Translate

Selasa, 02 April 2024

Prang Speaker Sing Mitunani

        Mbarengi usum karnaval Pitulas Agustus wingi, thukul pakulinan anyar ana satengahing Masyarakat wewengkon Jawa. Yaiku jor-joran speaker utawa sound system. Salon ukurane gedhe kang ditumpuk-tumpuk kuwi diangkut truk banjur diunekake sabanter bantere ing sadawane arak-arakan.

        Cilakane, cacahe ora mung siji loro, nanging bisa nganti sepuluh. Geter swarane music sing diputer kaya nggogrokake marase wong-wong sing ora Kulina krungu swara jedhag-jedhug kanthi volume gedhe mau. Malah kepara ana lapuran menawa ana kaca omahe warga sing kliwatan lakune arak-arakan rengat kaperbawan geter sound system.

        Anehe, nadyan Agustus wis mungkur, jor-joran gedhen-gedhenan lan banter-banteran speaker kuwi isih dibacutake. Mangka cetha saperangan gedhe warga Masyarakat ora nyaman krungu swara bantere ngluwihi wates iku. Mbokmenawa sing muter music ora ngrasakake pasiksan kaya sing dialami Masyarakat sing krungu merga posisine ana samburine sound. Coba yen dheweke uga ngalami, mesthi bakal ngrasakake keganggu atine.

        Wis wancine pulisi nertibake fenomena battle sound mau. Kena-kena wis ngunekake speaker kanggo ngrengake prayaan waton sawajare wae. Volumene ora kliwat wates. Pamrihe supaya warga Masyarakat nyaman lan kegiyatan kasebut oleh simpati. Nanging yen nggugu karepe dhewe saengga nyebabake masyarakat antipati, dhampake bisa nuwuhake pasulayan.

        Ing kene toleransi kudu dijaga. Ngrumangsanana yen manungsa mono ora urip ijen. Aja dupeh sugih, duwe kuwasa, rumangsa kuwat, banjur sewenang-wenang marang liyan. Apa yen wis ngunekake sound banter ngono pelakune wis rumangsa hebat? Glelang-gleleng sandhuwuring truk kanthi kongas? Sing kadadeyan mbokmenawa malah kosok balen. Saperangan gedhe Masyarakat ora seneng klawan trekah mengkono mau.

        Sawenehe tukang ojek online Wanita sambat menawa dheweke trauma ketemu truk ngangkut sound system dhuwur munjung jalaran geter sing dirasakake kaya lindhu. Dheweke ngrasakake jantunge trataban kaya copot-copota. Kober lemes sawise truk sound kuwi mungkur, lan ngebrukake awake ana emperan took. Saiki uger krungu kabar yen dalan sing bakal dilewati makarya ana ramen-ramen sound system, dheweke pili hora kerja.

        Secara psikologi, swara seru sing dikarepake bisa nyebabake sawenehe pawongan saya judheg pikirane engga wekasane stress. Mula minangka manungsa kang kasinungan budi luhur, rasa empati marang liyan kudu didhisikake. Urip mad sinamadan satenngahing bebrayan sing pikirane ora sragam wajib diperdi.

        Ing prekara bettle sound mau wis samesthine aparat tumindak teges nyegah tren kasebut sansaya ngambra-ambra banjur dadi budaya. Aja nganti pahargyan apadene prayaan kamardikan sing kudune pinapag kebak kabungahan malah njalari masyarakat njit-njiten saengga aras-arasen nonton arak-arakan. Panyegahan kanthi cara persuasif perlu didhisikake. Ewadene yen tetep mregudul, bisa dirampungi kanthi cara kan tegas lan teges.


Kapethik saka Pajebar Semangat No. 38, 23 September 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...