggih prasaja, inggih menika ngaturaken acara setunggal baka setunggal ing acara menapa kemawon.

Acara sepisan menika, dhumateng Bapak... sumangga. Lajeng ngaso. Acara kaping kalih menika... dhumateng Ibu... sumangga.

Makaten salajengipun namung ngaturaken acara setunggal baka setunggal. Nalika para tamu ngunjuk pranatacara inggih ngemum, nalika para tamu dhahar, pranatacara inggih dherek nedha. Ingkang baku acara sampun saged lumampah. Beda kaliyan pranata adicara, kajawi nindakaken ingkang kados katindakaken pranatacara, pranata adicara saged ngisi acara damel regeng ngregenging swasana. Upaminipun nalika para tamu nembe ngunjuk, pranata adicara nyandra para tamu, nyandra sasana pawiwahan, nyandra tarub. nalika para tamu nembe dhahar, pranata adicara nyandra temanten. Gampilipun pranata adicara saged akarya regenging swasana, boten sepa,sepi,samun. Pranata adicara boten badhe katelasan wicara sarta perkawis ingkang kawedhar (materi/bahan) kangge ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi menika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres

C.  Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda

Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

 Sejatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

 Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.

 Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

1.      Swara

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).

Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.

2.      Busana ( Ageman )

 Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae.Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacar punapa ingkang badhe dipun ayahi.

Jejering pranatacara saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

Wonten ing babagan mangagem busana ( ageman ) punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika :

“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

( Menggunakan Pakian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin, jadi harus sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan waran pakaian, pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )

Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara saha pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.

3.      Subasita ( Trapsila )

Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, saged ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening ing asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa.

4.      Basa lan sastra

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.

Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam  saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

Leres  : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan parasastranipun.

Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

5.       Ancer – ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda.

Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.

Pathokan-pathokan wau inggih punika :

a.  Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa.

b.     Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.

c.  Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.

d. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.

e.   Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.

f.  Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.

g.      Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

 D.   Sangune pranatacara :

1.      Swara(ngenge) = Swara kudu di gladhi kanthi temen tur ajeg

2.      Sikap lan solah bawa = napas ora megap-megap

3.      Pandeleng = ora jlalatan , ora ndhingkluk wae

4.      Panganggo = milih corak lan kelir sing pas karo pakulitane , ora perlu kakehan aksesoris

5.      Kawruh rengga basa/sastra = ngati-ati nyebut title lan gelar

6.      Trajange  = bisa nguwasani swasana,trengginas lan ngentasi gawe / ora nunak-nunuk

Ingkang dipun ugemi :

1.      Gladhen

2.      Mangertos pawiwahan

3.      Gadah sangu

Rantamaning sesorah :

1.      Salam pambuka

2.      Purwaka

3.      Isi

4.      Wigati (kesimpulan)

5.      Pangajeng-ajeng

6.      Wusan/purna/akhir/entek-entekan

 

E.   Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda

Prantacara kerep uga diarani denign babrayan agung minanga prantacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).

         

Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pambhagyaharja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa nampa pasrahe temante, khutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedharsabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda kayata, ceramah, sesuluh dines (penyuhan dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umuh, wisuda, lan liyane.

F.   Sarat Panatacara

Kanthi gladehn lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

1.      Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe

2.      Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini

3.      Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong

4.      Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.

5.      Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

6.      Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa

7.      Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

Kajaba sarat laku pitu iku isih ane maenh sarat liyane kang kudu digladhi.

 

G.  Perangane teks Pranatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks pranatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks prantacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaiku:

1.      Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

2.      Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

3.      Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

4.      Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening prantacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.

5.      Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

6.      Salam penutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...