Translate

Selasa, 02 April 2024

Candhi Barabudhur

 

Candhi Barabudhur mujudake candhi Buddha kang digawe ing abad IX dening Raja Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa Syailendra. Candhi iki minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa Tengah.

Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

Tekan saiki, Candhi Barabudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Buddha padha ngrayakake Wesak ing candhi iki saben tahun. Candi Barabudhur uga wis kondhang kaloka dadi papan wisata kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.

Barabudhur (éjaan Indonésia: Borobudur) iku papan pamujaning para pandhèrèk Buddha Mahayana saka abad ka-9 kang kapernah ing Kabupatèn Magelang, ora adoh saka Munthilan, ing Jawa Tengah, Indonésia. Papan iku minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat. Papan pamujané dhapur tlundhag (platform) sungsun sanga: kang enem wangun pasagi lan kang telu wangun bunder, mawa stupa panunggul ing pucuk-tengahé, lan rinenggan panil rélièf cacah 2.672 dalah reca Buddha cacah 504. Stupa panunggulé dikupeng reca Buddha cacah 72 kang sabené mapan ing sajeroning stupa kang bolong-bolong.

Kaadegaké ing abad ka-9 nalika trah Syailéndra jumeneng nata, rancanganing papan pamujan iku linambaran tata yasan (arsitèktur) Buddha-Jawa kang nyarubaké anasir kapitayan memuja leluhur kang Indonésia lugu karo kapitayan nggayuh nirwana kang saka agama Buddha. Papan pamujan iku ngatonaké prabawaning kagunan saka Gupta ing Indhia tur akèh adegan saha anasir Indonésia lugu, mula njalari Barabudhur nyirèni Indonésia banget. Yasan Barabudhur minangka papan pasraman lan paran jiyarahing para pandhèrèk Buddha. Laku jiyarah kawiwitan saka pérangan ngisor turut lurung kang ngubengi yasan, tumuli munggah nganti pucuk ngliwati telung tataran kang nglambangaké kosmologi Buddha: Kamadhatu (jagat kekarepan), Rupadhatu (jagat wewujudan) and Arupadhatu (jagat tanpa wewujudan). Para kang jiyarah kudu ngliwati akèh undhakan lan lurung kang rinenggan panil rélièf cacah 1.460 kang ngemu carita ing témbok-témboké (wall) dalah kelir-keliré (balustrade). Barabudhur minangka salah siji papan kang duwé klumpukan rélièf Buddha kang pepak ing sajagat.

        Tandha yekti nuduhaké yèn Barabudhur kaadegaké ing abad ka-9 banjur linumbar ora kaopèn bareng karo bubrahing karaton-karaton Hindhu ing Jawa déné wong Jawa wiwit padha ngrasuk agama Islam. Wong-wong sajagat nembé sumurup ananing Barabudhur ing 1814 awit saka pawartaning Thomas Stamford Raffles minangka wong Britis kang kala samana ngerèh ing Jawa. Dhèwèké dikandhani wong-wong enggonan bab ananing Barabudhur. Kawit kala iku, Barabudhur wis ping sawatara kawaluyakaké. Pambudidaya maluyakaké (réstorasi) kang gedhé dhéwé ditandangi pangrèh Indonésia lan UNESCO ing antaraning 1975 lan 1982 banjur Barabudhur kadhapuk minangka salah siji Sasana Pusaka Jagat (World Heritage Site) UNESCO.

Barabudhur minangka papan pamujan Buddha kang gedhé dhéwé ing sajagat sababag karo Bagan ing Myanmar lan Angkor Wat ing Kamboja kang minangka sasana arkéologi gedhé ing Asia Kidul-Wétan. Barabudhur isih dadi papan jiyarah kang misuwur awit saka para pandhèrèk Buddha ing Indonésia ngrayakaké Wésaka (Indonésia: Waisak) ing yasan iku. Barabudhur dadi papan wisata siji-sijiné ing Indonésia kang kerep dhéwé ditekani para wisata.

Kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Barabudhur kanthi ewah-ewahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...