Translate

Kamis, 04 April 2024

CRITA WAYANG "DEWA RUCI"

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.

Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa.

Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul dening Kurawa liyane.

Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.

Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.

Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.

Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.

Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju menyang segara kidul.

Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.

Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.

Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.

Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina.

Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...