Translate

Kamis, 04 April 2024

CONTOH PAWARTA RADHIO

Nuwun, Sugeng siyang para kadang sutresna giyaran Radio Pop FM ing pundi kemawon ingkang nembe leyeh-leyeh sinambi midhangetaken giyaran punika, pepanggihan malih kaliyan kula ing adicara Pawarta Pop, pawarta ingkang wigati ing dinten Slasa Kliwon, surya kaping tiga likur, wulan Januari, warsa 2013.

Kawuningana bilih KA Prambanan Ekspres saking kitha Solo tumuju Kitha Jogjakarta nemoni kacilakan. Gerbongipun ngguling ing tlatah Kalasan, Kabupaten Sleman kala wau sonten tabuh gangsal kirang saprosekawan menit. Prastawa punika njalari cacah puluhan penumpang nandang tatu. Ngantas pawarta punika kagiyaraken, paraga saking Polri saha TNI taksih nindakaken evakuasi korban. Tiyang-tiyang ingkang nandang tatu cacahipun wonten tigang dasa tiga tiyang. Para panandang kalawau dipunbekta wonten ing RS Panti Rini, dene ingkang kalih dasa tiyang wonten ing RS Bhayangkara.

KA Prameks utawi Prambanan Ekspress bidhal saking stasiun Solo Jebres tabuh sekawan kirang saprosekawan menit. Sasampunipun lumampah dumugi Dhusun Krajan, Tirtamartani, Kalasan, Sleman, saperangan gerbong ngguling. Tio, salah satunggaling korban ingkang nandang tatu wonten ing RS Panti Rini, mratelakake bilih saderengipun kacilakan kadadosan, para penumpang kreta kraos wonten keanehan tumprap mlampahipun kreta. Kreta dipunraos mbandul utawi goyang ngiwa nengen saengga njalari para penumpang ajrih. Wusananipun ngguling. Rodha kreta medal saking ril saengga tigang gerbong lajeng ambruk utawi ngguling manengen. Penumpang ingkang nandang tatu kalawau, inggih punika penumpang ingkang lenggah, dene ingkang jumeneng taksih saged gondelan. Makaten criyasipun Tio.

Kepala Humas PT. KAI Daop VI Solo, Eko Budiyanta noraeni bilih wekdal Prameks mlampah tumuju Jogja, penumpangipun kebak sanget. Pak Eko ugi ngendikan bilih kreta nembe kemawon bakda dipuntliti saderengipun bidhal. Kahananipun mesin saha roda ugi sanesipun sae, saengga kacilakan punika boten dipunkangaja. Ewamakaten, PT. KAI badhe naliti sebab-sebabipun kacilakan wonten Kalasan punika.

Makaten menggah pawarta ingkang wigatas dinten punika. Kula ngaturaken sugeng siyang, sugeng midhangetaken adicara salajengipun. Mugi rahayu ing sami pinanggih. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...