Translate

Kamis, 04 April 2024

CRITA PENGALAMAN PRIBADHI

Pengalaman mono wujude maneka werna. Ana pengalaman pribadi, ana kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa. Kedadeyan penting kang dialami dening sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah. Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe. Nitik saka isi ceritane, pengalaamaan ana kang wujud pengalaman kang lucu, ana uga pengalamaan kang ngayelake, gawe trenyuh lan sapanunggalaane.

Pengalaman ateges apa-apa kang wis nate dialami. Pangerten wis dialami ora banjur kudu awake dhewe kang ngalami, nanging uga bisa dening wong liya, lumantar dicritani utawa maca pengalamane wong liya. Saben wong duwe crita pengalaman kang maneka warna. Pengalaman kuwi ana kang ndadekake senenging ati, gawe ati lara, gawe susahe ati, gawe guyu lsp.

Manawa crita pangalaman kuwi nyenengake, lucu lan gawe regenging swasana, biasane kepengin dicritakake marang kanca, kaluwarga lan sakpanunggalane. Crita kang lucu bisa gawe panglipur ati lan nambahi awet enom. Lucu mau amarga saking bodhone, ketula-tula utawa kapinterane ndadekake geguyon kanggone wong liya. Tuladha pengalaman lucu bisa diwaca ing rubrik Apa Tumon kalawarti minggon Panyebar Semangat utawa rubrik Ana-ana Bae ing minggon Jaya Baya. Kanggone panganggit, nulis crita lucu bisa kanggo gladhen nulis kanthi runtut pengalamane, tumrap sing maca bisa kanggo gladhen maca lan mangerteni isine.

Crita ing ngisor iki gatekna:

Tuladha crita pengalaman

ALAT ANTI MALING DIKIRA PIN

        Dina Setu malem Ahad, Naning tanggaku sing duwe anak cilik ngajak mlaku-mlaku. Tujuwane tumuju mall ing Jember. Ndilalah ing mall ana kedadeyan ngisinake sing ora bisa  dilalekake.

        Putrane anake Naning pancen isih kelas papat SD. Dadi  ya wajar yen nganti dheweke nggawe masalah. Nalika kuwi bubar blanja-blanja, Naning lan anake mulih. Lha kok saka lawang alarm muni banter ngagetake. Satpam sing tanggap langsung wae  nyekel Naning  lan anake. Merga satpam kuwi weruh Naning lan putrane pas metu, alarm muni.

         Naning mesthi wae protes merga ora rumangsa nyolong. Lha wong barange wis dibayar ing kasir. Naning satpame tetep njaluk ijin mriksa. Merga ora ngrasa salah, pungkasane Naning gelem bae di priksa. Ndilalah ing sake klambi putrane ana alat anti maling. Wujude alat anti maling kuwi pancen kaya dolanan Bentuke kaya pin sing ditempelake ing klambi.

          “Kok njupuk iki kenapa?” pitakone Naning marang putrane.

          “kula kinten niki dolanan, Bu. Kula boten semerep,” jawabane anake karo keweden” Satpame wusanane maklumi. Nanging Naning isin tenan merga wis diglandhang kaya maling. Apa tumon alat anti maling dikira dolanan.

                                                                                (Deny Wibisono - Ambalu – Jember)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...