Pengetan Jumenengan Dalem Mangkunegara Ingkang Kaping Sanga
Jogja TV, tanggal 8-2-2006
Pengetan jangkep kaping wolulas warsa
wiyosan Jumenengan Dalem Sampeyan Ingkang Jumeneng Mangkunegara kaping sanga,
dipunadani wau enjing, mapan ing Pendhapi Pura Mangkunegaran Surakarta. Salebeting
adicara kasebat, katingal rawuh sawetawis para tamu inggih saking Indonesia
punapa dene saking mancanagari.
Adicara
pengetan wiyosan Jumenengan Dalem Sampeyan Ingkang Jumeneng Mangkunegara kaping
sanga, dipunwiwiti watawis jam setengah sedasa enjing. Ing wiwitaning adicara
dipunadani ujub wilujengan saha waosan donga, katindakaken dening Raden Mas
Tumenggung Sajarwo Sartomo.
Sasampunipun
punika, wanci jam sedasa enjing, Sampeyan Ingkang Jumeneng Mangkunegara kaping
sanga sekaliyan garwa dalem saha putra dalem, kanthi kadherekaken dening para
ampilan dalem, miyos saking Bale Peni tumuju dhateng Pendhapi Ageng.
Salajengipun Gusti Pangeran Haryo Herwasto Kusuma munjuk ngarsa dalem, bilih
lampahing pahargyan kawiwitan. Sasampunipun ingkang Jumeneng Mangkunagara
lenggah ing pendhapi, lajeng kalipur mawi Beksan Bedaya Anglir Mendhung.
Salajengipun,
Kangjeng Pangeran Haryo Supono kaapit dening Kangjeng Raden Tumenggung Suyanto,
saha Kangjeng Raden Mas Tumenggung Anom Sugiyanto Adikusuma, munjuk Ngarsa
Dalem saperlu ngaturaken kasugengan dalem, anyarengi jangkep wolulas warsa
jumeneng dalem. Wanci jam sewelas siyang, sampeyan ingkang jumeneng
Mangkunegara kaping sanga medhar sabda.
Adicara
salajengipun inggih punika tumapaking upacara wisudhan saha waosan serat
kekancingan ingkang katindhakaken dening Raden Mas Tumenggung Hudhoko Artisto.
Saparipurnanipun upacara wisudhan, kalajengaken kanthi maos donga katindakaken
dening Raden Mas Tumenggung Sajarwo Sartomo. Purna pamaosing donga, Gusti
Pangeran Haryo Herwasto Kusuma munjuk Ngarsa Dalem, bilih pahargyan sampun
paripurna. Wanci jam kalihwelas siyang, Sampeyan ingkang Jumeneng Mangkunegara
kaping sanga sekaliyan garwa saha putra dalem, jengkar saking pendhapi agng,
kadherekaken dening para ampilan dalem tumuju dhateng dalem Ageng saperlu nampi
atur kasugengan saking para tamu.
Kanthi
makaten, lampahing wilujengan dalem Mangkunegara ingkang kaping sanga sampun
paripurna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar