Slametan
tumprape masyarakat, utawa bangsa Indonesia pancen wis dadi tradhisi, apa kuwi
slametan pas dina klairan utawa istilahe saiki ulang taun utawa
syukuran. Pokoke akeh jinise
slametan nurut kapentingane slametan kuwi mau dhewe. Luwih-luiwh kanggone
masyarakat Jawa, bab slametan wis dadi sega jangan. Kaya
ta wiwit bayi lair cenger wis dislameti, jenenge brokohan, puputan/
cuplak puser, dislameti jenenge sepasaran bayi. Sateruse umur pitung
sasi, setaun, nganti bocah lanang wayahe sunat. Banjur jejodhohan tumprape wong
wadon, menawa ngandhut entuk pitung sasi dislameti jenenge tingkeban.
Bocah ngancik umur pitung wulan dislameti jenenge mitoni utawa tedhak
siti. Sok yen pas dina Neptune uga dislameti, jenenge dipetri.
Tumekane wis puput yuswa utawa mati, wiwit dina patine tumekane sewu dinane uga
dislameti. Malah menawa pas dina geblage dislameti, jenenge pendhak.
Sejatine,
tujuwane slametan kuwi duweni pamrih, golek keslametan. Muga diparingi
keslametan dening Gusti Allah. Sapolahe satindake salakune muga muga tinebihna
ing sambikala. Tinebihna ing memala lan tinebihna ing reribet. Menawa lagi
nandhang lara, apa kena musibah apa bae merlokake slametan amrih anggone lara
enggal waluya jati, seger waras kuwat slamet. Utawa menawa duweni gegayuhan apa
bae, merlokake slametan amrih Gusti Allah paring kalancaran, kinabulan apa kang
dikarepake. Dadi tujuwane slametan yakuwi golek slamet.
Mungguh
kang dadi maknane slametan sejatine ora liya yaiku minangka atur panuwun, atur
puji syukur marang Gusti Allah. Sing lara bisa oleh tamba, anggone dagang bisa
lancer laris, golek rejeki gangsar, omah-omah tansah pinariingan ayem tentrem,
kabeh sarwa nyenengake.
Kapethik saka Panjebar Semangat No. 24, 16 Juni 2018
Tidak ada komentar:
Posting Komentar