Rem Blong
Aku sakanca wanci riyaya kulina padha dolan-dolan
silaturahmi halal bi halal. Nalika semana aku sarombongan dolan neng omahe
kanca putri, putrane pak Buwono arane Anita.
Sawise padha salaman ngapura ingapura, terus padha
jagongan gayeng. Aku sak kanca lungguh neng kursi ngubengi meja bunder sing
biyasane kanggo meja makan. Meja bunder iku ing tengahe ana meja cilik sing
bisa diputer, dadi nek arep jupuk suguhan utawa lawuh kari muter.
Suguhan wis ndlidir metu, sebagian didokok ning
bunderan tengah awit suguhane akeh banget. Dhasar Sumar kancaku pancen rada
kebacut, bunderan tengah meja diputer banter banget, kontan jajane kutah
kocar-kacir neg jogan, sebagian ana sing kejegur gelas barang.
Krungu suwara pating
krompyang, ibune Anita metu karo takon, “Ana apa to Mas, kok pating krompyang?”
“Anu Bu, reme blong”
jawabe Sumar kanthi gugup.
“Yu Ijah, iki mase
direwangi ngukuti jajanan sing kutah, nek wis terus direwangi ndandani reme
sing blong!” ngendikane ibune Anita.
Wuih, rai rasane kaya disiram banyu panas, merga
isin karo ibune Anita lan Anita. Gara-gara reme blong, jajane kocar-kacir
sakarat-arat. Sumar…Sumar…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar