Beras Jatah
Selamaya, mujudake desa kang kepencil. Adoh lor, adoh kidul, adoh etan,
lan adoh kulon. Ing wanci kaya ngene iki, antarane ora ketiga lan ora rendheng,
kabeh sarwa mrihatinke. Ora kok merga ora ana warga kang ora nyambut gawe,
ananging samubarang kaya-kaya angel. Kalebu beras. Beras minangka ’makanan
pokok’ tumprap warga Indonesia, ing wanci iki pancen rada angel ngentakake. Ing
Selamaya, senajana panen rendhengan wingi kasil, nanging kanggone para
masyarakat Selamaya luwih milih ngedol parine mawi cara tebasan supaya ora
susah anggone ngrumat gabah lan uga gampang cekel dhuwite. Ananging yen
kahanane wis lumaku kaya mangsa iki, sapa kang arep disalahke? Seneng ngarepe,
getun tiba burine.
Lurah Warso, minangka pandhega ing desa Selamaya, rumangsa priatin
marang kahanan kang diadhepi dening wargane. Bab iki mau dikandakake nalika
kumpulan ing baledhusun, wengi kepungkur.
”Kepriye supaya warga ora patiya kangelan lan bisa kanggo isi lumbung,
beras jatah saka pemerintah sasi iki lan sasi ngarep dijaluk sasi iki wae”.
Ngendikane Lurah Warso njalari wawan rembug.
”Lha wulan ngajengipun kados pundi, Pak Lurah? Menawi wulan menika
panci warga sanget betahaken uwos. Menawi jatah wulan ngajeng dipunpendhet
wulan punika ugi, miturut kula kok radi awrat. Panci saged dipunpendhet wulan
punika, ananging menawi wulan ngajengipun, warga sami dhahar napa, Pak?”, Sukiman minangka Ketua RW I mangsuli.
”Kuwi mengko bisa dipikir maneh, Man. Wigatine, warga entuk lan bisa
mangan kanggo wektu iki”.
”Menawi Pak Lurah kagungan pamanggih kados mekaten, saenipun kados
pundi sumangga mangke miturut pasarujukan ing forum punika mawon.”
Sawetara wektu, saka wawan rembug asile pancen gelem ora gelem, bisa
ora bisa, warga pancen butuh beras. Pasarujukan saka forum, beras sasi buri
pancen kudu diandumke marang warga sasi iki.
Ing dina anduman beras ....
”Pak Luras, nyuwun sewu. Kedahipun beras kang ditampi 20Kg, nggih? Lha
warga kok namung angsal 15Kg. Kados pundi pak Lurah?” pitakone Sri, salah siji
warga nalika ing baledhusun.
”Oh, babagan kuwi….wingi diutus Pak Camat pancen dundumane semana. Yen
ora seneng ya kana, ngomonga marang Pak Camat.”
Pak Lurah ninggalake papan palenggahan kanthi ati campur bawur. Ana
rasa seneng lan ana rasa kagol. Seneng merga bisa entuk bathi anggone dundum
beras, kagol amarga akeh warga kang protes saka dunduman beras kuwi.
”Iya, Pak. Nanti malam langsung
saya kirim ke kota. Alamatnya masih seperti yang dulu, kan?”. Pak Lurah
mandheg sedhela kaya-kaya mireng wong omongan saka adohan kanthi piranti tilpun
kae.
”Oke, Pak. Nanti saya cek
rekeningnya”. Pak Lurah nutukake caturane.
Kardi ing pinggir tembok tratapan nalika krungu rerembugan Pak Lurah
karo sapa kang ora patiya cetha. Kang mesthi Kardi lagi wae paham kenapa Pak
Lurah noraon ngedumke beras mung 15Kg, kamangka jatah kang kudu didumake 20Kg.
5Kg sisane pancen Kardi dhewe kang didhawuhi dening Pak Lurah supaya disisihake
ana gudhang. Ngendikane Pak Lurah, kuwi pancen kang ngutus Pak Camat. Jalarane
apa pancen ora cetha. Kardi mung buruh, dadi ya mung tumindak yen dikongkon lan
ora wani cawe-cawe bab liyane.
Wengine, bener pangangene Kardi. Watara jam 10 bengi, Pak Lurah metu
nitih truk. Saka buri, rombongan kardi lan sakanca ngetutake lakune truke Pak
Lurah. Jam 09.00 esuk, mobil mandheg ana ing salah sijine gudhang kang ana ing
pinggiran kutha Surabaya. Saka adoh mobile Kardi uga melu mandheg. Katan samar,
Pak Lurah caturan karo pria kang piadege gagah. Kardi lan sakanca menthi wae
ora krungu apa kang dirembug. Kang mesthi Kardi lan sakanca wis andum tugas,
apa kang kudu ditindakake sajengkare Pak Lurah saka papan kana.
Ora let suwe, bak truk bagian buri dibuka. Para buruh saka gudhange
pria mau pada ngedhunake beras saka truk. Mung butuh wektu kurang saka 30 menit
kanggo ngedhunake beras. Sawise kuwi pak Lurah lunga. Kardi lan kanca sijine
menyat saka panggon leren lan langsung ngetutake truk pak Lurah, dene Sukiman
lan warga siji liyane mudhun kareben bisaa nyuwun katrangan marang pria mau.
Ing papan liyane, Kardi nyaba ndhisiki lakune truk pak Lurah kanthi
niat ngendhekake. Kasil. Mobil leren ing sangarepe truk. Banget kagete pak
Lurah nalika ngerti kang mudhun saka mobil kuwi rewange.
”Wis, Pak. Panjengengan boten sisah ngendikan napa-napa.Blaka mawon,
Pak. Kula sampun cubriya marang tindak-tanduk panjenengan. Nanging kula boten
saged tumindak napa-napa saderenge kula mangertasi kasunyatanipun piyambak.”
Pak Lurah
mung meneng krasa luput.
Let sedhela ana sms masuk. Saka Sukiman. Sawise maca sms, Kardi lan Pak
Lurah balik menyang gudang beras. Ing kana wis ana juragan beras lan Sukiman.
”Maaf, Pak. Orang yang bapak kira
penjual neras ini benar Kepala Desa kami. Kami juga tidak mengira jika beliau
tega menjual sebagian beras hak warga”, ature Sukiman marang Juragan Beras
kuwi.
Pak Lurah kewirangan amarga solah tingkahe dhewe.
”Pak Lurah boten sisah melang. Namung kita sakanca ingkang mangertasi
bab punika. Kita namung nyuwun tanggungjawab saking panjenengan, Pak. Kasuwun
bapak saged mangsulake beras hakipun warga. Awit saking mekaten, kita boten
badhe matur wewadi punika dhumateng para warga, Pak. Babagan kados mekaten
panci eca, Pak. Ananging menawi warga sami mangertasi napa bapak boten wirang?
Estunipun wirang sanget ta, Pak. Sasaged-sageda ampun dipunambali malih, Pak”.
Sukirman matur dawa-dawa marang kepalane.
Pak Lurah mung meneng, ora wangsulan. Ing atine janji ora bakal
tumindak kaya ngana maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar