Translate

Selasa, 02 April 2024

Pamarentah Ngawekani Bencana Kaliren ing Papua Tengah

 

Menteri Koordinator Pembangunan Manusia lan Kebudayaan Muhajir Effendy nuturake, pamarentah ngrancang konsep kanggo mrantasi bencana keluwen ing telung distrik wilayah Kabupaten Puncak, Propinsi Papua Tengah. Konsep kasebut intine nyakup penanganan jangke pendhek, manengah lan panjang.

Mligi pananganan jangka pendhek, pamarentah pusat masthekake kabutuhan pangan sarta obat-obatan tumprap warga keluwen ing distrik Agandugume, Lambewi lan Oneri kecukupan jrone wektu telung sasi mengarep. Pamarentah wis kirim ewonan ton kabutuhan pokok menyang lokasi liwat Distrik Sinak kang paling cedhak karo Agandugume.

Muhajir ngajab telung sasi maneh cuaca adhem ekstrem Kabupaten Puncak sing ngrusak taneman pangan sirna. Saengga mbarengi enteke cadhong kebutuhan pokok, warga wis bisa miwiti nandur jagung. Cuaca adhem ekstrem keri-keri iki njalari tumurune salju ngebruki lahan persawahan. ”Kebutuhan pokok wis dikirim kanggo telung sasi, klebu ngirim ahli kesehatan kanggo ngupakara ibu ngandheg lan nyusoni,” kandhane Muhajir, rebo (9/8/2023).

Yen jangka pendhek wis ora ana masalah, dibacutake penanganan jangka menengah arupa yasa lumbung pangan ana Agandugume, klebu mbangun akses dalan saka Sinak menyang lumbung pangan kasebut. Sasuwene iki saka Sinak menyang Agandugume mung bisa ditempuh kanthi laku darat rong dina sewengi suwene. ”Yen dalan iku wis dibangun, dhisitribusi barang bakal luwih gampang awit kendharaan rodha loro bisa mlebu. Syukur-syukur rodha papat,” tuture Muhajir.

Kapethik saka Panjebar Semangat N0. 33, 19 Agustus 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...