Translate

Kamis, 04 April 2024

PAWARTA

A.  Pawarta

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia Edisi 3 (2003:140) sing diarani berita (basa Jawane pawarta) yakuwi crita utawa karangan bab kedadeyan utawa kahanan, prastawa sing isih anget, anyar, gres lan merak ati.

            Unsur-unsur sing lazim ana sajroning pawarta biyasa dikenal istilah 5W+1H, yaiku:

1.       What (apa sing kadadeyan)

2.       When (kapan kedadeyane)

3.       Where (nang ndi kadadeyane prastawa kuwi)

4.       Why (kena apa nganthi kedadeyan prastawa kuwi)

5.       Who (sapa sing nglakoni prastawa kuwi)

6.       How (kepriye kedadeyane prastawa kuwi)

 

Manungsa warganing bebrayan mesthi ora bisa uwal saka manungsa liyane. Ing saben dinane mesthi mbutuhake informasi. Informasi utawa kabar bisa katemokake saka medhia elektronik kayata radhio, televise, internet lsp., utawa saka medhia ora elektronik kayata kalawarti, ariwarti, lan buku. Ngandharake kabar utawa informasi marang wong liya kuwi ora gampang, apa maneh ngandharake ing ngarepe wong akeh, bisa-bisa apa kanga rep dikabarake malah salah kedadeyan.

         Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora salah kedadeyan, kang kudu digatekake yaiku :

·      Sumber informasi kudu cetha

·      Kudu ngerti isine

·      Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya

·      Kanggo sapa kabar mau

·      Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi

·      Tujuane menehi kabar marang wong liya

·      Paedahe informasi mau kanggo wong liya

 

Maca seru utawa maca nyaring nduweni ancas supaya bisa mangerteni tembung-tembung kanthi bener. Maca pawarta kaya kang dilakokake panggiyar (penyiar), kagolong jenikang maca kanggo wong liya. Mula pamacane pawarta kudu cetha, supaya isine pawarta katampa wutuh kanggone kang ngrungokake lan ora dadi kleru ing panampa. Mula saka kuwi, ana babagan kang kudu dinggatekake pamaca pawarta yaiku :

1.    Pamaca pawarta kudu nguwasani isine pawarata kanga rep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu wis maca naskah luwih dhisik lan naliti menawa ana kang kleru.

2.    Pelafalan utawa kedale fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung kang arep padha pangucapane

3.    Unjal ambegan utawa jeda kudu pener.Semana uga karo dawa lan cendhake jeda.Biasane pamaca pawarata migunakake tandha ( / ) kanggo mandheg sedela,tandha ( // ) kanggo mandheg suwe,  tandha ( - ) kanggo pungkasan baris kang ora kena mandheg.

4.    Wirama utawa dhuwur cendhek swara selang-seling supaya gampang dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting

5.    Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike menawa rendhet banget bakal mbosenake kang ngrungokake.

6.    Bantere swara cukup, saengga cetha ditampa.

7.    Menawa maca pawarta, sikep /solah bawa pamaca kudu katan wajar, ora kaku, utawa ora sakarepe dhewe. Pandeleng ora kena mung katuju marang naskah. Iku sabenere pamaca pawarata ing TV migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip TV kang isine teks pawarata. Alat iki diselehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera lan katan apal teks pawarta.

 

B.  Kaprigelan kang kudu dilatih nalika maos pawarta!

1.    Gladhen swara/vokal

Teknik vokal/ pelafalan/ pengucapan kang pas, nemtakake kualitas swara kang diasilake sajroning maca teks. Vokal kang pas bisa nggawe pamireng/pamiyarsa bisa paham apa kang diwaosake.

Gegayutan karo bab vokal, yakuwi artikulasi (owah-owahan rongga/saluran lan ruang/panggonan ana saluran swara kanggo ngasilake swara), lan artikulatar (perangan saka piranti kanggo nywara). Kanggo bisa ngudalake aksara kanthi trep kudu bisa nggatekake artikulasi lan artikulatar kanthi trep.

Tuladha:

/a/   : wujude tutuk bunder, perangan mburi ilat diangkat lan ilat diundurake saadoh-adohe karo lengkung sikil untu.

/i/    : wujud tutuk rata, pucuk lan mburi ilat diunggahake, posisi ilat cedhak karo lengkung sikil untu

/u/   :  wujud tutuk bunder lan rada mengarep maju, perangan mburi ilat diangkat

/o/   : wujud tutuk bunder lan rada mengarep, perangan buri ilat diangkat, posisi ilat cedhak lengkung sikil untu.

2.    Gladhen ngatur intanasi

Saben pamaos kudu bisa ngatur intanasi supaya swara enak dirungokake lan gampang dimangerteni. Apik lan orane swara kang gegayutan karo intanasi yakuwi banter lan aluse swara, dhuwur lan endheke swara, cepet lan orane anggone maca.

3.    Gladhen ngatur dawa cendhake ambegan

Pamaos nalika maos pawarta kudu nganggo swara saka wetwng, ora saka dhadha. Swara kang metu saka dhadha biasane ora sampurna lan kurang ana purbawane, ora mantep.Swara kang metu saka wetengmujudake kesan ana purbawane lan mantep.

 

C.  Nulis Pawarta

Nulis wacana kuwi ora gampang, mesthine kudu eling wacana kang kepriye kang dikarepake. Mula iku miturut jenikang wacana iku ana narasi, deskrepsi, eksposisi, argumentasi lan persuasi.

Wacana eksposisi tegese wacana kanggo mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Miturut KBBI (2009:290) eksposisi tegese uraian/ paparan kang nduweni ancas mbeberake maksud lan tujuan. Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang mbudidaya ngandharake pokok pikiran kang bisa njembarake wawasan utawa pangertene kang maca. Supaya luwih cetha biasane digenepi nganggo grafik, utawa gambar. Wujud tulisan uga  kangkat, akurat, lan padat.

Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, methode, cara lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab, tuladhane wacana eksposisi yaiku pawarta kang ana ing koran lan  cara-cara nggawe barang tertemtu kayata ng gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane nggawe tahu, lan sapanunggalale. Ana sajroning nulis wacana eksposisi penulis kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf.

 

Pola pengembangan paragraf kang bisa dienggo ing wacana eksposisi:

 

1.    Proses

Pengembangan proses arep padha karo pengembangan kranalogis. Bedhane pengembangan kranalogis mentingke bab urutaning wektu, dene pengembangan proses mentinorae oeah-owahan kang dumadi saka owah-owahan siji tumuju owah-owahan candhake.

 

Tuladha:

Mendhem Ari-Ari

Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan kang umum diadani malah uga ana ing dhaerah-dhaerah (suku-suku liya). Ari-ari iku bagian penghubung antaraning ibu lan bayi nalika bayi isih ana ing njero gua garba (kandungan). Istilah liya kanggo ari-ari yaiku aruman utawa embing-embing (mbimbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari sejatine salah sijine sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga. Saupama anggone mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (senthir) kanggo penerangan. Sentrir kuwi mujudake simbol ”pepadhang” kanggo bayi. Senthir diurubake nganti 35 dina (selapan). Sadurunge dipendhem, ari-ari dikumbah nganti resik banjur dilebokake ana ing kendhi utawa bathok klapa. Sadurunge ari-ari dilebokake alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper kang isih anyar lan dibungkus nganggo kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa mara ing papan penguburan. Panggonan ngubur kendhi kudu ana ing sisih tengen lawang utawa omah. Kang mendhem kendhi kudu bapak kandhung bayi.

 

2.    Contah /Tuladha

Yaiku gagasan kang nduweni sipat umum kadangkala merlokake bukti-bukti utawa conta konkrit, conta kang nyata, amrih bisa dimangerteni dening pamaos.

 

Tuladha:

Dhele kang arep digawe tempe kudu dikumbah nganti resik, jalaran yen ora resik bisa babar/ora bisa dadi tempe. Kedhele kang isih reged/ora bersih ora bisa gawe matenge tempe amarga tempe ora bisa ”bereaksi” kanthi sempurna. Dadi kedhele mau wurung dadi tempa. Saliyane kuwi, kedhele kang isih reged, bisa njalari tempe dadi ireng.

 

3.    Sebab akibat

Pengembangan paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa sewalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa akibat.

Tuladha:

Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntani saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Tuladhane kaya kang dumadi ing pungkasan wulan iki.

 

4.    Mbandinorae/ perbandingan

Ana sajroning iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.

Tuladha:

Tuku pitik jaman saiki kudu ngati-ngati, amarga akeh pitik utawa sata iwen kang kena flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik kang nandang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik kang trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane seger abang ora alum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek tur rupane ora ireng/ pucet ning abang seger. Dene pitik kang nandang lelarakuwi pitik kang lemes, ora nduwe daya. Saka pucuk lan brutune metu iler/banyu, lan rupane alum.

 

5.    Analogi

Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih.

 

Tuladha:

Anak kuwi kembang ing kauripan. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan/ rumah tangga. Anak kuwi kang bisa nyegah bubrahe balesomah. Anak uga tambaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isish suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembange balesomah.

 

Carane nulis wacana eksposisi yaiku :

a.       Nemtakake underane perkara uatawa tema

b.      Nemtakake tujuwan

c.       Ngumpulake data saka maneka sumber

d.      Nyusun cengkorongan utawa kerangka kang cocog karo tema kang dipilih

e.       Ngrembakake cengkorongan utawa kerangka dadi wacana eksposisi.

D.  Tuladha wacana eksposisi.

Tibane pesawat kang duweni kapasitas 266 penumpang airbus A300-600 minangka prastawa kang kaping pindho tumrap American Airlines, sawetara pirang detik anggone lepas landas saka bandara udara internasional O’Hare Chicago. Dumadakan mesin sisih kiwa uwal saka panggonan. Pilot kang ora bisa ngendalekake pesawat jalaran ”keseimbangan” pesawat dumadakan owah kanthi pratandha tibane mesin abote 5 tan. Pesawat tiba ing papan parkiran kendaraan udakara 31 detik sawise tibane mesin. Ana 271 penumpang lan awak tewas sanalika. Kacilakan liyane ngenani tibane mesin uga kadadeyan dening pesawat kargo El-Al duweke flag carier Israel, 4 Oktaber 1992. Mesun nomer papat utawa kang paling buri elare pesawat sisih tengen, jalaran fuse-pin (baut mesin) cacah loro uwal. Mesin nomer telu uga dumadakan ilang lan pilot kang ora bisa ngendalekake mesin, nabrak gedung bertingkat ing Amsterdam, Belanda. Awak pesawat cacahe papat lan 47 kang manggon ana ing gedhung tiwas sanalika.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...