Kabupaten pati salah sawijining kabupaten ing Jawa Tengah
sing duweni maneka warna budaya sing unik lan bisa di unggulake. Salah sawijining budaya sing ana yaiku Tradhisi
Lamporan sing ana ing Dhusun Soneyan, Margoyoso. Petinggi ing Dhusun Soneyan
njlentrehake mula bukane tradhisi iki minangka budidaya warga Soneyan anggone
nulak bala marang bab-bab elek sing bisa nyilakani. Ing jaman biyen, nalika
wiwitan sasi Sura ing kalender Jawa, para warga padha kumpul ing tapel wates
dhusun sisih wetan saprelu ngenteni taun baru.
“Ing jaman semana, Lamporan dianakake Amarga biyen
kerep banget ana prang antarane Dhusun Sidomukti kalawan Dhusun Soneyan. Prang
kalawau dimenangake dening Dhusun Sidomekti. Amarga kalah, Dhusun Soneyan
banjur mbacutake tradhisi kasebut. Prang lampor uga dilaksanakake dening Dhusun
Tegalarum lan Dhusun Pesagen” kandhane.
Amarga kuwi, Dhusun Soneyan kudu nglakoni tradhisi iki. Sabanjure
Lamporan dipungkasi kanthi prayaan Dayakan minangka upacara panutup. Acara Dayakan diwiwiti dening Bapak Sutar Klotik sing
maune tau mranto ing Kalimantan. Mula, busana sing dienggo memper kaya busanane
wong Dayak. Lamporan diwiwiti awit dina Jumat Pahing nganti tekan Sebtu Pon ing
sasi Sura lan dipungkasi ing dina Jumat Wage bengi. Yen ing sasi sura kuwi ora
ana dina Jumat Wage, tradhisi lamporan dipungkasi ing dina kasebut sasi
candhake.
Para peserta Lamporan kuwi para warga dhusun utamane sing
duweni ingon-ingon rajakaya arupa sapi/lembu. Nanging para warga sing ora duwe
rajakaya uga bisa melu tradhisi iki. Para warga padha nganggo busana kaya
busanane wong Dayak uga nganggo klinthingan sapi supaya tambah gayeng.
Adicara Lamporan dilaksanakake sasuwene 7 dina kanthi
acara pungkasan yaiku ngubengi dhusun supaya dhusune aman lan sejahtera. Acara
mubeng dhusun biyasane dilakoni dening para priya, nganggo busana saka janur
minangka pakean, uga nganggo tebeng ing sirah lan pundhake, dibacutake nggawa
oncor saka blarak. Nanging ing jaman
saiki oncor blarak diganti oncor saka pring sing diisi lenga lan diwenehi
sumbu.
.jpeg)
.jpeg)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar