Translate

Kamis, 04 April 2024

PAWARTA

Gedhong cagar budaya Bale Pemuda ing Jl. Gubernur Surya Surabaya kobong, dina Selasa 21 September 2012 wingi. Miturut paseksene wong-wong kang kebeneran ana ing kiwa tengene lokasi, geni kang asale saka mburi gedhong iku wiwit murub watara jam 17.00. Kanthi cepet geni ngobar wuwungan ing Bale Pemuda sarta mbesmi tilas kios wartel. Wali Kota Sirabaya, Tri Rismaharini, kang mertinjo menyang lokasi kobongan melu gupuh. Apa maneh merga dalan gedhe sangarepe gedhong iku macet motar kloneng pemadham kebakaran rekasa nyedhaki papan panggonan kobongan. Tujune geni enggal bisa dikuwasani dening petugas saengga jam 19.00 wis sirep. Nadyan ora nganti ludhes, nanging nganti 70% wewangunan kang madeg ing taun 1902 lan asring digunakake kanggo pameran lukisan uga resepsi iku rusak. Kapolrestabes Surabaya, Kombes Coki Manurung, nduga menawa penyebabe kobongan merga pletikan geni saka listrik kang konslet.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...