Translate

Kamis, 04 April 2024

KENDUREN, APA WIS AREP ILANG?

 Dening Arief Mulyana.

           Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran kenduren. Kenduren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut gawe, kudu dikendureni. Upacara kenduren mono ancase kanggo nggayuh kaslamatan. Muga kenduren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud kenduren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.

            Miturut Herusatoto (1991), kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan  nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan lakuning upacara kenduren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kenduren iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.

           Sejatine kapan kenduren wiwit ditindakake dening wong Jawa? Tekan saiki ora ana wong kang ngerti kanthi premati. Sing cetha, tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama Islam ing tanah Jawa (abad 14-15), wujud lan mantrane kenduren diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara Islam. Mula sing kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo donga-donga Islam saka Qur’an utawa Hadist. Dadi kenduren saiki mono sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah. Apa maneh jamane wis modheran kaya saiki.

                                    (Kapethik saka Kalawarti Sempulur No. 2 Edisi September 2002)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...