Translate

Kamis, 04 April 2024

PAWARTA

KAPAN KERAMIK WIWITAN DIGAWE ?

Yayahkiki

            K

eramik pisanan digawe kurang luwih sepuluhewu taun kepungkur. Sejarahe, satemene mung kanggo njaga amrih banyu ora netes saka bolongan menyang keranjang, bagian njerone keranjang mau dilapisi lempung teles. Nanging sawijining dina, tanpa sengaja keranjang iki ceblok ing wuwu (geni). Damene entek kobong, lan keramik kang pisanan dadi.

      Keramik dibedakake telung jinis, yakuwi keramik lemah, keramik batuan, lan porselen. Jinis kang paling prasaja digawe saka lemah banjur diobong yakuwi kang disebut grabah. Nanging grabah isih ana pori-porine saengga banyu bisa ngrembes.

      Selaras klawan majune jaman, wong banjur sinau yen watu-watu jinis tinamtu bisa dilelehake dadi sejinis kaca. Watu iki banjur dialusake dadi glepung lan dicampur klawan lempung. Grabah iki banjur disebut keramik batuan. Keramik batuan kang ora bocor banjur dipigunakake kanggo masak.

      Sasuwene dinasti Tang (618-906 Masehi), wong Cina wiwit nggawe keramik jinis liyane. Yakuwi kagawe saka lempung putih khusus kang dicampur klawan glepung watu. Keramik iki disebut porselen, diobong ing angklo kang panase bisa nglelehake wesi. Porselen bisa tembus cahya lan atos.

      Kira-kira taun 3300 sadurunge Masehi, rodha keramik wiwit dipigunakake. Sakepel lempung diseleh ing tengah rodha. Nalika rodha diputer, tatakane mbentuk lempung mau dadi barang-barang tinamtu kang wujude bunder. Kaya pot upamane.

      Kabeh peradaban purbakala, Mesir, Persia, Mesopotamia, padha nggawe keramik kang endah. Wong Mesir malah banjur menehi maneka warna. Wong Persia menehi gambar lsp. Nanging wong Cina tetep kacathet minangka tukang nggawe keramik kang paling endah ing jaman kuna kasebut.

(Penyebar Semangat, Nomer 43 tanggal 23 Oktober 2004, kaca 46).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...