ULANGAN SEMESTER
GANJIL/ KELAS X
Ing antarane sakehing seni musik
kang urip lan tuwuh ana sadhengah
negara, gamelan Jawa mujudake sing paling becik ing salumahe jagad.
Tegese apik ing kene ora mung marga ricikane dumadi saka maneka jinis engga
carane nabuh mbutuhake pemain akeh kaya
dene orkestra Barat. Kajaba kuwi gamelan uga rinasa ramah, gampang disinau
dening sapa wae, kalebu para semula kang sakawit durung tau tepung babar pisan
karo seni musik etnik iki.
Pambiji mau dingendikakake Prof
Jack Body, Guru Besar Etnomusikologi
School Of Music Wellington (SOMW),
Universitas Victoria, New Zealand, nalika aweh andharan ing Sarasehan Budaya
Jawa mapan ana Pendhapi Gedhe, Balaikota Sala, durung suwe iki. Narasumber
liyane sing paring sesorah ing antarane rohaniawan lan budayawan Prof Dr Mudji Sutrisno sarta Budi Saroso Putra, dosen karawitan ing SOMW, ngrangkep minangka pangarsaning Padhang
Moncar, sawenehe grup gamelan Jawa
saka New Zealand. Esuk sadurunge kelompok
iki dalah grup gamelan Bali Taniwha Jaya
sing kabeh anggotane mujudake warga’ Negara Kiwi’ utawa Selandia Baru kasebut
merlokake teka menyang Sala saperlu
nggelar konser kolaborasi mapan ana Plaza Sriwedari.
Wis akeh dikawuningani yen saben
bangsa ing Eropa, Amerika, Cina, India
lan liya-liyane kabeh padha duwe kesenian music kanthi ciri
mligine dhewe-dhewe(1). Ewadene tumrap Jack Body seni gamelan kawawas istimewa
banget(2). Jinis instrumene kang puluhan cacahe butuh panyengkuyung watara 20
nganti 25 penabuh, utawa pengrawit istilah lokale(3). Manut panemune Jack Body,
iki kalebu istimewaawit ora ana seni musik saka Negara ngendi wae sing mbutuhake pemain nganti
semono akehe, kejaba orkestra Barat(4). “
Kanggo nggelar orkestra Barat sethithike butuh 80-an pemain(5). Nanging jinis musik iki, paling ora kanggoku rasane
isih kaku(6). Kudu ana konduktor sing
ngabani kapan intro kawiwitan lan coda
dipungkasi kanthi wektu sarta tempo kang pas(7). Beda konser gamelan, ora diperlokake
konduktor,” ucape pakar etno musikologi
Universitas Victoria iku(8).
(Gamelan, Seni
Musik Paling Istimewa Sajagad, kapethik saka PS No.38-21 September 2013)
1. Gagasan pokok ing paragraf
1 ing ndhuwur yaiku…. Jawaban A
a.
Ing
sakehing seni musik, gamelan Jawa mujudake sing paling becik
b.
Gamelan
ricikane becik
c.
Gamelan
mbutuhake penabuh akeh
d.
Gamelan
rinasa ramah, gampang disinau
e.
Gamelan
ricikane becik lan rinasa ramah, gampang disinau
2. Ditonton saka
papan panggonane ukara pokok ing
paragraf 1 ing dhuwur diarani….JWB C
a.
Induktif
deduktif
b.
Induktif
c.
Deduktif
d.
Ineratif
e.
Deskriptif
3. Gagasan pokok ing
paragraf 3 ing ndhuwur dumunung ana ukara nomer….Jawaban A
a.
1-2
b.
2-3
c.
4-5
d.
6-7
e.
7-8
4. Ukara panjelas
paragraf 3 ing ndhuwur kedadeyan
saka….ukara. Jawaban C
a.
8
b.
7
c.
6
d.
5
e.
4
5.
Ukara pitakonan kang
cocok kanggo paragraf 2 yaiku….Jawaban C
a.
Kapan
pambiji mau dingendikakake Prof Dr Mudji
Sutrisno ?
b.
Kepriye
pambiji kang dingendikakake Prof Jack Body babagan gamelan kuwi istimewa?
c.
Sapa
wae narasumbere ing Sarasehan Budaya Jawa ?
d.
Apa
bener Prof Jack Body ngendikan yen konser gamelan ora merlokake konduktor ?
e.
Kenapa
seni gamelan kawawas istimewa banget ?
6. Ukara ing ngisor
iki sing ora slaras klawan EYD Jawa yakuwi….Jawaban B
a. Kudu ana konduktor sing ngabani
kapan intro kawiwitan lan coda
dipungkasi kanthi wektu sarta tempo kang
pas.
b.
Ing
sakehing seni musik, gamelan jawa mujudake sing paling becik
c.
Pambiji
mau dingendikakake Prof Jack Body.
d.
Pambiji
mau kaandharake ing Sarasehan Budaya Jawa mapan ana Pendhapi Gedhe, Balaikota
Sala, durung suwe iki.
e.
Narasumber
liyane Budi Saroso Putra, dosen karawitan ing SOMW, ngrangkep minangka pangarsaning Padhang
Moncar, sawenehe grup gamelan Jawa
saka New Zealand..
7. Kanti pandamelan menika
pak samina saged paring tulada dateng anak-putunipun. Ukara kuwi yen
dibenerake miturut EYD Jawa dadi….Jawaban
D
a.
Kanthi pandamelan menika pak Samina saged paring
tulada dateng anak-putunipun
b.
Kanti pandamelan
menika Pak Samina saged paring tulada dateng anak-putunipun
c.
Kanthi pandamelan menika Pak samina saged paring tuladha dateng
anak-putunipun.
d.
Kanthi pandamelan menika Pak Samina saged paring tuladha dhateng anak-putunipun.
e.
Kanthi pandamelan menika Pak Samina saged paring tuladha dateng
anak-putunipun.
8. Paragraf 1wacana
ing ndhuwur yen diringkes dadine…Jawaban
E
a.
Gamelan
ricikane becik
b.
Gamelan
ricikane becik lan mbutuhake penabuh akeh kaya dene orkestra Barat
c.
Gamelan
rinasa ramah, gampang disinau
d.
Gamelan
ricikane becik lan ora rinasa ramah
e.
Ing
sakehing seni musik, gamelan mujudake sing paling becik
9. Welingan/pesen kang diaturake marang wong akeh arane...
a. wara-wara
c. pawarta
e. cecala
b. sesorah
d. nawala
Wara-wara
Kanggo para siswa kang tak tresnani,
Gegayutan karo dina dumadine SMA Negeri
9 Rembang, pamong pengetan dina klairan sekolah arep nganakake pagelaran seni.
Kanggo ngregengake pagelaran seni mau,
saben kelas diwajibake urun kiprahe kanggo ngisi pagelaran mau. Amrih ora
dumpyuk karo klas liya, mula saben kelas enggal paring palapuran jinising seni
kang arep digelar marang Bapak A. Sartono minangka pamong adicara, telat-telate
tanggal 4 Desember 2013.
Wasana muga-muga dadekake kawigatene
kanggo para siswa.
Pati,
13 November 2013
Kepala Sekolah,
Drs. Slamet Sutikno, M.Pd.
10. Apa wosing wara-wara ing ndhuwur....Jawaban C
a. dina klairane sekolah
b. dina klairan kabupaten Rembang
c. printah marang siswa supaya urun
pagelaran seni
d. pagelaran seni
e. palapuran pagelaran seni
11. Penutupan palapuran pagelaran seni kuwi
yaiku….
a.
1 Desember 2013
b.
2 Desember 2013
c.
3 Desember 2013
d.
4 Desember 2013
e.
5 Desember 2013
12. Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo….
a.
Para siswa kelas X
b.
Siswa kelas X lan XI
c.
Para siswa kelas XII
d.
Kabeh siswa
e.
Kabeh siswa lan pamong.
13. Para lenggah
ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan ing siyang kalenggahan
punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan
raos panuwun ingkang tanpa pepindhan,
suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan
panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan
kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning pahargyan.
Perangan sesorah
ing ndhuwur kalebu…
- Atur puji syukur
- Atur panuwun
- Atur kasugengan
- Wedharing gati
- Panutup
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli
pitakonan No.11
Dhumateng para
rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih,
saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti . Temanten tansah
raharja, bagya mulya Lan antut runtut dumugi kaken ninen. Mboten kesupen
mugi¬mugi enggal dipunparingi momongan ingkang bekti dhumateng rama-ibunipun,
agami, bangsa tuwin negari. Amin.
Para rawuh ingkang minulya, mboten kesupen Bapak ibu Siswadi sakulawarga hangaaturaken
agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya. Ingkang
awujud punapa kemawon saengga Bapak Siswadi sekaliyan saged ngawontenaken
pahargyaning wekdal punika. Mugi-mugi sedaya amal kesaena panjenengan sedaya
pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.
14. Isi pambagyaharja
kasebut yakuwi….
a. Para rawuh mugi tansah raharja, bagya mulya lan antut runtut dumugi kaken
ninen.
b. Para rawuh ingkang minulya, hangaaturaken agunging panuwun awit sumbangsih
saha pambiyantu panjenengan sedaya.
c. Para rawuh mugi amal kesaena panjenengan sedaya pikantuk piwales saking
Gusti Ingkang Maha Agung.
d. Para rawuh mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih
e. Para rawuh mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih,
saha Bapak ibu Siswadi sakulawarga hangaaturaken agunging panuwun awit
sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya.
15. Sing kalebu wedharing
gati yakuwi ….
- Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh
ingkang satuhu kinabekten. Para
pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah
sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
- Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu …
ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken
ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman
panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
- Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget
ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang
sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun
kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun
Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin.
Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
- Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali
atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt
saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu
awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa
kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran
Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan
lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
- Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing
serat sedhahan saha sampun kaaturaken sedherek ingkang sowan wonten ngarsa
panjenengan, boten wonten awonipun menawi kula aturaken malih. Kados
ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing
asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih
gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun
Bapak/Ibu ….
16. 1. Salam pambuka
2.
Atur
puji syukur marang pangeran
3.
…………
4.
Wedharing gati/ wosing pambagyaharja
5.
Atur nyuwun pangapura(tumrap sing
kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadi)
6.
Panutuping atur/salam
Jangkepe
kang paling trep cengkorongan pambagyaharja ing ndhuwur yaiku….
a.
Pambuka
b.
Inti/isi
c.
Atur kasugengan
d.
Atur kasugengan kairing atur panuwun
e.
Atur sugeng rawuh para tamu
17. Perangan sesorah sing isine ngandharake bab kahanan,
ngunjukake muji syukur
lsp kalebu …..
a. Adawiyah
b. Bebuka c. Surasa /
isi d. Panutup e.
Titiwanci
18. Perangan sesorah sing isine ngrembug babagan sing baku /
pokok kalebu …
a. Adawiyah
b. Bebuka c. Surasa /
isi d. Panutup e.
Titiwanci
19. Nugraha nalikaning ana pasamuan tanpa
mangerteni apa-apa kapatah menehi
sesorah. Metode kang digunakake Nugraha yaiku ….
a.
Metode naskah b. Metode
impromptu c. Metode apalan
d. Metode tanpa persiapan
e. Metode teknik
20. Kanggo mengeti lan mahargya dina lahire
Ibu Kartini, Dinas Pendidikan nganakake Lomba Sesorah kanggo siswa SMA. Gadiza
arep melu sesorah kuwi, gandheng ora tau melu lomba sesorah, Gadiza nggawe
cengkorongan banjur ditulis komplit lan diapalake. Metode sesorah sing kagunakake Gadiza yaiku ….
a.
Metode naskah b. Metode
impromptu c. Metode apalan
d. Metode tanpa persiapan e. Metode teknik
21. Metode sesorah ing biasa digunakake ana
pidhato kenegaraan yaiku …..
a.
Metode naskah b. Metode
impromptu c. Metode apalan
d. Metode tanpa persiapan e. Metode teknik
22. Ing ngisor iki syarat-syarate amrih hasile sesorah , kajaba
…..
- Nduweni kewanen lan tekad kang
kuat
- Nduweni wawasan ngelmu/kawruh kang
omber
- Milih lan nyiutake topik
- Galdhen samurwate
- Nguwasani basa kanthi apik tur lancer
23. Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah
yaiku.., kejaba
a.
Temtokake ancasing sesorah
b.
Nganalisis situasi lan pamirenge
c.
Ngumpulake bahan
d.
Nggawe cengkorongan
e.
Paham babagan proses komunikasimassa
24. Sesorah kelebu kaprigelan …..
a.
Micara
b.
Nyerat
c.
Nyemak
d.
Maos
e.
Sastra
25. Tema sesorah kang cocok kanggone bocah sing ora nduweni
greget sinau yaiku
- Budi Pekerti
- Pentinge sinau
- Narkoba
- Pendhidhikan
- Akhlak kang becik
26. Ing ngisor iki sing kalebu atr puji syukur marang
Gusti Allah yakuwi ….
- Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh
ingkang satuhu kinabekten. Para
pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah
sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
- Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu …
ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken
ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman
panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
- Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget
ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang
sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun
kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun
Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin.
Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
- Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali
atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt
saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu
awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa
kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran
Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan
lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
- Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing
serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa
panjenengan, boten wonten awonipun menawi kula aturaken malih. Kados
ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing
asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih
gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun
Bapak/Ibu ….
27. Dene sing kalebu atur kasugengan kairing atur panuwun yakuwi
….

28. Ing ngisor iki sing kalebu panutuping atur yakuwi ….
- Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika,
senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan
ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten
wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning
manah menggah kasunyatanipun.
- Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji
pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih
adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh,
ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila
anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang
kapatedhan nama pun Bagus ….
- Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau
sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala,
awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika
adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak
kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa
cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah
piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi
bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi
tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.
- Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih
nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih,
miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang
awujud menapa kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman
saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih
adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi
sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu
nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah.
Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.
- Minangka
pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana
dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun
agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira
saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur,
gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata
basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksama.
29. Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten
wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking
panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun …
kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal
saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna
manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang
mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh,
tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning
agami ingkang rinengkuh. Amin.
Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu ….
- Atur puji syukur
- Atur panuwun
- Atur kasugengan
- Wedharing gati
- Panutup
Tidak ada komentar:
Posting Komentar