Macapat iku tembang tradhisional
ing tlatah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata)
tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat
kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing
Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani
minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging
bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira
muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam
Karya-karya kasusastran klasik
Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat. Sawijining
tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep
minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi'
waé. Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat
kalebu Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha
Puisi tradhisional Jawa utawa
tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lantembang gedhé. Macapat digolongaké
kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan,
déné tembang gedhé arupakakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing
jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan
cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk
marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih
gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké
marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan
cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau
antara liya:
a.
Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
b.
Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c.
Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé
dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Macapat kerep dijarwakaké
minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben
patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang
in two traditions.
Sajabané sing wis kasebut ing
dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing
tandha diakritis (sandhangan)
jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat lagu sing
tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu,
isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lanmaca-tri-lagu. Miturut
ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké
déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning
sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing
saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé. Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi
cacahing bait (pada?) saben pupuh
bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda?) jroning saben
bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri utawa
kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké
déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang
cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
1.
Sejarah
Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti
saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo
geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi
sacara premana. Pigeaud nduwèni
panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku
isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra
ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata
pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum
tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang
tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan
masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun
sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. (
Saputra,1992:14) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan
sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno,
jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun
pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih
kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa
tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I (Tejdohadi
Sumarto,1958 :5) disebutaké yèn tembang macapat ( sing
nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari
saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber
liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara
wali lan bangsawan. (Laginem,1996:27). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri
Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung
Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng,
Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja.
Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani
lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa
tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana
panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
a. Tembang macapat luwih tuwa
tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa
tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang
macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam
wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning
Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn
tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
b. Tembang macapat luwih anom
tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing
wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh,
yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung
banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat
abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi
miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan
macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa
pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya
abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang
perkembangan macapat.
c.
Tembang macapat adhedhasar
perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké
yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar,
nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa
jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé
Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah
sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa
anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah
nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana
ing Bali.
2.
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang
macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi.
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti
tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing
ngisor iki:
a. Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing
durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon,
kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
b. Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
c. Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati
kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
d.
Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya
bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
e. Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan
kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
f. Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh /
sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
g. Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang
digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup
kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa
diarani lagu ndandanggula.
h.
Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan
uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi
nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang
sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak
sosialé manungsa.
i. Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
j. Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis
titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
k. Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa
dipocong sak durungé dikubur.
3.
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné
tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
a. Jurudemung
b. Wirangrong
c. Balabak
4.
Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung
ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya
tembangKakawin ing jaman kuna.
Supaya
luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat |
|||
Sekar Macapat |
|||
Mijil |
6 |
10, 6, 10, 10, 6, 6 |
i, o, e, i, i ,u |
Sinom |
9 |
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 |
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a |
Dhandhanggula |
10 |
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 |
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a |
Kinanthi |
6 |
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 |
u, i, a, i, a, i |
Asmarandana |
7 |
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 |
a, i, e, a, a, u, a |
Durma |
7 |
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, |
a, i, a, a, i, a, i |
Pangkur |
7 |
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, |
a, i, u, a, u, a, i |
Maskumambang |
4 |
12, 6, 8, 8 |
i, a, i, a, a |
Pucung |
4 |
12, 6, 8, 12 |
u, a, i, a |
Jurudhemung |
7 |
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 |
a, u, u, a, u, a, u |
Wirangrong |
6 |
8, 8, 10, 6, 7, 8 |
i, o, u, i, a, a |
Balabak |
6 |
12, 3, 12, 3, 12, 3 |
a, e, a, e, u, e |
Gambuh |
5 |
7, 10, 12, 8, 8 |
u, u, i, u, o |
Megatruh |
5 |
12, 8, 8, 8, 8 |
u, i, u, i, o |
Girisa |
8 |
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, |
a, a, a, a, a, a, a, a |
Tuladha
Sinom ·
Pangéran
kang sipat murah (8/a) ·
Njurungi
kajating dasih (8/i) ·
Ingkang
temen tinemenan (8/a) ·
Pan
iku ujaring dalil (8/i) ·
Nyatané
ana ugi (7/i) ·
Iya
Kiyageng ing Tarub (8/u) ·
Wiwitané
nenedha (7/a) ·
Tan
pedhot tumekèng siwi (8/i) ·
Wayah
buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
·
Éling-éling
pra kadang dèn éling (10/i) ·
Uripira
ing ndonya tan lama (10/a) ·
Bebasan
mung mampir ngombé (8/e) ·
Cinecep
nulya wangsul (7/u) ·
Mring
asalé sangkané nguni (9/i) ·
Begja
kang wus pana (7/a) ·
Sangkan
paranipun (6/u) ·
Dedalan
kang dèn ambah (8/a) ·
Mrih
rahayu lumampah margi utami (12/i) ·
Sejatining
kasidan (7/a) |
Kinanthi ·
Padha
gulangen ing kalbu (8/u) ·
Ing
sasmita amrih lantip (8/i) ·
Aja
pijer mangan néndra (8/a) ·
Kaprawiran
dèn kaèsthi (8/i) ·
Pesunen
sariranira (8/a) ·
Sudanen
dhahar lan guling (8/i)
·
Anjasmara
ari mami (8/a) ·
Masmirah
kulaka warta (8/a) ·
Anèng
kuta Prabalingga (8/o) ·
Prang
tanding lan Wurubisma (8/a) ·
Kariya
slamet wong ayu (8/u) ·
Pun
kakang pamit palastra (8/a) |
Megatruh ·
Sigra
milir sang gèthèk sinangggabajul (12/u) ·
Kawan
dasa kang njagèni (8/i) ·
Ing
ngajeng miwah ing pungkur (8/u) ·
Sinangga
ing kanan kèring (8/i) ·
Sang
gèthèk lampahnya alon (8/o)
·
Tan
pantes akèh ngawruhi (8.i) ·
Mulané
lamun miraos (8/o) ·
Dipun
ngarah-arah ywa kabanjur (10/u) ·
Yèn
uwis kawijil (6/i) ·
Tan
kena tinututan (7/a) ·
Mulané
dipun prayitna (8/a) |
5. Pesen jroning Macapat
Ing sajroning tembang macapat
kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka
makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo
ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn
tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik,
karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni
makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model
komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), message (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi
fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat.
Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing
dikarepaké. Conto:
a.
Serat
Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing
sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha,
kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
b.
Serat Tripama Isi
pesen serat iki diandaraké liwat pralambang utawa penampilan lakon pewayangan
minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi tuladha yaiku Bambang
Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos
Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu
tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.
c. Wirawiyata
Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran
keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan,
katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
d. Serat
Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa
adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan
anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh
kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
e. Wulang
Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal
nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair
batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat
bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké
kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate,
Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani
kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
f.
Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral
tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi
sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya
dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi
perlambang yakuwi Sumbadra,
Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi,
Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
g. Serat
Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi
tuladha déning warga kratonSurakarta wektu
semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika (
tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar