Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Regane Kabagyan

 Sepira ta regane kabagyan iku? Kanggone Omat genah larang banget. Dheweke yakin menawa urip bagya mulya mung bisa digayuh dening wong kang sugih dhuwit. Iku dudu keyakinan kothong, dheweke wis nyipati dhewe.

Ana salah sawiji kancane Omat kang sugih mbrewu. Duwe toko swalayan, peternakan wedhus, uga persewaan sound system. Rejekine mbanyu mili sasat tanpa pedhot. Lan uripe katon bagya mulya.

Saben dina Minggu kancane mau mesthi plesiran. Yen ora candi Prambanan, kebun raja, ya pesisir Parangtritis. Utawa kala-kala menyang pasar buah lan hutan pinus kang asri. Malah Omat nate weruh si kanca pasang status whatsapp lagi numpak jaran. Jarena si kanca mau, plesiran ki perlu kanggo mulihake pikiran kang ruwet. Istilah cah saiki healing.

Si Omat uga nyipati dhewe, bojone kancane mau ora nate katon mbesengut. Ulate tansah sumringah kaya wulan ndadari. Beda banget kalawan bojone Omat. Saben dina tansah peteng ulate mergo kesel diengkuk-engkuh gaweyan ngomah.

Kadhang Omat mikir, kudu dhuwe dhuwit sepira ya, kanggo urip bagya mulya? Lan supaya pikire lerem dheweke nyoba golek sisik melik. Ing ngendi maneh yen ora marang kancane mau.

“Ora Mas, aku dak takon. Ning aja dadi atimu. Pitakonku prekara kang pribadi,” Omat mbukani rembug kanthi ngati-ati.

“Arep takon apa, Dhik. Aku ora kabotan njawab menawa bisa,” saure kancane mau.

“Penghasilanmu saben sasi pira, Mas?” pitakone Omat.

Mesthi wae kancane kaget. Ora ngira bakal tampa pitakon aneh kaya ngono. Nanging gandheng wis kalah janji, kepeksa mangsuli.

“Dhik, perkara penghasilan sakjane wadi lan ora ilok yen dikandhakake liyan. Cukup kowe dhewe ya sing ngerti, sewulan antara limalas tekan rongpuluh yuta, Dhik.”

Dhuh, sambate Omat ing batin. Akehe semono. Kok adoh banget karo asilku kang mung limangatus seminggu. Nanging akale si Omat kang encer langsung bisa gawe bundhelan: yen asile sesasi limalas yuta ateges sedina limang atus. Yen ngono, regane wong urip bagya kuwi yo kira-kira limang atus ewu sedina. Yoh, nadyan aku wong ceplik tanpa bandha, paling ora aku kudu bisa urip bagya mulya ora ketang sedina sajrone sewulan.

Kanthi tekad kang makantar-kantar, Omat srempeng nyambut gawe. Awan bengi direwangi nglembur supaya akhir wulan duwe celengan limang atus ewu. Niate, besok bojone bakal dijak plesir menyang Malioboro. Mlaku-mlaku ngumbah mata sambi nikmati ayam panggang khas pojok beteng Vrendenberg. Mesthi bojone bakal ilang suntrute lan terus semringah. Petunge wis mateng: telung puluh ewu kanggo tuku bensin. Rong atus ewu kanggo jajan ayam goreng. Seket ewu kanggo tuku jajanan anake. Rong puluh ewu kanggo mbayar tukang parkir lan pengamen. Satus ewu kanggo nukokake klambi bathik bojone ing kaki lima Malioboro. Dadi gunggung patang atus ewu wis bisa healing. Malah kepara dhuwite turah satus ewu. Yen turah tenan arep dakanggo tuku blangkon, ngono pikire Omat.

Tenan, ngancik akhir wulan dhuwit limang atus ewu wis digegem tangan. Mulih kerja ing dina Sabtu Omat blaka marang bojone.

“Bune, sesuk rak ulang tahun awake dhewe bebojoan ta? Kang kaping pitu. Pisan iki aku arep gawe pengetan kang istimewa,” kandane Omat bisik-bisik.

“Lah gayamu, Pakne. Ngrayakke ulang tahun perkawinan barang, kaya wong duwe dhuwit,” saure bojone karo mencep semu maido.

“Lha apa salahe ta, awake dhewe pisan-pisan urip seneng kaya Mas Broto sing duwe toko swalayan kae. Bab ragad aja dipikir. Aku wis sedhiya. Sesuk sore bubar ashar awake dhewe mangkat,” kandhane Omat mantep.

“Menyang endi?” pitakone bojone.

“Menyang Malioboro. Ing kana bisa plesiran lan jajan sambi nyawang kahanan kutha Yogya.

Bojone manthuk, nanging sajak semu owel. Kelingan menawa isih duwe utang beras ing tokone Juragan Suprat. Omat tanggap, banjur kandha:

“Aja mikir liyane Bune. Dina sesuk khusus kanggo seneng-seneng. Ora perlu khawatir yen dhuwit entek. Wong ini pancen wis tak sediyani khusus kanggo dolan-dolan. Asile anggonku nglembur pirang-pirang dina wingi.”

Dina Minggu, bubar Ashar. Omat saanak bojone mangkat menyang Yogya. Kanthi sepedha motor Honda Supra weton lawas Omat mecaki dalan aspal kang mulus. Mesthi wae bonceng telu. Anake wadon kang lagi kelas 1 SD dibonceng tengah.

Manungsa bisa ngrancang, nanging Gusti kang nemtokake. Lagi tekan Prambanan, dalane macet. Omat saanak bojone ungkak-ungkek ora bisa polah. Hawane isih panas, srengenge isih nyorot banter. Awak krasa sumuk. Njalari anake Omat bekah-bekuh nyebut panas.

Sawise rada sauntara dalane bali lancar. Omat bisa nerusake laku. Atine wis ayem sebab sedhela maneh wis mlebu kutha Yogya. Nanging durung sepira adoh dheweke mlaku, kedadak ana suara kang gawe kaget.

“Priiiiiiittt………..”

Ing ngarep ana polisi loro malang kadhak ing tengah dalan, ngendheg lakune Omat.

“Helmnya tidak lengkap, Mas,” ujare Pak Polisi karo nudhing anake Omat kang ora nganggo helm.

Akhire Omat kedhendha satus ewu. Isih kudu tuku helm kang regane seket ewu supaya bisa nerusake laku. Omat wiwit goreh, apa sangune mengko cukup?

Tekan Yogya Omat banju markir sepedha motore ing Jalan Abu Bakar Ali. Sakulawarga terus mecaki dalam Malioboro kanthi mlaku darat. Nanging dalan Malioboro jebul rame banget. Kebak dening para mudha kang ngenggar-enggar ati. Semono Omat. Bengi iki rumangsa mulya sebab weruh anak bojone gumuyu. Kekarone katon seneng mecaki trotoar Malioboro.

Sawise jajan ayam goreng kaya rancangane sakawit, Omat ngajak anak bojone lelungguhan ing kursi trotoar kang ginawe saka wesi kir-ukiran. Ing satengahe lelungguhan Omat mikir, mengko dhuwite wis entek. Sesuk ora duwe dhuwit maneh. Mesthine uripe bali kaya wingi uni. Dina-dina dheweke bali mbanting raga kanggo golek pangupajiwa. Bojone bali mbesengut lan sambat-sambat kesel maneh. Mula sepisan iki Omat nedya ngabadekake prastawa ing wengi iki. Tangane mlebu sak, ngetokake HP.

Cekrek!….cekrek!….. anak lan bojone kang katon mesem sumringah wis mlebu menyang layar HP. Omat banjur ngajak kalorone bali. Ing satengah lumaku Omat tansah mikir, apa iki kang diarani kabagyan? Dalanan kang macet, hawa kang sumuk. Malioboro kang suk-sukan lan banget ora nyaman, adoh karo gegambarane. Lan ayam goreng kang regane njiret gulu, njalari was-was mengko dhuwite cukup pora. Lan saiki, hawa adhem njekut ing dalan Jogja-Solo. Iku kabeh nambahi apa marang uripku? Babarpisan ora ana.

Tekan ngomah anak bojone langsung turu nglepus merga kekeselen. Nanging Omat ora bisa turu. Senadyan awake uga kesel. Pikirane terus nglambrang lumaku mencari dalan-dalan kang mau diliwati. Nadyan dina iki wis ditumbali nganggo dhuwit limang atus ewu, nanging kabagyan kang jinangka ora teka. Uripe ing dina iki mung kaya dina-dina sadurunge.

Omat nggresah, rumangsa orang bisa ngudhari ruwete pikir. Dheweke banjur njupuk HP kang gumlethak ing sandhinge. Foto anak bojone kang mesem sumringah ing trotoar Malioboro diunggah dadi status Whatsapp. Omat mesem. Ya iki kang diarani kabagyan, nadyan sakedheping mata. Lan wong-wong perlu nyekseni kabagyanku. Omat banjur mapan turu kanthi pikiran: kabagyan pancen yo mung ngono kui. Sing penting bisa dakpamerke lan gawe cingake wong akeh. Iku cukup!


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2023/12/25/cerkak-regane-kabagyan/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...