Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Bagus-Bagus Kethus

 Rejeki nomplok. Ora pamer lho, mung arep crita. Aku katekan tamu kang istimewa. Priyayine bagus, sandhangane necis, ganep subasitane lan isih mudha taruna. Oh, ya siji maneh, sugihe kagila-gila. Ngertine sugih? Lha iya, wong rawuhe wae nitih alpard, salah sawiji mobil kang kondhang larang regane. Jare pengajine tekan em-eman, orang mung yut-yutan. Wis pokoke larang. Mula aku nyicil ayem nalika dheweke kandha arep pesen mebel. Wong sugih kang kliwat sugih yen pesen mesthi beres dhuwite, ora susah mundur-mundhur bayare. Lan prekara rega nadyan larang mesthi ACC.

“Pak kula badhe pesen meja kayu jati ingkang paling sae,” ngono ature esuk mau kanthi subasita kang ganep.

“Kayu jati paling sae niku regine awis, Nakmas,”saurku ngimbangi patrape kang susila.

“Boten menapa Pak. Waton paling sae. Pinten awisipun mangke kula sembadani. Sampun kuwatos. Waton paling sae!” kandhane wong anom mau mantep.

Lho, rak tenan ta. Bab rega ora dadi prekara. Wong sugih kok. Dak waspadakake sepisan maneh wong iku. Klambine setrikan mlipis. Rambute jungkatan rapi nganggo minyak wangi. Sepatune mulus, semirang ireng njanges. Pancen wong iki breset lan rapi. Dakdelok potongan rambute, wah, kaya lintang film Tom Cruise. Adakane yen wong ngene iki mesthi panjaluke barang kang sarwa sampurna. Mula kudu dakgawe padhang ing ngarep, karepe kepriye lan panjaluke sing kaya ngapa.

“Kajeng jati ingkang paling sae menika wewatesanipun ingkang dipun kajengaken kadospundi. Waton kajengipun wetah, kedah seratipun mulus boten wonten socanipun, seratipun lurus boten ngombak-ombak, menapa kadospundi?” ujarku miterang.

“Inggih pokokipun ingkang paling sae, kwalitas ingkang paling bagus, nomor satu,” ujare maneh.

“Lha, inggih mila kedah terang rumiyin spek-ipun. Supados mangke boten padudon ing wingking. Kula serat ing mriki spek ingkang dipun pundhut. Satunggal, kedah kayu teras boten wonten kuwalipun?”

“Inggih cocok!”

“Kalih, boten wonten cacat soca kayu?”

“Inggih!”

“Tiga, serat kedah lurus?”

“Inggih!”

“Sekawan, kayu blabag meja boten mawi sambungan?”

“Inggih!”

“Menapa sampun cekap?

“Cekap Pak!”

“Kanthi adhedhasar spek sekawan warni kalawau, kula radi rekaos anggenipun pados kajeng. Awit kajeng ingkang kalebet ing spek kawan warni wau inggih awis-awis tinemu. Kalebet barang langka. Mila reginipun inggih sakalangkung awis. Samenika kula dereng saged matur pinten, awit panci awis. Dospundi menapa sampun mantep?” pitakonku maneh ngambali.

“Inggih. Pokokipun ingkang paling sae.”

“Bab regi menapa wonten batesanipun?”

“Sumangga, waton paling sae kula bayar. Kula gadhah arta. Sampun kuwatos!”

Wis, aku mantep. Apamaneh priyayi anom mau terus ninggal porsekot sepuluh juta. Nadyan ngono aku kudu ngati-ati. Kayu kang dipengini mau banget langka. Ora saben kayu glondhong yen dibelah dadi. Kudu milih-milih kayu glondhong, kang bener-benar becik mutune.

Supaya ora gagal anggonku milih kayu aku sowan marang juragan kayu jati hutan kang wis akeh pengalamane, Pak Tejo.

“Kayu jati amba 100 cm, kandel 5 cm, ora ana mata kayu, serate lurus, ora sambungan, ora ana sing putih utawa cacat. Wah radi angel Pak Khusen. Sekedhap, kula gadhah calon. Nika ingkang wonten wingking. Satungal glondhong ingkang diameter 120 cm. Kayu bongkot nika. Kwalitas hara. Biasanipun bagian lebet inggih lepas mata. Mbokmenawi saged dados.”

Aku ngetut wuri Pak Tejo kang tumuju pojok gudhang kayu. Ana kayu jati glondhong gedhe. Diamtere 100 cm, dawane 220 cm. Pas kanggo gawe meja kang dipesen  bocah bagus iku. Nanging kang gawe kagetku, kayu mau larang banget regane.

“Niki kayu langka Pak. Satus seket yuta!” dhawuhe Pak Tejo mantep.

Aku kukur-kukur githok kang ora gatel. Pancen aku ngerti yen kayu apik ki larang, nanging babarpisan ora ngira yen ganti samono larange.

“Boten saged kirang?” pitakonku.

Pak Tejo banjur njupuk kalkulator saka kanthongan. Tutul-tutul sedhela banjur ngendika, “Saged, sampeyan kalebet pelanggan setiya. Kula potong regine dados satus patang puluh yuta. Niki kayu langka, ageng lan kualitasipun inggih sae, mulus tanpa cacat. Nadyan karaos awis nanging sabobot kaliyan wujudipun.”

Aku kepeksa sarujuk awit mung kayu siji iki kang bisa kanggo gawe meja pesenane bocah bagus kae mau. Kayu sida dakgawa menyang penggergajian. Sawise digraji tetela Pak Teja pancen ora goroh. Kayune mulus tenan, bentet lan padhet. Serate lurus ora menggak-menggok. Uga mata kayune sasat ora ana. Pancen ana sawetara blabag kang kurang apik, nanging kuwi wajar.

Sawise cetha pamecahing kayu aku banjur ngetung rega meja kanthi sawajare. Kayu rega 140 yuta, yen dakbabar dadi meja 4 kang mutune istimewa. Kamangka pesenane mung siji. Kepeksa regane kudu mundhak sethithik. Wis dak rega wae 50 yuta. Kuwi wis imbang lawan resikone wong nyambut gawe.

Seminggu candhake meja wis dadi. Meja pengkuh lan bakoh. Katon njenggereng merbawani. Sajege urip dadi tukang kayu, durung nate aku gawe meja kang apike kaya ngene. Iki kalebu meja langka lan besuke mesthi dadi barang antik. Meja age dakplitur kanthi plituran kang alus.

“Alus banget Pak, kaya pipi prawan!” aloke Paijo, tangga sebelah omah kang melu nonton lan ngelus-elus.

“Dhapurmu Jo, kaya ngerti-ngertiya!” ujarku karo mencereng.

Paijo mung nyengenges karo nyingkir. Jomblo tuwa kuwi pancen seneng cengengesan. Ora mung Paijo kang ngalem meja iku, nadyan pelangganku liyane uga padha gawok weruh meja kang langka iku. Kabeh padha kepengin nduweni, nanging mundur nalika dakblakani regane.

“Wah, ora Pak. Kuwi meja sultan. Wong cilik kaya aku cukup meja kayu munggur wae. Murah!” Tanggapane sawijine pelanggan

“Dakkira oleh 10 juta Pak?” ujare pelangganku liyane.

Meja kuwi tansah dadi pangeram-eram sapa wae kang weruh, nganti sawijine dina kang pesen meja rawuh.

“Wadhuuuuh, sampun dados  Pak. Wah top estu. Top. Sae sanget menika Pak,” kandhane mongkog. Sajak banget karenan atine.

“Mangga pinarak mlebet rumiyin,” aku ngacarani tamuku kang pesen meja mau.

“Menika radi awis Nakmas, awit padosipun angel. Kala wingi kaleres wonten satunggal glondhong ingkang cocok kaliyan pesenan panjenengan. Mila saged enggal dados. Nanging reginipun radi awis.” aturku sareh.

“Pinten Pak?” pitakone wong iku karo ndudut dompete.

“Seket yuta Nakmas!” wangsulanku.

“Pinten Pak?”

“Seket yuta.”

Dheweke mlengak sajak kaget.

“Ingkang leres Pak? Mosok seket yuta?  Sampun ganten Pak. Dupeh kula turuti kok lajeng nuthuk. Rumiyin panjenengan nyebat meja kados makaten rata-rata namung gangsal yuta, kok menika larang sanget.”

“Mila kula sampun matur Nak, reginipun pancen larang. Rumiyin kula boten saged nyebataken pinten, awit menika barang langka ingkang boten saged dipun kerta aji.”

“Wah, ning ya aja ngono Pak. Wis ngaten mawon. Meja niki kula bayar 20 yuta. Kula sampun porsekot 10 yuta rumiyin. Niki ganepipun 10 yuta malih.”

Pawongan iku ngetung dhuwit 10 yuta. Aku mung meneng karo ndomblong. Kok dadi ruwet ngene urusane. Aku pasrah yen meja kuwi ora payu 50 yuta. Nanging yen mung 20 yuta genah aku thekor. Mula aku niyat nduwe sedyane wong anom iki.

“Menawi 20 yuta dereng angsal Nak. Paling boten njenengan wangsulke pawitan kula, patang puluh yuta mawon. Niku kula taksih rugi amargi nyetok kayu langka sisanipun, ingkang boten mesthi 10 tahun malih pajeng,” kandhaku ngrerepa.

“Wah, boten Pak. Menawi boten pareng inggih sampun, nanging kula nyuwun wangsul arta porsekot kula rumiyin. Samenika ugi!”

Dhuh, yen saiki kon mbalekke dhuwit 10 yuta kenceng aku ora sanggup. Nanging aku wis wegah padudon. Kepiye polahku genah aku kapitunan. Mula nalika dheweke aba marang rewange cacah loro kanggo ngangkat meja menyang pick-up, aku mung pasrah. Wekasan dheweke minggat tanpa pamit. Dhuwit 10 yuta ditinggal glethak ana meja. Subasitane kang wingi-wingi wis ora ana tabete, ilang babarpisan.

Sapungkure bocah kuwi aku mung bisa ngelus dhadha. Rasane bebasan keduwung nguntal wedhung. Umpama wektu bisa dibaleni, mesthi aku pilih mundur, nanging genah ora bisa.

Ah, aku nggresah. Kok iya ana wong kang kaduk ngregani bandhane dhewe kanthi leluwihan. Dhuwit 20 yuta dianggep murwat kanggo nebus meja langka kang antik. Rumangsamu dhuwit 20 yutamu akeh apa Leee…. Bagus-bagus kok kaya kethus.


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2021/09/20/bagus-bagus-kethus/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...