Translate

Sabtu, 27 Juli 2024

Jajag-Jajag

 Sakesuk ana manuk prenjak ngganther, ngoceh ing dhuwur wuwung. Jare para priyayi kuno, bakal ana tamu rawuh. Lha kok tenan, jam 10 esuk aku bener-bener ketamon. Dhik Tono. Nanging sejatine nek disebut tamu uga kurang pas. Dhik Tono biyen pegawe ing bengkel mebelku. Kalebu pegawe kinasih, mula wis kaya kulawarga dhewe. Udakara limang tahun kepungkur dheweke pamit metu. Jare arep bebadra gawe bengkel dhewe ing desane. Aku banget nyengkuyung. Apa maneh Dhik Tono pamit kanthi prasaja, ora slithutan ngerti-ngerti lunga.

“Mas, aku seneng banget nyambut gawe karo sampeyan. Nanging aku duwe gegayuhan kang luwih gedhe. Yaiku, ing tembe bisa adeg bengkel mebel dhewe. Mula aja dadi pengalihan yen wiwit dina sesuk aku pamit metu saka bengkel kene,” ngono Dhik Tono matur biyen ing sawijining wengi.

Aku ambegan landhung. Sakjane eman yen Dhik Tono metu saka pagaweyan. Tenagane Dhik Tono isih dakbutuhake. Nanging yen ngelingi Dhik Tono wis kaya sedulur dhewe aku ora kabotan menawa dheweke duwe cita-cita kang dhuwur katimbang mung dadi pegaweku. Muga-muga besok dadi sarana sempulure rejekine Dhik Tono. Umpama mangkono, aku melu bungah.

“Iya Dhik aku ora kabotan. Banjur rencanamu kepiye sawise metu saka pagaweyanmu ing kene?” pitakonku sareh.

“Aku arep mandhiri nukang kayu ana ngomah mas. Njupuk gaweyan saka Haji Juned, juragan mebel antik cerak omahku. Mbesuk menawa sawayah-wayah gagal, yen aku bali mrene maneh isih ditampa ta Mas?” pitakone Dhik Tono biyen.

“Wah, aja mikir gagal dhisik Dhik. Coba dilakoni dhisik. Sing tangguh, sing ulet, aja gampang putus asa banjur nglokro. Yen ana masalah diatasi kanthi pikiran kang bening, aja grusa-grusu. Dadi juragan mono abot sanggane, sebab kudu tanggung jawab karo gaweyane. Ora bisa sakarepe dhewe. Lan sing paling penting, kudu njaga kaprecayane pelanggan.”

Isih akeh maneh pituturku marang Dhik Tono ing wengi iku. Dhik Tono sajak nyemak kanthi tekun. Sawise sawetara jejagongan batihku ngladekake wedang lan nyamikan.

“Kono Dhik disambi. Aku tak menyang mburi sedhela. Wetengku rada mules. Jagongan dhisik karo mbakyumu,” pamitku banjur mundur.

Sejatine wetengku ora mules. Nanging aku sengaja menyang mburi. Aku kelingan isih duwe celengan dhuwit rong yuta rupiah. Uga bubar mipik alat tukang saperangkat arupa pasah mesih, bur mesih lan gerinda mesin. Sire arep kanggo njangkepi alat-alat tukang ing bengkel. Alat tukang cacah telu sing isih anyar mau banjur dakwadhahi kerdhus. Dhuwit rong yuta uga banjur daklebokake amplop. Kabeh mau bakal dakpasrahake Dhik Tono minangka ijazah. Aku banjur metu menyang ngarep maneh karo nggawa barang-barang mau.

“Dhik Tono. Aku sakulawarga banget matur nuwun dene kowe wis sepuluh tahun nyambut gawe ngrewangi aku golek sandhang pangan. Menawa saiki kowe duwe tekad mandhiri aku banget nyengkuyung. Mula alat tukang sawetara lan dhuwit kang mung sethithik iki tampanen. Iki dadi ijazah anggonmu wis kentas sinau nukang nganti baut. Ndhisik tembungmu nalika melu aku sepisanan rak kepengin ajar nukang ta? Nah, saiki kowe wis pinter lan bisa mandhiri. Kowe wis antuk ijazah Dhik.”

Amplop lan kerdhus isi alat tukang dakpasrahake Dhik Tono. Daksawang mripate kaca-kaca merga trenyuh. Pancen Dhik Tono wis suwe nyambut gawe bareng aku sakulawarga, malah wis kaya kulawargaku dhewe. Lan sesuk aku lan dheweke bakal pisah. Wajar yen Dhik Tono katon ngonggo-onggo. Wong rasaku dhewe iya sumedhot.

Esuke Dhik Tono wis ora mlebu kerja. Ana rasa beda ing atiku. Nanging kuwi kanyatan kang kudu dakadhepi. Aku banjur golek kanca liya kanggo nggenteni Dhik Tono. Lan ora suwe uga banjur nemu kanca kang cocok. Nganti saiki. Suwe-suwe karana karepotan aku lali marang Dhik Tono. Apamaneh Dhik Tono uga ora tau ngaton utawa dolan menyang omahku. Mula nalika Dhik Tono teka esuk iki, aku kaget.

Aku nyoba mbukani rembug, “Wah, kok terus ora tau dolan mrene Dhik. Sajake usahane wis maju tenan. Nganti lali dolan.”

Dhik Tono mung mesem klincutan rada kikuk. Aku sakloron banjur jejagongan gayeng kaya biyen nalika isih nyambutgawe bareng. Sawise sawetara wektu Dhik Tono nggeser kursi nyerak marang papanku lungguh. Sajak ana bab wigati kang bakal dilahirake.

“Ngene Mas. Sowanku iki mau saliyane silaturahmi uga ana perlu sethithik. Aku arep nyilih dhuwit sampeyan. Ora akeh. Mung limang yuta wae. Sesuk sore dakbalekake Mas. Iki mau ana butuh ndadak lan aku wis nyoba nyilih kanca-kanca, nanging padha ora sedhiya. Wektu iki mung sampeyan kang bisa daktoleh.”

“Oh, ngono Dhik. Iya gampang yen kuwi. Aku sediya Dhik. Ora dadi masalah.”

“Ning bener ora ngrepoti ta Mas?” pitakone Dhik Tono ragu.

“Ora Dhik. Babarpisan ora,” saurku mantep.

Aku banjur mlebu kamar njupuk dhuwit limang yuta. Dhuwit kang ora akeh kanggoku. Lan uga ora dadi repot kanggo mbantu Dhik Tono. Esuk mau Dhik Tono ninggalake omahku kanthi polatan bingar sajak lega.

Dina candhake sore-sore Dhik Tono wis tekan ngomahku maneh. Lagi wae aku mulih saka sholat Ashar saka masjid, Dhik Tono wis ngenteni ana teras.

“Wis suwe Dhik?” pitakonku mbagekake.

“Durung Mas. Lagi limang menit.”

Sawise satata lungguh Dhik Tono ngetokake buntelan saka tas kang dicangklong. Amplop tipis diwenehake aku.

“Iki dhuwit sampeyan wis dakbalekake Mas. Aku banget matur nuwun.”

“Iya Dhik, daktampa. Aja sungkan yen sawayah-wayah butuh maneh. Mrene wae. Karo dolan-dolan ngono lho Dhik.”

“Iya Mas.”

Dhik Tono banjur pamitan. Dak untapake Dhik Tono tekan latar. Daksawang lungane Dhik Tono nganti tekan penggokan. Sajake uripe Dhik Tono wis wiwit mapan. Saiki katon bagus lan kopen. Uga sepedha motore weton anyar. Sepedha motor matik cakrak moge kang gagah. Cocok kanggo bocah enom kaya Dhik Tono. Aku banjur menyang bengkel nutugake gaweyanku. Sore iki aku kudu ngirim mebel menyang Klaten. Ana pesenan lemari loro kang wis siap kirim.

Ganti dina aku mbaleni pakaryan nukang ing bengkel. Bab tekane Dhik Tono uga wis ora dadi kawigatenku maneh. Apamaneh gaweyan ing bengkel srempengan ngoyak wektu. Dumadakan seminggu candhake Dhik Tono teka maneh ing ngomahku. Ing dina Minggu, jam 10. Kaperluane isih padha, nyilih dhuwit. Pisan iki ajine sepuluh yuta. Lan kaya sing dhisik, dheweke saguh mbalekake ing dina esuke. Lan tenan, let sedina Dhik Tono wis nunggu aku ing teras kaya minggu kepungkur nalika aku bali saka shalat Ashar ing masjid.

Sakawit aku ora duwe panggraita apa-apa marang tekane Dhik Tono. Wong usaha lumrah yen kala-kala kentekan pawitan. Apa maneh yen bocah enom kaya Dhik Tono mesthi isih dawa panjangkane. Bisa uga kanggo ngoyak gaweyan kang gedhe, satemah rada cupet pawitane. Nanging kang gawe gumunku saben nyilih dhuwit mung sedina Dhik Tono wis bisa mbalekake. Aku wiwit sujana, nanging ora kena su’udzon. Wong Dhik Tono uga disiplin mbalekake.

Nalika Dhik Tono nyilih dhuwit kanggo kang kaping telu aku uga ora bisa nulak, nadyan bojoku wiwit goreh.

“Pak, Dhik Tono saben nyilih dhuwit kok mung sedina terus dibalekake. Gek jane dhuwit kuwi kanggo apa ora ta? Mosok sedina wis bali dadi dhuwit maneh? Gek usaha apa sing bisa cepet ngono kuwi?” pitakone bojoku nglahirake kasujanane.

“Aku ya ora ngerti ta Bune. Wong dheweke nyilih, awake dhewe bisa nyilihi. Ora ana alane ta yen disilihi? Wong Dhik Tono ya disiplin nyaur. Ora tau sulaya. Wis Bune, aja kakehan ngurusi urusane wong liya. Mundhak ora becik,” saurku rada srengen marang bojoku kang seneng kepo.

Nanging yen dakgagas aku dhewe ya bingung. Mung sedina Dhik Tono nyilih dhuwit. Kamangka Dhik Tono nyambutgawene nukang kayu kaya aku. Mesthine paling cepet dhuwit kuwi muter rong minggu tekan sesasi, lagi bali dadi dhuwit maneh. Lha iki kok mung sedina? Gek kanggo apa?

Rasaku wiwit ora kepenak. Sebab saben nyilih dhuwit ajine mesthi ngungkuli katimbang sing wingi-wingi. Pisanan nyilih dhuwit limang yuta, banjur sepuluh yuta, lan kang kaping telu rong puluh yuta. Kabeh mau wektune mung sedina. Minggu esuk anggone nyilih, Senin sore wis bali.

Wis telung minggu iki Dhik Tono ajeg menyang omahku. Mesthi saben minggu esuk. Uga ing minggu iki, esuk-esuk Dhik Tono wis apel pagi.

“Pisan maneh aku nyilih dhuwit Mas. Pisan iki rada akeh. Seket yuta Mas. Aku janji sesuk sore dhuwite sampeyan wis bali, kaya minggu-minggu wingi.”

Aku njegrek tanpa bisa kumecap. Pisan iki rada abot anggonku mangsuli. Dudu karana owel nyilihi, nanging dhuwit samono aku ora duwe. Aku rada kewuhan golek alesan. Samar yen Dhik Tono ora ngandel. Sawise rada tintrim sawetara aku mangsuli alon.

“Dhik, ora kok aku kabotan nyilihi dhuwit marang kowe maneh. Nanging yen samono cacahe aku ora bisa nyilihi Dhik. Dhuwitku ora cukup. Yen rong pulu yuta kaya minggu wingi, aku isih bisa Dhik.”

Daksawang praupane Dhik Tono. Wis dakati-ati anggonku mangsuli, dakjaga supaya Dhik Tono ora kacuwan. Nanging polatane Dhik Tono datar wae. Babarpisan ora gela utawa cuwa dene anggone arep nyilih dhuwit ora katekan.

“Oh, yo ora dadi ngapa Mas. Daknyilih kanca liyane Mas.”

 “Iya Dhik. Sing gedhe pangapurane Dhik. Pancen duweku mung samono. Nek gelem enggal gawanen Dhik.”

“Ora wae Mas. Yen ora ana ora papa Mas,” wangsulane Dhik Tono datar.

Seminggu candhake Dhik Tono wis ora katon. Daktunggu-tunggu mbokmenawa Dhik Tono mertamu maneh, nanging nganti jam sanga bengi ora njedhul. Ah, mbokmenawa Dhik Tono wis antuk papan silihan liyane kang luwih akeh dhuwite. Ngono pikirku.

Nanging, esuke aku kaget nalika ujug-ujug Dhik Tono mertamu maneh. Pisan iki ora nyilih dhuwit. Tekane sajak gemagah, beneh karo adat sabene. Kanthi numpak mobil Toyota Jimny kang rodhane gedhe-gedhe Dhik Tono nglakson sora.

“Thin…Thin!!!”

Aku jomblak kaget. Nganti gelas kang dakcekel tiba ing jogan. Sakala pecah ambyar.

“Wadhuh Dhik, kaget aku. Lhoh mobile anyar Dhik? Wah, bubar mipik ya?” pitakonku gumun.

“Iya Mas. Murah kok Mas. Mung 70 yuta. Dak bayar kenceng wingi Mas.”

Sepisan maneh aku kaget. Ora marga Dhik Tono nglakson maneh. Nanging aku dadi mikir. Wingi-wingi duwe dhuwit 70 yuta ngapa ndadak nyilih dhuwit aku barang. Malah gayane anggone nyilih sajak ngrerepa kaya wong ora duwe dhuwit.

Oh, aku lagi sadhar, jebule anggone nyilih dhuwit mung kanggo jajag-jajag, pengin weruh sepira tabunganku. Saiki bareng ngerti yen dhuwit seket yuta wae aku ora duwe, dheweke tekan gemagah karo pamer. Iki lho aku wis luwih sugih katimbang kowe, tilas juraganku biyen. Pitung puluh yuta entheng dakbayar kenceng. Oh, ngono ta Dhik Tono. Wah, kok elok tenan tekonmu Dhik?


https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2022/11/09/cerkak-jajag-jajag/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...