Translate

Kamis, 04 April 2024

PAWARTA

Kadang tani mliginipun ing tanah Jawi, menawa badhe wiwit nanem ing sabin tansah nindakake Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara punika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanem ing mangkenipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern punika, mbok bilih sampun kathah warga ingkang boten mangertasi ngengingi tradisi punika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunkangkuyung dening mahasiswa ISI Ngayagyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi Bupati Bantul, Sumarno.

Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking satunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan punika dipunlajenoraen wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih punika miturut tradhisi rumiyin dipunbagekaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungendhong dening sesepuhipun dhusun. Wonten ing lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajenoraen dhahar tumpeng lan sekul Wiwitan. Sekul Wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang sasampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng lare-lare. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul Wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kangge Adicara Ruwatan sawahsalajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara Merti Sawah. Kajawi punika, masyarakat ugi dipunlipur dening maneka warna seni lan pameran kerajinan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...