Padha Slamete
Kedadeyan iki udakara
wulan Juni 2006, mbeneri aku bali saka Cilacap. Medhun saka bis nang terminal
Tirtonadi Solo, watara jam 11 wengi aku lungguh nang bangku tunggu bis jurusan
Purwodadi. Neng bangku mau wis ana pawongan telu, sing loro isih enom, sing
siji bapak-bapak rada sepuh, dadi cacah papat kalebu aku. Rada sawetara ana
bocah enom teka, nyandhak tas sangisore bocah sing lungguh tengenku karo muni:
Ayo Met, ngojek wae karang mung Kalioso cedhak kok. Bocahe manut, aku mbatin oh
jenenge padha aku. Ora gantalan suwe, teka maneh bocah wedok nyekel tangane
sing lungguh kiwaku karo muni: Mas Slamet kancani aku meng kamar kecil yuk,
ngiras golek wedang. Bocahe menyat, aku kudu ngguyu, eh jenenge padha aku
maneh.
Kari wong loro, aku karo
piyayi sepuh sing lungguh karo rada ngantuk, menawa bar lunga adoh. Mbarengi
bis jurusan Purwodadi teka, ana bocah nggugah wong sing ngantuk mau kanthi
swara banter: Mbah…mbah Slamet iku bise teka, ayo ndang munggah.
Aku melu munggah bis karo
mbatin, wong papat sakbangku kok jenenge Slamet kabeh… apa tumon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar