Translate

Kamis, 04 April 2024

TULADHA CRITA PENGALAMAN PRIBADHI

Barat = Kidul

           Crita konyol iki dialami cah-cah sing melu jujitsu nang kampungku. Pelatihe jian kuereng pol, jenenge Mbotho, sing SD wae ora lulus. Wonge ireng kaya Mr. T nang film “The A Team” kae.

           Sawijining sore, cah-cah sing arep latihan nglumpuk nang lapangan buri sekolahan. Merga pelatihe durung teka, padha ngobrol lan guyon, suarane pating cruwet. Ujug-ujug keprungu aba-aba, “Hadap barattt, grakk!!” Cah-cah sig padha rame cep klakep, banjur padha madhep ngulon. Tibane Mr. Mbotho malah nesu.

           “Guoblokk, kon marep ngidul kok malah marep ngulon! Barat ki ngendi?!” Mripate mencereng ketok nesu tenan. Bocah-bocah manut, kaya kebo dikeluh, genti madhep ngidul kabeh. Sitok-sitoka ora ana sing cemuwit, apa maneh wani protes. Kabeh methentheng serius kaya tentara lagi latihan. Kamangka kene sing lagi padha lungguhan nang ngarep omahe Mbah S kidul lapangan padha kepingkel-pingkel, malah ana sing kepuyuh barang.

           Bareng wis bubaran, Mbah S nakoni putune sing mau melu latihan, “Kowe iku piye, diabani hadap barat kok malah hadap selatan? Apa ra tau sinau arah mata angin? Komandan koplo ngono kok dienut. 

           Dipaido ngono si K nyauri entheng, “ Timbang ditendhang, penak melu ngoplo wae.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...