Translate

Selasa, 02 April 2024

4031 Knalpot Brong Asil Razia ing Pati disulap dadi Patung Bandeng

Knalpot brong cacah 4031 asile saka Razia disulap dadi ikon patung bandeng dening petugas Polresta Pati, Jawa Tengah. Kreasine patung khas Bumi Mina Tani saka knalpot kaajab bisa menehi inspirasi marang masyarakat supaya bisa leren anggone padha ngaggo knalpot brong.

Patung bandeng saka knalpot brong digawe ing sawijining bengkel motor ing wilayah Dusun Muktiharjo, Kecamatan Margorejo. Satlantas Pati nggandheng warga kasil nyiptakake patung iwak bandeng sing dhuwure kurang luwih rong meter sing digawe saka knalpot.

Kasatlantas Polresta Pati, Kompol Asfauri njlentrehake yen mbutuhake wektu sepuluh dina kanggo nggawe patung bandeng saka knalpot brong kuwi. Penggaweyan kuwi digarap rina wengi dilakoni dening wong cacah enem.

“Tugu bandeng kuwi minangka ikon anyar Kutha Pati. Dhuwure udakara rong meter lan dawane 11,5 meter” Kompol Asfauri njlentrehake.

“Knalpot brong sing digawe patung bandeng kuwi asil saka Razia patang sasi. Dadine saben ana Razia trek-trekan balap liar, Satlantas kerep nertibake Amarga balap liar kuwi nglanggar UU Nomor 22 taun 2009”

Patung bandeng kuwi wis rampung digawe awit dina jumat 12 Januari 2024. Patung iki wis dipasang ing sakulone alun-alun Pati.

“Ing pangajab, patung bandeng saka knalpot brong bisa dadi sarana edukasi kanggo Masyarakat Pati yen knalpot brong kuwi dilarang sasuwene wayah kampanye. Ewadene Pati kuwi identik karo iwak bandeng, dadi menisan knalpot brong digawe dadi wujud iwak bandeng” sambunge.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...